1 Nalika Yésus jengkar saka Padaleman Suci, ana sakabaté siji kang matur marang Panjenengané, "Guru, sumangga Panjenengan pirsani; saiba anggènipun ngébat-ébati séla-séla sarta éndahing bangunan-bangunan punika!"
2 Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Kowé weruh bangunan-bangunan kang ngébat-ébati iki? Bakal ora ana watu kang isih tumumpang ing watu liyané, kabèh bakal kajugrugaké."
3 Nalika Yésus lenggah ing pèrènging Gunung Zaitun ngadhepaké Padaleman Suci, Pétrus, Yakobus, Yohanes lan Andréas padha matur dhéwékan marang Panjenengané,
4 "Gusti mugi ngandika dhateng kawula sadaya, bénjing punapa punika wau badhé kelampahan, sarta punapa pratandhanipun samangsa sadaya punika dumugi ing pungkasanipun?"
5 Yésus banjur wiwit ngandika marang sakabat papat, "Kowé padha diwaspada supaya aja ana kang nasaraké kowé!
6 Bakal ana wong akèh kang padha teka nganggo jenengku, karo kandha: Iya aku iki Panjenengané, sarta bakal nasaraké wong pirang-pirang.
7 Menawa kowé padha krungu swaraning perang utawa kabar-kabar perang, aja geter atimu. Iku kabèh kudu kelakon, éwadéné iku durung tekan pungkasané.
8 Awit bangsa siji bakal nempuh marang bangsa liyané, lan kraton siji marang kraton liyané. Ing endi-endi bakal ana lindhu sarta paceklik. Kabèh iku dadi wiwitaning kasangsaran, ngarepaké jaman anyar.
9 Nanging kowé, padha dingati-ati marang awakmu dhéwé! Kowé bakal padha diladèkaké marang pradata agama; kowé bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal padha diadhepaké ing ngarsané para pangwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi tumrap wong-wong iku.
10 Nanging Injil kudu diwartakaké dhisik marang sakèhing bangsa.
11 Déné samangsa wong-wong iku padha nggiring kowé, nedya masrahaké kowé, kowé aja padha sumelang, bab apa kang kudu kokucapaké, nanging padha ngucapna apa baé kang nalika iku kaparingaké marang kowé, awit dudu kowé kang padha kandha, nanging Roh Suci kang ngandika.
12 Sadulur bakal masrahaké saduluré supaya dipatèni, samono uga bapa masrahaké anaké sarta anak-anak bakal padha nglawan lan matèni wong tuwané.
13 Kowé bakal padha disengiti déning wong kabèh marga saka jenengku. Nanging sing sapa tahan nganti tumeka ing wekasan, iku bakal kapitulungan."
14 "Samangsa kowé padha weruh ‘Pangrusak kang ambeg siya’ mapan ana panggonan kang ora samestiné -- sing sapa padha maca, iku mangerti - para kang manggon ana ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan.
15 Kang pinuju ana ing payon, aja mudhun njupuk barang saka omahé,
16 lan kang lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangané.
17 Nanging cilaka banget para ibu kang lagi ngandheg lan kang padha nusoni ing waktu iku.
18 Padha ndedongaa, supaya iku ora kelakon ing mangsa adhem.
19 Amarga ing dina-dina iku bakal ana panyiksa kaya kang durung tau kelakon, wiwit wiwitaning donya kang dititahaké déning Allah nganti sepréné, lan iya ora bakal kelakon manèh.
20 Lan saupama Pangéran ora nyepetaké wektuné, ora ana wong siji baé kang bakal kapitulungan; nanging marga saka para wong pilihan, kang wus kapilih déning Panjenengané, wektuné kacepetaké.
21 Ing nalika iku menawa ana wong kang kandha marang kowé: Delengen, Mésias ana ing kéné, utawa: Delengen, Panjenengané ana ing kana, kowé aja padha ngandel.
22 Sabab bakal ana Mésias-mésias palsu lan nabi-nabi palsu bakal padha muncul lan bakal padha gawé pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepé, bisaa kanggo nasaraké para wong pilihan.
23 Déné kowé padha diawas! Aku wus ngandhakaké iki kabèh marang kowé sadurungé."
24 "Nanging ing dina-dina iku, sawisé panyiksa mau, srengéngé bakal dadi peteng lan rembulan ilang padhangé
25 sarta lintang-lintang bakal padha rontog saka ing langit, apadéné para pangwasa kang ana ing langit bakal padha guncang.
26 Ing nalika iku wong-wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh sarana méga ngagem sakèhing pangwasa lan kamulyané.
27 Apadéné Panjenengané banjur bakal ngutus malaékat-malaékat sarta bakal nglumpukaké para wong pilihan kagungané saka kéblat papat, saka pungkasané bumi tekan pungkasané langit.
28 Padha sinaua saka kaanané bab wit anjir: Samangsa pangé wiwit lemes lan semi, kowé padha ngerti, yèn wus mèh mangsa panas.
29 Uga samangsa kowé padha weruh prakara-prakara iku kelakon, kowé padha ngertia, yèn wis mèh tekan waktuné, wus ana ing ngarep lawang.
30 Satemené Aku pitutur marang kowé yèn angkatan iki ora bakal sirna sadurungé iku mau kabèh kelakon.
31 Langit lan bumi bakal sirna, nanging tetembunganku ora bakal sirna.
32 Déné mungguh dinané utawa waktuné, iku ora ana wong siji baé kang sumurup, mangkono uga para malaékat ing swarga, dalah Sang Putra iya ora, kajaba Sang Rama."
33 "Kowé padha jaga-jagaa, tansah padha melèka! awit kowé padha ora sumurup kapan waktuné.
34 Iku upamané kaya wong kang lelungan, ninggal omahé lan dipasrahaké marang para abdiné, padha kabubuhan ayahané dhéwé-dhéwé; sarta mréntahaké marang kang jaga régol supaya melèk.
35 Mulané padha melèka, awit kowé padha ora sumurup, kapan kang duwé omah iku arep teka, apa ngarepaké wengi, apa tengah wengi, apa wayah jago kluruk, apa bangun ésuk,
36 supaya samangsa kang duwé omah iku dumadakan teka, ora mrangguli kowé lagi padha turu.
37 Anadéné kang dakkandhakaké marang kowé, iku dakkandhakaké marang wong kabèh: Padha melèka!"

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Markus 13
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Markus 13
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Markus

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke