1 Panjenengané ngandika manèh marang wong-wong iku, "Aku pitutur marang kowé, satemené wong kang ana ing kéné iki ana kang bakal ora mati, sadurungé padha ndeleng Kratoning Allah rawuh kalawan pangwasa."
2 Nem dina sawisé iku, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus lan Yohanes, supaya padha ndhèrèkaké Panjenengané minggah ing gunung kang dhuwur, miyambak. Yésus tumuli santun rupi ana ing ngarepé sakabat telu mau.
3 Pangagemané dadi putih gilap; gawé putih kang kaya mangkono iku, tukang cuci ing donya iki ora ana kang bisa.
4 Para sakabat telu padha weruh Élia karo Musa, lagi padha wawan-pangandika karo Yésus.
5 Pétrus nuli matur marang Yésus, "Rabbi, saiba prayoginipun kita sami wonten ing ngriki. Keparenga kawula sami damel tarub tiga; kagem Gusti, kagem Musa, sarta kagem Élia."
6 Anggoné matur mangkono iku, amarga Pétrus ora ngerti kudu matur apa, sabab para sakabat iku padha dadi wedi banget.
7 Banjur ana méga nglimputi kang padha ana ing papan kono, lan ana swara saka sajroning méga iku, "Iki Putraningsun kekasih; padha èstokna dhawuhé."
8 Dumadakan, nalika sakabat telu iku ndeleng sakubengé, padha ora weruh wong liyané kang bareng karo para sakabat mau, kajaba mung Yésus piyambak.
9 Anadéné nalika padha mudhun saka ing gunung, Panjenengané paring piweling marang sakabat telu iku, supaya ora nyritakaké marang sapa baé apa kang wus padha dialami mau, sadurungé Putrané Manungsa wungu saka ing antarané wong mati.
10 Para sakabat telu iku padha ngugemi pangandikané kalawan padha rerasan, apa tegesé, "wungu saka ing antarané wong mati".
11 Banjur padha munjuk pitakon marang Panjenengané, "Kénging punapa para ahli Torèt sami cariyos bilih Élia kedah rawuh rumiyin?"
12 Panjenengané banjur ngandika, "Mula pancèn mangkono, Élia rawuh dhisik prelu mulihaké samubarang. Nanging kepriyé déné kok katulis mungguh Putrané Manungsa yèn Panjenengané iku kudu nandhang sangsara akèh sarta disawiyah?
13 Nanging Aku pitutur marang kowé: Élia uga wis rawuh, lan wong-wong iya tumindak sawenang-wenang marang Élia kaya kang wis katulis tumrap panjenengané iku."
14 Nalika Yésus, Pétrus, Yakobus lan Yohanes rawuh ing panggonané sakabat-sakabat liyané, Panjenengané lan sakabaté telu mau pirsa wong golongan akèh padha ngrubung para sakabat lan ahli-ahli Torèt kang lagi padha bebantahan.
15 Bareng wong golongan weruh Panjenengané, padha gumun banget, banjur énggal-énggal padha methukaké Panjenengané.
16 Yésus banjur ndangu marang para sakabat, "Kowé iku padha bebantahan prekara apa karo wong-wong iku?"
17 Ana wong siji saka antarané wong golongan iku, matur, "Guru, punika kawula nyowanaken anak kawula, jalaran laré punika kapanjingan roh ingkang damel bisu.
18 Saben-saben roh punika nyerang laré punika, lajeng mbanting ing siti; cangkemipun lajeng muruh, untunipun kerot-kerot, badanipun dados kaken. Kawula sampun matur dhateng para sakabat Panjenengan, supados nundhung roh punika, nanging sami mboten saged."
19 Yésus banjur ngandika, "Hé, golongan kang ora pracaya, nganti kapan anggonku bakal padha tetunggalan karo kowé? Nganti kapan anggonku kudu nyabari kowé? Bocahé gawanen mréné!"
20 Wong-wong banjur nggawa bocahé diaturaké Panjenengané. Bareng roh iku weruh Yésus, sanalika iku uga banjur ngobat-abitaké bocahé nganti tiba ing lemah, nggulung-nggulung kalawan muruh cangkemé.
21 Panjenengané banjur ndangu marang bapaké bocah mau, "Wis pira lawasé anggoné kataman mangkéné iki?" Atur wangsulané, "Sampun wiwit alit mila.
22 Sarta roh punika asring nguncalaken laré wau dhateng latu utawi dhateng toya, kanthi sedya badhé nyirnakaken. Éwadéné manawi Panjenengan saged nindakaken punapa-punapa, mugi Panjenengan karsa mitulungi kawula lan paring piwelas dhateng kawula."
23 Yésus banjur ngandika marang bapaké bocah iku, "Kandhamu: Manawi Panjenengan saged? Tumrap wong kang pracaya samubarang bisa kelakon!"
24 Sanalika bapakné bocah iku banjur matur kalawan sora, "Kawula pitados. Mugi karsa paring pitulungan dhateng kawula ingkang kirang pitados punika!"
25 Bareng Yésus pirsa yèn wong golongan padha gumrudug, Panjenengané banjur ndukani roh jahat iku, pangandikané, "Hé, roh kang nggawé bisu lan budheg, Aku dhawuh marang kowé: Metua saka bocah iki lan aja manjingi manèh!"
26 Roh iku banjur metu kalawan jerit-jerit sarta ngobat-abitaké bocahé, déné bocahé dadi kaya mati, nganti wong akèh padha ngarani, "Bocahé wus mati."
27 Nanging Yésus banjur ngasta tangané bocah mau lan ngadegaké, bocahé banjur ngadeg.
28 Bareng Yésus wis lumebet ing sawijining omah, para sakabaté padha munjuk pitakon marang Panjenengané nalika ora ana wong liya, "Sabab punapa kawula mboten saged ngésahaken roh punika?"
29 Panjenengané banjur ngandika, "Jinis iki ora bisa katundhung kajaba mung sarana pandonga."
30 Yésus lan para sakabaté banjur padha bidhal saka kono, nglangkungi Galiléa; déné Panjenengané ngarsakaké supaya ora ana wong kang ngerti;
31 awit Panjenengané lagi mulang marang para sakabaté. Panjenengané banjur ngandika, "Putrané Manungsa bakal kapasrahaké marang tangané manungsa lan iku bakal nyédani Panjenengané, sarta telung dina sawisé disédani Panjenengané bakal wungu manèh."
32 Para sakabat padha ora ngerti marang pangandika mau, nanging padha ora wani nyuwun pirsa marang Panjenengané.
33 Yésus lan para sakabaté banjur tekan Kapèrnaum. Bareng wus ana ing dalem, Panjenengané banjur ndangu para sakabat, "Apa kang padha kokrembug ana ing dalan mau?"
34 Nanging kabèh padha meneng baé, sabab nalika ana ing dalan mau padha bebantahan bab sapa kang pinunjul ing antarané para sakabat iku.
35 Yésus banjur lenggah lan nimbali sakabat rolas iku sarta ngandika, "Menawa wong kepéngin dadi kang dhisik dhéwé, iku dadia kang kèri dhéwé saka antarané wong kabèh lan dadia paladèné wong kabèh."
36 Panjenengané mundhut bocah, mapanaké ing satengahé para sakabat, sarta kalawan mbopong banjur mangku bocah mau lan ngandika marang para sakabat,
37 "Sing sapa nampa bocah iki demi jenengku, iku Aku kang ditampani. Sing sapa nampa Aku, iku dudu Aku kang ditampani, nanging Panjenengané kang ngutus Aku."
38 Yohanes matur marang Yésus, "Guru, kawula sami sumerep wonten tiyang ingkang sanès golongan kawula sadaya, nundhung sétan atas asmanipun Gusti; tiyang punika lajeng kawula penging, amargi sanès golongan kawula sadaya."
39 Nanging Yésus banjur ngandika, "Iku aja kokpenging, awit ora ana wong kang nindakaké mukjijat atas jenengku, sanalika iku uga banjur nyenyamah Aku.
40 Sapa baé kang ora nglawan kita, iku ana ing pihak kita.
41 Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa baé kang mènèhi ngombé marang kowé banyu sacangkir, marga kowé iku pandhèrèké Kristus, wong iku mesthi ora bakal kélangan ganjarané."
42 "Sapa baé kang njalari siji saka antarané bocah-bocah cilik kang pracaya marang Aku iki gawé dosa, wong iku luwih becik menawa guluné dikalungi watu panggilingan, banjur kacemplungaké ing sagara.
43 Menawa tanganmu njalari kowé nindakaké dosa, iku kethoken; luwih becik kowé lumebu ing urip kalawan kuthung, katimbang kalawan ganep tanganmu nanging dibuwang menyang naraka, ing geni kang ora kena disirep;
44 [ing papan kang singgaté ora mati, lan geniné ora kena kasirep.]
45 Menawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowé, kethoken, awit luwih becik kowé lumebu ing urip kalawan buntung, katimbang kalawan ganep sikilmu, nanging kacemplungaké ing naraka;
46 [ing papan kono singgaté ora mati, lan geniné ora kena kasirep.]
47 Menawa mripatmu njalari kowé gawé dosa, iku cuplaken; awit luwih becik kowé lumebu ing Kratoning Allah kalawan pécé, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungaké ing naraka,
48 ing papan kang singgaté ora mati sarta geniné ora kena kasirep.
49 Awitdéné saben wong bakal diuyahi sarana geni.
50 Uyah iku becik; nanging menawa uyah dadi tawar, nganggo apa anggonmu bakal mulihaké asiné? Kowé padha duwéa uyah ana ing batinmu sarta padha tansah rukuna siji lan sijiné."