1 Ing kono warga Pradata Agama kabèh banjur padha ngadeg, Yésus diladèkaké marang ngarsané Pilatus.
2 Nuli wiwit padha nggugat, aturé, "Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken pajeg dhateng Kaisar, saha ngaken, bilih piyambakipun punika Kristus, inggih punika Raja."
3 Pilatus banjur ndangu marang Yésus, "Punapa Panjenengan punika Rajanipun tiyang Yahudi?" Paring wangsulané Yésus, "Panjenengan piyambak sampun mastani."
4 Pilatus nuli ngandika marang para pangareping imam lan marang wong akèh iku, "Tumraping aku wong iki ora tinemu kaluputané."
5 Nanging wong-wong mau saya banget panggugaté, aturé, "Tiyang punika ngojok-ojoki rakyat supados mbaléla kanthi piwulangipun radin ing sa-Yudéa, kawiwitan saking Galiléa, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki."
6 Bareng midhanget atur mangkono iku Pilatus banjur ndangu, apa wong iku wong Galiléa.
7 Bareng pirsa yèn Yésus iku saka wilayah kang kalebet bawahé Hérodès, nuli kaladosaké marang ngarsané Hérodès, kang ing wektu iku pinuju ana ing Yérusalèm.
8 Bareng Hérodès pirsa Yésus, banget renané, amarga wus suwé anggoné kepéngin pirsa, awit wus kerep midhanget bab Panjenengané, apadéné ngajeng-ajeng bisané nguningani anggoné Yésus damel mukjijat.
9 Akèh kang kadangokaké marang Yésus, nanging Panjenengané ora paring wangsulan babar pisan.
10 Nalika samana para pangareping imam lan para ahli Torèt padha maju lan ngaturaké pandakwa-pandakwa kang abot.
11 Hérodès dalah para prajurité banjur padha nggeguyu lan moyoki Panjenengané, tumuli ngagemi jubah kamulyan sarta banjur mangsulaké marang ngarsané Pilatus.
12 Ing dina iku uga Hérodès karo Pilatus banjur padha memitran, awit mauné padha sesatron.
13 Pilatus banjur nimbali para pangareping imam lan para panggedhé sarta wong akèh, padha kadhawuhan nglumpuk,
14 nuli padha dipangandikani, mangkéné, "Kowé padha ngladèkaké wong iki marang aku kokdakwa nyasaraké rakyat. Kowé padha sumurup dhéwé, yèn wus dakpriksa, nanging mungguh ing aku, bab kang kokdakwakaké kabèh tumrap wong iku, ora tinemu.
15 Hérodès uga ora nemokaké kesalahané, sabab wong iku banjur dibalèkaké mréné. Satemené apa kang ditindakaké iku ora ana kang murwat kapatrapan paukuman pati.
16 Mulané mung bakal dakpatrapi ukuman cemethi, banjur dakluwari."
17 [Amarga Pilatus ing dina riyaya iku wajib ngluwari wong siji kanggo wong-wong mau.]
18 Nanging wong kabèh mau tumuli padha mbengok bebarengan, "Kasirnakna tiyang punika! Barabas kaluwarana kanggé kula sadaya!"
19 Barabas iku kalebokaké ing pakunjaran marga kasangkut ing kraman ing sajroning kutha lan gawé pepati.
20 Pilatus ngandika manèh marang wong-wong mau kanthi swara kang sora, karsané ngluwari Yésus.
21 Nanging wong-wong padha mangsuli kanthi swara sora uga pambengoké, "Kasaliba, kasaliba!"
22 Pangandikané Pilatus kang kaping teluné, "Nglakoni piala apa ta wong iki sabeneré? Aku ora bisa nemokaké kaluputané kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakpatrapi ukuman cemethi banjur dakluwari."
23 Nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengané kasalib, lan wekasané wong-wong mau menang kalawan bengok-bengoké iku.
24 Pilatus banjur ndhawuhaké karampungan, panyuwuné wong-wong mau dituruti.
25 Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokaké ing pakunjaran marga kasangkut ing kraman lan matèni wong, ngetrepi panyuwuné wong-wong mau, déné Yésus nuli kapasrahaké marang wong-wong mau supaya dipatrapi manut sakarepé.
26 Nalika padha ngirid Yésus iku, ana wong kang jenengé Simon, saka ing Kiréné, kang lagi baé teka saka ing jaban kutha, iku diendheg banjur dikon manggul salibé Yésus lan mlaku ing sawingkingé.
27 Sarta ana wong akèh kang padha ndhèrèkaké Panjenengané; ing antarané akèh wong wadon kang padha nangisi Panjenengané.
28 Yésus nuli minger mirsani wong-wong wadon mau lan ngandika, "Hé para putriné Yérusalèm, aja padha nangisi Aku, awakmu dhéwé lan anak-anakmu baé kang padha tangisana!
29 Amarga sumurupa, bakal ana wektuné wong padha duwé pangucap mangkéné: Rahayu wong wadon kang gabug lan weteng kang ora tau nglairaké anak, sarta susu kang ora tau nusoni.
30 Wong-wong banjur bakal padha ngucap marang gunung-gunung: Aku padha jugrugana! Lan marang punthuk-punthuk: Aku padha urugana!
31 Amarga menawa kaya mangkéné iki panggawéné wong marang kayu kang urip, saya manèh kang garing bakal dikapakaké?"
32 Ana durjana loro kang uga padha kairid bakal kaukum pati bebarengan karo Panjenengané.
33 Satekané ing panggonan kang aran Pacumplungan, Yésus banjur disalib ana ing kono, mangkono uga durjana loro mau, kang siji ana ing tengen, sijiné ana ing kiwané Yésus.
34 [Yésus tumuli munjuk, "Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami mboten mangertos punapa ingkang dipun tindakaken."] Agemané banjur kaedum-dum sarana kaundhi.
35 Wong akèh padha ngadeg ing kono lan maspadakaké sakabèhé. Nanging para panggedhé padha nyenyamah Panjenengané, pangucapé, "Wong-wong liya padha dipitulungi, cikbèn saiki mitulungi awaké dhéwé, menawa pancèn Mésias, Pilihané Allah!"
36 Mangkono uga para prajurit iya padha moyoki Panjenengané lan padha nyaosi anggur kecut,
37 karo ngucap, "Menawa kowé rajané wong Yahudi, tulungana awakmu dhéwé!"
38 Ing sandhuwuré mustakané ana tulisan, kang uniné mangkéné, "Iki rajané wong Yahudi."
39 Durjana kang padha digantung mau ana siji kang ngala-ala marang Yésus, pangucapé, "Kowé iku rak Kristus? Énggal, tulungana awakmu dhéwé lan aku kabèh."
40 Nanging sing siji banjur nyaruwé, ujaré, "Apa kowé ora wedi marang Allah, jalaran kowé tampa paukuman kang padha?
41 Aku lan kowé iku pancèn wus pantes diukum, padha tampa piwales kang murwat karo panggawé kita, bareng Panjenengané iki ora nindakaké kaluputan apa-apa."
42 Banjur munjuk, "Dhuh Yésus, mugi Panjenengan karsa ngèngeti dhateng kawula, manawi Panjenengan rawuh jumeneng Raja."
43 Paring wangsulané Yésus, "Aku pitutur marang kowé, satemené ing dina iki uga kowé bakal bebarengan karo Aku ana ing Firdaus."
44 Bareng watara jam rolas, banjur ana pepeteng kang nglimputi satanah kabèh, nganti jam telu,
45 amarga srengéngé ora sumunar. Kacarita gubahing Padaleman Suci suwèk ing tengah dadi loro.
46 Yésus banjur ngandika kanthi sora, "Dhuh Rama, kawula masrahaken nyawa Kawula wonten ing asta Paduka." Sawusé ngandika mangkono banjur masrahaké nyawané.
47 Nalika panggedhéning prajurit nyumurupi lelakon iku, tumuli ngluhuraké Allah, pangucapé, "Nyata, yèn wong iki tanpa kaluputan."
48 Sakèhé wong kang padha gegrombolan nonton, bareng wus nyumurupi apa kang kelakon mau, padha mulih kalawan tebah-tebah dhadha.
49 Sakèhé wong kang wus wanuh marang Yésus, kalebu uga para wong wadon kang padha ndhèrèkaké Panjenengané saka Galiléa, padha ngadeg ana ing kadohan, ndeleng lelakon iku kabèh.
50 Ana wong kang jenengé Yusuf, warganing Pradata Agama, wong kang becik lan mursid.
51 Iku ora mèlu nyarujuki putusan lan tumindaking Pradata Agama, asalé saka Arimatéa, sawenèhing kutha Yahudi, kang nganti-anti marang Kratoning Allah.
52 Iku séba ing ngarsané Pilatus, nyuwun layoné Yésus.
53 Sawusé layon diandhapaké, banjur diulesi mori alus, sarta disarèkaké ing kubur kang tinatah ing pepunthuk parang, kang durung tau kanggo.
54 Nalika samana pinuju dina pacawisan, ngarepaké Sabat.
55 Apamanèh wong-wong wadon kang wus ndhèrèkaké Yésus saka ing Galiléa, iku iya padha mèlu ngiringaké sarta maspadakaké pasaréan mau lan patrap anggoné nyarèkaké layoné.
56 Saulihé banjur padha nyawisaké rempah-rempah wangi lan lenga jebad. Déné ing dina Sabat padha lèrèn, netepi angger-angger.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Lukas 23
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Lukas 23
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Lukas

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke