1 Ing nalika iku, ana manèh wong golongan kang akèh cacahé lan marga padha ora duwé pangan, Panjenengané banjur nimbali para sakabat sarta ngandika,
2 "Atiku kok welas marang wong golongan iki, awit wus telung dina iki padha ngetutaké Aku terus, mangka padha ora duwé pangan.
3 Menawa dakkon padha bali menyang omahé kanthi weteng luwé, rak iya bakal padha ambruk ana ing dalan, sabab ing antarané wong golongan iki ana sawatara kang adoh asalé."
4 Para sakabaté padha munjuk marang Panjenengané, "Wonten ing pasamunan punika, saking pundi tiyang sagedipun angsal roti kanggé nuwuki tiyang-tiyang punika?"
5 Panjenengané banjur ndangu para sakabat, "Kowé padha duwé roti pira?" Para sakabat tumuli padha matur, "Wonten pitu."
6 Panjenengané nuli ndhawuhi wong golongan iku lungguh ana ing lemah. Sawisé mangkono, Panjenengané banjur mundhut roti pitu mau, lan sawisé saos sokur, nuli nyuwil-nyuwil roti iku sarta maringaké marang para sakabat supaya ngedum-dumaké, lan tumuli padha mbagé roti iku kanthi rata marang wong golongan.
7 Para sakabat uga duwé iwak loh cilik-cilik sawatara, lan sawusé saos sokur, Panjenengané banjur dhawuh supaya iku iya didum-dumaké.
8 Wong-wong tumuli padha mangan, nganti wareg. Para sakabat banjur padha ngukupi cuwilan-cuwilan sisané roti, dadi pitung wakul.
9 Anadéné wong golongan iku cacahé watara patang èwu. Banjur padha didhawuhi mulih.
10 Panjenengané nuli énggal minggah ing prau bareng karo para sakabaté lan tindak menyang wilayah Dalmanuta.
11 Para wong Farisi tumuli padha sowan, banjur wiwit bebantahan karo Yésus. Kanggo nguji, wong-wong mau nyuwun pratanda saka swarga marang Panjenengané.
12 Kalawan ngresula penggalihé, Panjenengané ngandika, "Généya wong-wong jaman iki padha nyuwun pratandha? Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, wong-wong iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha."
13 Panjenengané banjur nilar wong-wong iku lan minggah manèh ing prau tindak menyang sabrang.
14 Para sakabat lali ora nggawa roti, kejaba mung duwé roti siji kang ana ing prau.
15 Yésus banjur ngèngetaké marang para sakabaté, pangandikané, "Padha diawas, lan dingati-ati marang raginé wong Farisi lan raginé Hérodès."
16 Para sakabat banjur rerasan anggoné padha ora duwé roti.
17 Bareng Yésus pirsa, banjur ngandika, "Yagéné kowé padha rerasan bab anggonmu ora duwé roti? Apa kowé padha durung paham lan uga durung ngerti? Apa atimu wus dadi kethul?
18 Kowé iku duwé mripat apa padha ora ndeleng, lan kowé iku duwé kuping apa padha ora ngrungu? Apa kowé padha ora kèlingan,
19 nalika Aku nyuwil-nyuwil roti lima kanggo wong limang èwu; kowé padha ngukupi cuwil-cuwilan roti dadi pirang wakul kebak?" Para sakabat padha matur marang Panjenengané, "Kalih welas wakul."
20 "Lan nalika roti pitu kanggo wong patang èwu, kowé padha ngukupi cuwil-cuwilan roti pirang wakul kebak?" Para sakabat banjur matur marang Panjenengané, "Pitung wakul."
21 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, "Apa kowé isih padha durung ngerti?"
22 Yésus lan para sakabaté banjur rawuh ing Bètsaida. Wong-wong tumuli nggawa wong wuta sowan ing ngarsané Yésus, sarta padha nyuwun supaya Panjenengané karsa ndemèk wong wuta mau.
23 Panjenengané tumuli ngasta tangané kang wuta mau lan nuntun wong iku menyang sajabané désa. Bareng wus ngecohi mripaté apadéné numpangi asta wong iku, Panjenengané banjur ndangu, "Apa kowé weruh apa-apa?"
24 Bareng wong wuta mau wiwit bisa weruh banjur munjuk, "Kawula ningali tiyang-tiyang kadosdéné wit-witan nanging ketingalipun sami mlampah."
25 Yésus banjur numpangaké astané manèh ing mripaté wong iku, lan wong mau bisa ndeleng temenan sarta wis waras, temahan bisa ndeleng apa baé kanthi cetha.
26 Panjenengané tumuli ndhawuhi wong mau mulih menyang omahé, karo dingandikani, "Aja mampir ing désa kono!"
27 Yésus dalah para sakabaté banjur tindak menyang désa-désa sakiwa-tengené Kaisaréa Filipi. Ana ing dalan, Panjenengané ndangu marang para sakabat, "Wong-wong padha ngarani Aku iki sapa?"
28 Para sakabat padha ngaturi wangsulan marang Panjenengané, aturé, "Wonten ingkang mastani Yohanes Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani Élia, sanèsipun malih mastani salah setunggalipun para nabi."
29 Panjenengané banjur ndangu marang para sakabat, "Nanging kowé padha ngarani Aku iki sapa?" Petrus nuli matur, "Panjenengan punika Mésias!"
30 Panjenengané banjur wanti-wanti anggoné meling para sakabat supaya aja martakaké marang sapa baé bab Panjenengané.
31 Yésus tumuli wiwit mulang marang para sakabaté, yèn Putraning Manungsa iku kudu nglampahi sangsara akèh, sarta ditampik déning para pinituwa lan para pangareping imam tuwin para ahli Torèt, apadéné disédani lan sawisé telung dina wungu manèh.
32 Bab iki dingandikakaké kanthi ngeblak. Nanging Pétrus banjur narik Panjenengané minggir sarta ngèngetaké kanthi temenan.
33 Nanging Panjenengané banjur minger lan kalawan mirsani para sakabaté, ndukani Pétrus kanthi keras, "Sumingkira, hé Iblis, sabab kowé ora mikir apa kang digalih déning Allah, nanging apa kang dipikir déning manungsa."
34 Yésus tumuli nimbali wong akèh karo para sakabaté sarta ngandika marang wong iku kabèh, "Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura awaké dhéwé, manggula salibé lan mèlua Aku.
35 Awit sing sapa arep nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging sing sapa kélangan nyawané marga saka Aku lan marga saka Injil, iku bakal nylametaké nyawané.
36 Apa gunané wong olèh jagat iki kabèh, nanging kélangan nyawané?
37 Awit apa ta kang kena diwènèhaké kanggo ngijoli nyawané?
38 Sabab sing sapa isin karana Aku lan marga saka tetembunganku ana ing ngarepé wong-wong kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, menawa bésuk Panjenengané rawuh ngagem kamulyané Ingkang Rama, bareng karo para malaékat suci."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Markus 8
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Markus 8
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Markus

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke