1 Ing nalika iku para sakabat padha marek ing ngarsané Yésus lan matur pitakon, "Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?"
2 Yésus banjur nimbali bocah cilik siji, diadegaké ana ing satengahé para sakabat,
3 lan ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Menawa kowé ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, kowé ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga.
4 Dadi sing sapa ngesoraké awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning Swarga.
5 Karodéné sing sapa nampani bocah pepadhané iki atas saka jenengku, iku Aku kang ditampani.
6 Nanging sing sapa dadi sandhungan tumrap salah sijiné bocah cilik saka ing antarané bocah-bocah cilik iki, kang pracaya marang Aku, iku luwih becik dikalungi watu panggilingan banjur dicemplungaké ing sagara baé.
7 Bilai jagat karana sakèhing sesandhungané. Sandhungan iku pancèn kudu ana, nanging bilai wong kang njalari tekané.
8 Menawa tanganmu utawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowé, kethoken lan buwangen, amarga luwih becik tumraping kowé, urip kanthi tangan kuthung utawa buntung, katimbang karo tanganmu lan sikilmu karo-karoné wutuh nanging kacemplungaké ing geni langgeng.
9 Sarta menawa mripatmu dadi sandhungan tumrap kowé, cuplaken lan buwangen saka ing awakmu, amarga luwih becik tumrap kowé lumebu ing urip kalawan pécé katimbang kacemplungaké ing geni naraka kalawan ganep mripatmu.
10 Poma, aja nganti ngrèmèhaké salah sijiné bocah saka ing antarané bocah-bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowé: Malaékaté ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryané Ramaku kang ana ing swarga.
11 [Déné rawuhé Putraning Manungsa iku prelu nylametaké kang ketriwal]."
12 "Panemumu kepriyé? Menawa ana wong duwé wedhus satus, banjur ana siji kang ketriwal, apa ora bakal ninggal sing sangang puluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggolèki wedhus kang ketriwal mau?
13 Satemené Aku pitutur marang kowé: Menawa bisa ketemu, kabungahané tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi katimbang wedhus sangang puluh sanga kang ora ketriwal.
14 Mangkono uga dudu karsané Ramamu kang ana ing swarga, yèn salah siji bocah saka ing antarané bocah-bocah cilik iki ilang."
15 "Menawa sadulurmu gawé dosa, paranana lan élingna dhedhèwèkan. Menawa nggugu marang kandhamu, iku tegesé kowé wus ngentas sadulurmu.
16 Déné yèn ora nggugu, kowé ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya marga saka katrangané seksi loro utawa telu, prakarané banjur rampung.
17 Éwadéné yèn ora gelem manut, aturna marang pasamuwan. Lan yèn meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kang ora wanuh marang Allah utawa juru-narik-pajeg.
18 Satemené Aku pitutur marang kowé: Samubarang kang koktalèni ana ing donya iku bakal katalènan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya iku bakal kauculan ana ing swarga.
19 Lan manèh Aku pitutur marang kowé: Menawa panunggalanmu ing donya ana wong loro kang saiyeg nyuwun apa baé, panyuwuné iku bakal dikabulaké déning Ramaku kang ana ing swarga.
20 Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk kalawan nganggep marang jenengku, ing kono Aku ana ing tengahé."
21 Sawisé iku Pétrus nuli marek lan munjuk marang Panjenengané, "Gusti, manawi sadhèrèk kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggèn kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?"
22 Yésus paring wangsulan, "Aku pitutur marang kowé: Aja mung ping pitu, malah ngantia kaping pitung puluh ping pitu.
23 Kang iku bab Kratoning Swarga kena kaupamakaké kaya raja kang karsa étang-étangan karo abdiné.
24 Bareng wiwit étang-étangan, ana wong siji kang duwé utang saleksa talènta kasowanaké.
25 Sarèhné wong iku ora bisa ngesahi utangé, rajané banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak-bojoné lan sakèhé barang-darbèké padha didoli kanggo nglunasi utangé.
26 Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ing ngarsané raja lan munjuk: Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dhateng kawula, sedaya sambutan kawula badhé kawula lunasi.
27 Rajané trenyuh ing galih marga saka welasé marang abdi iku, mulané abdiné banjur diluwari, utangé dililakaké.
28 Nanging saunduré abdi mau banjur kepethuk karo kanca abdi liyané kang utang marang abdi iku satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak guluné, calathuné: Utangmu sauren!
29 Kanca abdi mau banjur sumungkem kanthi ngucap: Kula aturi sabar rumiyin, sambutan kula badhé kula lunasi.
30 Nanging kang motangaké ora ngrèwès, malah kancané mau banjur kapasrahaké marang pakunjaran nganti salunasé utangé.
31 Bareng kanca-kancané padha déné abdi weruh apa kang kalakon, temah padha banget sedhihé, banjur padha marek marang gustiné, nglapuraké kabèh apa kang wis kelakon.
32 Gustiné nuli dhawuh nimbali wong mau sarta banjur dipangandikani: Hé, abdi kang ala, utangira kang semana akèhé wus sunlilakaké kabèh, marga sira matur memelas marang Ingsun.
33 Apa sira ora wajib melasi marang kancanira padha déné abdi, kayadéné Ingsun iya wus melasi marang sira?
34 Gustiné duka banget. Abdi mau banjur kapasrahaké marang juru panyiksa, nganti sapundhaté utangé kabèh.
35 Samono uga Ramaku kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumraping kowé, menawa kowé siji lan sijiné ora gelem ngapura marang kaluputané sadulurmu kanthi trusing ati."