1 Sawisé Yésus mungkasi piwelingé marang sakabaté rolas, Panjenengané banjur tindhak saka ing kono, bakal memulang lan nggelaraké Injil ana ing kutha-kuthané.
2 Kacarita ana ing pakunjaran Yohanes midhanget pawarta bab pakaryané Kristus,
3 banjur ngutus sakabaté supaya munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula kedah sami ngentosi sanèsipun?"
4 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Wis, padha mundura, wartakna marang Yohanes apa kang kokrungu lan kokdeleng:
5 wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara kusta padha kabirat najisé, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangèkaké lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.
6 Rahayu wong kang ora rumangsa isin ngakoni Aku."
7 Saunduré para utusan mau, Yésus wiwit medhar pangandika marang wong golongan iku bab Yohanes, mangkéné, "Kowé padha menyang pasamunan arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah sing diobat-abitaké déning angin?
8 Utawa arep apa kowé mrana? Arep ndeleng wong kang nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong kang manganggo sarwa alus iku panggonané ana ing kraton.
9 Dadi arep apa kowé mrana? Arep ndeleng nabi? Iya, bener, lan Aku pitutur marang kowé, malah kang ngungkuli nabi.
10 Awit iya iku kang kapratélakaké ing Kitab, mangkéné: Lah, Ingsun ngutus malaékatingsun lumaku ndhisiki Sira, arep nyawisaké dalanira ana ing ngarepira.
11 Satemené Aku pitutur marang kowé: Ing antarané wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana tokoh kang luwih gedhé katimbang Yohanes Pambaptis, éwasamono wong kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Swarga, iku luwih gedhé katimbang Yohanes Pambaptis.
12 Sabab wiwit nalika Yohanes Pambaptis tumapak ing gawé nganti sapréné, Kratoning Swarga iku karuda-peksa lan para kang ngruda-peksa iku mbudidaya arep ngrebut pangwasa.
13 Sabab sakèhing nabi lan kitab Torèt iku padha meca nganti satekané Yohanes.
14 Sarta, -- menawa kowé padha gelem nganggep mangkono--, iya wong mau iku Élia kang bakal rawuh.
15 Sing sapa duwé kuping, ngrungokna.
16 Dakpadhakaké apa wong golongan iki? Upamané kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ing pasar, cluluk marang kancané mangkéné:
17 Aku wis padha nyuling kanggo kowé, nanging kowé ora padha njogèd. Aku wis padha ngidungaké kidung pangadhuh, nanging kowé ora padha tangisan.
18 Sarèhning Yohanes iku teka tanpa mangan tanpa ngombé, mulané wong-wong padha ngucap: Wong iku kepanjingan sétan.
19 Tekané Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombé, lan wong-wong padha ngucap: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombé anggur, kancané para juru-narik-pajeg lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangéran iku anggoné kabeneraké marga saka pandamelé."
20 Panjenengané banjur wiwit nenetah marang kutha-kutha awit padha ora mratobat, mangka ana ing kono Panjenengané nindakaké mukjijat kang akèh dhéwé,
21 "Bilai kowé Khorazin, bilai kowé Bètsaida, sabab menawa ing Tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyèn-biyèn anggoné padha mratobat lan sedhih banget.
22 Nanging Aku pitutur marang kowé: Bésuk ing dina pangadilan kang kasangga déning Tirus lan Sidon bakal luwih ènthèng katimbang kowé.
23 Apadéné kowé Kapèrnaum, apa kowé bakal kaluhuraké nganti sundhul ing langit? Ora, kowé bakal kacemplungaké ing teleng palimenganing pati. Sabab menawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan sapréné.
24 Nanging Aku pitutur marang kowé: Bésuk ing dina pangadilan kang kasangga déning tanah Sodom bakal luwih ènthèng katimbang karo kowé."
25 Ing wektu iku Yésus munjuk, "Dhuh, Rama, Pangéraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken agenging panuwun, déné bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng laré-laré.
26 Inggih, Rama, pancèn makaten karsa Paduka."
27 "Samubarang kabèh wus kapasrahaké marang Aku déning Ramaku, lan ora ana wong kang mangerti marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang mangerti marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatènan saka karsané Sang Putra.
28 Hé, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrénéa, Aku bakal gawé ayemmu.
29 Pasanganku padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lan lembah-manah, satemah kowé bakal padha olèh ayeming nyawamu.
30 Amarga pasanganku iku kapénak lan momotanku iku ènthèng."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 11
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 11
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke