1 Sawisé iku Yésus miyos saka Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabaté tumuli padha marek ngaturi Panjenengané mirsani tata pangrakiting bangunan Padaleman Suci.
2 Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Apa kowé padha ndeleng iku kabèh? Satemené Aku pitutur marang kowé, ing kéné bakal ora ana watu siji baé kang lestari tumumpang ing watu liyané, kabèh bakal dijugrugaké."
3 Nalika Panjenengané lenggah ing Gunung Zaitun, para sakabat padha sowan ing ngarsané piyambakan lan matur, "Gusti mugi ngandika dhateng kawula, bénjing punapa punika sedaya badhé kalampahan, saha punapa pratandhanipun rawuh Paduka saha pratandhanipun wekasaning jaman?"
4 Yésus paring wangsulan lan ngandika marang para sakabat, "Padha diawas, aja nganti ana wong kang nasaraké kowé!
5 Amarga akèh wong kang bakal teka nganggo jenengku lan ngucap: Aku iki Sang Kristus, sarta bakal nasaraké wong akèh.
6 Kowé bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kagèt, sabab iki kudu kelakon, éwadéné iku durung wekasané.
7 Sabab bangsa bakal nempuh nglawan bangsa, kraton nglawan kraton. Bakal ana pailan lan lindhu, ing pirang-pirang panggonan.
8 Nanging iku kabèh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepaké jaman anyar.
9 Ing nalika iku kowé bakal padha kaulungaké marang panganiaya lan kowé bakal dipatèni, sarta kowé bakal disengiti déning sakèhing bangsa marga saka jenengku.
10 Ing kono bakal akèh wong kang ninggal pangandelé sarta padha ulung-ingulungaké lan sengit-sinengitan.
11 Lan manèh bakal akèh nabi palsu kang muncul lan nasaraké wong pirang-pirang.
12 Apamanèh marga saka saya wuwuhé duraka, satemah katresnané wong akèh padha dadi ngabar.
13 Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal kaslametaké.
14 Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagat minangka paseksi marang sakèhing bangsa. Sawisé iku bakal tekané dina wekasan."
15 "Anadéné samangsa kowé padha weruh ‘ambeksiyaning juru pangrusak’ ngadeg ing panggonan suci, kang kapangandikakaké lantaran Danièl -- sing sapa maca siyagaa --
16 wong-wong ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan.
17 Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahé.
18 lan wong sing lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangané.
19 Cilaka wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku.
20 Padha ndedongaa, supaya anggonmu padha ngungsi ora kelakon ing mangsa bedhidhing utawa ing dina Sabat.
21 Amarga ing wektu iku bakal ana sangsara gedhé; kang durung tau kalakon wiwit wiwitaning jagat nganti sapréné lan uga ora bakal kalakon manèh.
22 Lan saupama dina-dinané sangsara iku ora dicepetaké, sarupaning wong ora tulus slamet; nanging marga wong-wong kang pinilih, dina-dina iku bakal dicepetaké.
23 Ing wektu iku, menawa ana wong kang kandha marang kowé: Delengen Mésias ana ing kéné, utawa Mésias ana ing kana, kowé aja padha ngandel.
24 Sabab Mésias-mésias palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha gawé pratandha-pratandha gedhé lan kaélokan-kaélokan kanggo nasaraké, saupama bisa iya tumrap para kang pinilih.
25 Lah Aku wus ngandhakaké iku marang kowé sadurungé kelakon.
26 Mulané yèn ana wong kandha marang kowé: Lah Panjenengané ana ing pasamunan, kowé aja banjur mrana; utawa: Panjenengané ana ing kamar singidan, kowé aja padha ngandel.
27 Sabab kayadéné kilat muncul saka ing wétan sumunar nganti tumeka ing kulon, iya mangkono iku bésuk bakal rawuhé Putraning Manungsa.
28 Ing ngendi ana bathang, ing kono manuk garudha bakal padha gegrombolan."
29 "Sawisé kasangsaran ing wektu iku, banjur sanalika srengéngé bakal dadi peteng lan rembulan bakal ora nyunaraké padhangé sarta lintang-lintang bakal padha runtuh saka ing langit, apadéné pikukuh-pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing.
30 Ing nalika iku bakal katon pratandhané Putraning Manungsa ana ing langit lan sakèhing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih méganing langit, ngagem pangwasa lan kamulyan gedhé.
31 Panjenengané tumuli bakal ngutus para malaékaté kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, lan iku bakal padha ngumpulaké wong-wong pilihané saka ing kéblat papat, saka tepining langit tekan ing tepi sisihé."
32 Padha sinaua saka wit anjir, kang mangkéné: Menawa pang-pangé memes lan wiwit semi, kowé padha ngerti, yèn wis mèh mangsa panas.
33 Samono uga, menawa kowé padha weruh lelakon iku mau kabèh, padha mangertia, yèn wus cedhak, wus ana ing ngarep lawang.
34 Satemené Aku pitutur marang kowé, golongan iki ora bakal sirna, nganti iku mau kabèh kelakon.
35 Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembung-tembungku ora bakal sirna pisan-pisan.
36 "Mung baé, mungguh dina lan waktuné iku, ora ana wong siji-sijia kang mangerti, dadia para malaékat ing swarga ora, mangkono uga Sang Putra, iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak.
37 Sabab kayadéné nalika jamané Nuh, iya mangkono uga bakalé rawuhé Putraning Manungsa.
38 Marga padha kaya dhèk jaman sadurungé banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombé, omah-omah lan ngomah-omahaké, nganti dina anggoné Nuh lumebet ing prau,
39 lan padha ora nglegéwa nganti tekané banjir kang nyirnakaké wong-wong mau kabèh, mangkono uga bésuk ing dina rawuhé Putraning Manungsa.
40 Ing wektu iku bakal ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katinggal.
41 Bakal ana wong wadon loro kang padha nggiling nganggo watu panggilingan, siji bakal kapulung sijiné katinggal.
42 Mulané padha rumantia, amarga kowé ora ngerti ing dina apa Gustimu bakal rawuh.
43 Nanging iki kawruhana: Saupama kang duwé omah ing wayah bengi ngerti wayahé tekané maling, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal olèh omahé dibabah.
44 Awit saka iku, kowé uga padha rumantia, amarga Putraning Manungsa iku rawuh ing wayah kang ora koknyana."
45 "Sapa abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah déning bendarané nglurahi para kalèrèhané, kapasrahan nyadhongi pangan marang para kalèrèhané ing wektu kang katemtokaké?
46 Rahayu abdi kang nalika bendarané rawuh ketemu nindakaké mangkono.
47 Satemené Aku pitutur marang kowé, bendara iku bakal netepaké abdi mau mengku sabarang kagungané kabèh.
48 Nanging menawa abdi iku ala lan nggagas ing sajroning atiné, mangkéné:
49 Bendaraku nyumenékaké rawuhé, banjur wiwit nggitiki kanca-kancané padha déné abdi lan mangan ngombé bebarengan karo wong-wong kang dhemen mendem,
50 bendarané abdi iku mau nuli rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi,
51 abdi mau bakal dipatèni sarta dipatrap padha karo para wong lamis. Ing kono bakal ana tangis lan keroting untu."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 24
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 24
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke