1 Ing nalika samana, mbeneri dina Sabat, Yésus tindak nglangkungi paganduman. Para sakabaté padha luwé, mulané banjur padha nyethuti wewulèn sarta dipangan.
2 Para Farisi bareng weruh, padha munjuk marang Panjenengané, "Lah, sakabat Panjenengan sami nindakaken prakawis ingkang mboten pareng katindakaken ing dinten Sabat."
3 Nanging Panjenengané ngandika marang wong-wong mau, "Apa kowé ora maca bab tumindaké Daud dalah para pandhèrèké nalika padha kaluwèn?
4 Bab anggoné banjur padha lumebu ing Padalemaning Allah lan anggoné padha mangan roti sesaosan, kang pancèné ora kena kapangan déning Daud utawa déning pandhèrèké, kajaba déning para imam?
5 Mangkono uga apa kowé ora maca ing Torèt, yèn ing dina Sabat para imam padha nerak pranataning Sabat ana ing Padaleman Suci, lan ora padha kaluputan?
6 Aku pitutur marang kowé: Ing kéné ana kang ngluwihi Padaleman Suci.
7 Menawa kowé pancèn mangerti apa karsané pangandika iki: Kang sunkarsakaké iku kawelasan, dudu kurban, mesthi kowé ora ngukum wong kang ora kaluputan.
8 Amarga Putraning Manungsa iku iya Gustiné dina Sabat."
9 Sawusé tindak saka ing kono, Yésus banjur lumebet ing papan pangibadahé wong-wong mau.
10 Ing kono ana wong kang tangané mati sasisih. Wong-wong banjur padha matur marang Panjenengané, "Ing dinten Sabat punapa dipun parengaken nyarasaken tiyang?" Pamurihé supaya bisa nggugat Panjenengané.
11 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Menawa panunggalanmu duwé wedhus siji, mangka wedhusé iku kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabat, apa ora banjur dicekel lan dientasaké?
12 Iba ta kacèké ajiné manungsa katimbang karo wedhus? Mulané kalilan baé nindakaké kabecikan ing dina Sabat."
13 Panjenengané banjur dhawuh marang kang tangané mati sasisih mau, "Tanganmu athungna." Wong mau tumuli ngathungaké, temah dadi waras pulih kaya tangan sijiné.
14 Ananging para Farisi banjur padha metu sarta padha rerembugan bab anggoné bakal nyédani Panjenengané.
15 Bareng Yésus miyarsa bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akèh wong golongan kang padha ndhèrèkaké, lan Panjenengané nyarasaké wong-wong mau kabèh.
16 Nanging klawan kenceng padha ora diparengaké nyuwuraké Panjenengané,
17 supaya katetepan pangandika kang dilantaraké déning Nabi Yésaya,
18 "Lah iku Abdiningsun, pilihaningsun, kekasihingsun, kang ndadèkaké keparenging galihingsun, Ingsun bakal maringaké Rohingsun marang Panjenengané, sarta bakal ngundhangaké pangadilan marang sakèhing bangsa.
19 Panjenengané ora bakal nganakaké padudon lan ora bakal alok-alok. Siji baé ora ana wong krungu swarané ing lurung-lurung.
20 Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urubé melik-melik ora dipatèni nganti Panjenengané wus ndadèkaké menangé kabeneran.
21 Apadéné bangsa-bangsa bakal padha ngarep-arep marang Panjenengané."
22 Sawusé iku wong-wong mau banjur nggawa wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, menyang ngarsané, Panjenengané banjur marasaké wong iku, satemah kang picak lan bisu mau banjur bisa guneman lan ndeleng.
23 Wong-wong golongan kabèh padha kaéraman sarta padha calathu, "Wong iku sajaké tedhaké Daud."
24 Nanging bareng para Farisi krungu bab iku, banjur padha ngucap, mangkéné, "Wong iku anggoné nundhungi dhemit nganggo pangwasané Béèlzebul, panggedhéning para dhemit."
25 Sarèhné Yésus pirsa pikirané wong-wong iku, Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong mau, "Saben kraton, kang ora manunggal iku mesthi ambruk lan saben kutha utawa omah kang ora manunggal iku ora bisa lestari.
26 Menawa Iblis nundhung Iblis, iku dadi dredah karo awaké dhéwé; menawa mangkono kratoné bisané lestari kepriyé?
27 Dadiné yèn Aku nundhungi sétan nganggo jenengé Béèlzebul, lah nganggo jenengé sapa anak-anakmu olèhé nundhungi? Mulané anak-anakmu iku kang bakal padha ngadili kowé.
28 Nanging menawa anggonku nundhungi sétan iku kanthi pangwasané Rohing Allah, satemené Kratoning Allah wis ana ing kowé.
29 Utawa kepriyé bisané wong lumebu ing omahé wong kang rosa lan njarah rayah barang darbèké, yèn wong sing rosa iku ora dibanda dhisik? Menawa uwis, lagi bisa ngrampog omah mau.
30 Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora mèlu ngumpulaké karo Aku, iku mbuyaraké.
31 Mulané Aku pitutur marang kowé: Sakèhing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura.
32 Yèn ana wong nglawan Putraning Manungsa, iku bakal kaapura, nanging menawa nglawan Roh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jaman saiki, samono uga ing jaman bésuk.
33 Menawa uwité becik. wohé iya becik; menawa uwité ora becik, wohé iya ora becik. Amarga ketitiking wit iku marga saka wohé.
34 Hé, tetesaning ula bedhudhak, kepriyé anggonmu bisa ngucapaké barang-barang kang becik, lah wong kowé dhéwé ala? Sabab apa kang kaucapaké ing cangkem iku saka bludaging ati.
35 Wong becik iku metokaké barang-barang kang becik saka simpenané kang becik lan wong ala metokaké barang-barang kang ala saka simpenané kang ala.
36 Nanging Aku pitutur marang kowé: Saben tembung kang tanpa guna, kang diucapaké déning wong, iku bésuk ing dina pangadilan kudu kapratélakaké kanthi tanggung jawab.
37 Awit anggonmu bakal kabeneraké iku adhedhasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedhasar tembungmu."
38 Nalika samana ana ahli Torèt lan para Farisi sawatara, kang padha matur, "Guru, kula sami kapéngin sumerep pratandha saking Panjenengan."
39 Nanging paring wangsulané, "Golongan kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhané Nabi Yunus.
40 Awit padha kaya Yunus anggoné ana ing wetengé iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jeroné telenging bumi telung dina telung bengi.
41 Bésuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwé bakal tangi bareng karo golongan iki lan bakal ngadili golongan iki. Sabab wong-wong Niniwé iku sawusé ngrungokaké piwulangé Yunus, banjur padha mratobat, lah satemené kang ana ing kéné iki ngungkuli Yunus.
42 Bésuk ing wektu pangadilan, Raja saka Kidul bakal kawungokaké bareng karo golongan iki lan bakal ngadili golongan iki, awit rawuhé saka pungkasaning bumi, banjur mirengaké bab kawicaksanané Salomo, lah mangka ing kéné ana kang ngungkuli Salomo."
43 "Mungguh roh jahat iku menawa wus metu saka ing wong, banjur nglembara golèk panggonan menyang papan-papan kang cengkar lan suwung. Nanging ora olèh.
44 Tumuli ngucap mangkéné: Aku dakbali menyang omah sing daktinggal kaé. Banjur bali, omahé tinemu suwung, wus resik kasaponan lan katata becik.
45 Roh jahat mau banjur lunga ngajak roh pepitu liyané kang luwih ala katimbang roh iku, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alané ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadéané golongan kang ala iki."
46 Nalika Panjenengané lagi ngandika marang wong golongan iku, ingkang ibu lan sadhèrèk-sadhèrèké padha ana ing jaba, nedya ketemu karo Panjenengané.
47 Banjur ana kang munjuk marang Panjenengané, "Lah punika ingkang ibu tuwin sadhèrèk-sadhèrèk Panjenengan sami wonten jawi saha ngangkah sagedipun kapanggih kaliyan Panjenengan."
48 Nanging, Yésus paring wangsulan marang kang munjuk, pangandikané, "Sapa ta Ibuku? lan sapa ta sadulur-sadulurku?"
49 Panjenengané banjur mulungaké astané marang para sakabaté sarta ngandika, "Iki ibuku lan sadulur-sadulurku!
50 Sabab sing sapa nglakoni karsané Ramaku kang ana ing swarga, yaiku sadulurku lanang lan wadon sarta ibuku."