1 Bareng Yésus tumenga, pirsa wong-wong sugih padha nglebokaké pisungsungé ana ing pethi pisungsung.
2 Tumuli iya mirsani randha miskin kang nglebokaké pisungsung rong kèpèng.
3 Banjur ngandika, "Aku pitutur marang kowé: Satemené kang dipisungsungaké randha miskin iku luwih akèh katimbang wong kabèh iku.
4 Amarga wong-wong kabèh iku ngaturaké pisungsung saka kasugihané, nanging randha iki ngaturaké saka ing kamiskinané, malah nyaosaké sakèhing darbèké kang kanggo uripé."
5 Bareng ana wong sawatara kang padha rembugan bab Padaleman Suci lan padha ngalem déné nganggo rinengga ing watu-watu kang éndah sarta barang pisungsung warna-warna, Yésus banjur ngandika,
6 "Apa kang padha kokdeleng iku - bakal tekan wektuné ora ana watu siji baé kang lestari tumumpang ing watu liyané; kabèh bakal padha karubuhaké."
7 Wong-wong mau banjur padha matur pitakon, "Guru, bénjing punapa kelampahanipun punika? Saha punapa ngalamatipun manawi punika badhé kelampahan?"
8 Paring wangsulané, "Padha diwaspada, supaya kowé aja nganti disasaraké. Amarga bakal ana wong akèh kang padha teka nganggo jenengku lan kandha: Iya aku iki Panjenengané lan iki wus ndungkap wektuné. Kowé aja ngetut-buri wong-wong iku.
9 Sarta menawa kowé krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kagèt. Awit iku kabèh mesthi kudu kelakon dhisik, éwadéné iku durung ateges, yèn bakal énggal tumeka ing wekasaning jaman."
10 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong mau, "Bakal ana bangsa kang nglawan padha bangsa, kraton nglawan padha kraton,
11 lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana-kéné bakal ana pageblug pès lan paceklik, apadéné bakal kelakon uga ana prakara-prakara kang medèni tuwin ngalamat-ngalamat kang nggegirisi saka langit.
12 Nanging sadurungé iku kabèh, kowé bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowé bakal dipasrahaké menyang papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ngarsané para ratu lan para pangwasa marga saka jenengku.
13 Iku bakal dadi jalarané kowé kabèh bakal padha nglairaké paseksi.
14 Mulané sing padha mantep baé, aja ngrancang-ngrancang dhisik bab kepriyé anggonmu bakal mangsuli.
15 Sabab Aku dhéwé kang bakal maringi marang kowé tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowé ora bisa dilawan utawa dibantah déning mungsuh-mungsuhmu.
16 Apamanèh kowé bakal iya padha diulungaké déning wong-tuwamu, sadulur-sadulurmu, sanak-kulawargamu lan pawong-mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipatèni,
17 apadéné kowé bakal padha disengiti déning wong kabèh marga saka jenengku.
18 Nanging ora ana rambutmu saeler baé kang bakal ilang.
19 Menawa kowé padha tetep mantep, kowé bakal padha nampa uripmu."
20 "Menawa kowé nyumurupi Yérusalèm kakepung ing wadyabala, mangertia, yèn karuntuhané wis cedhak.
21 Ing nalika iku wong-wong kang ana ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan, lan wong-wong kang ana ing jero kutha padha sumingkira, sarta wong-wong kang ana ing padésan aja lumebu ing kutha manèh,
22 amarga, iya iku mangsa tekané piwales, kang dadi kayektèné sabarang kang wus katulis kabèh.
23 Nanging mesakaké banget para wong kang lagi ngandheg, utawa kang lagi nusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal ana kasangsaran gedhé ing saindenging nagara, lan bangsa iki bakal tampa deduka.
24 Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabèh, sarta Yérusalèm bakal kaidak-idak déning bangsa kang ora wanuh marang Allah, nganti tumeka sarampungé jamané bangsa-bangsa iku."
25 "Apadéné bakal ana ngalamat ing srengéngé, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi, para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumleger lan mawalikaning sagara.
26 Wong-wong bakal padha mati kawedèn déning giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagat; sabab kabèh pangwasaning langit bakal gonjing.
27 Ing nalika iku wong bakal padha nyumurupi Putraning Manungsa rawuh nitih méga, ngagem pangwaos lan kamulyan gedhé.
28 Anadéné menawa iku kabèh wiwit kelakon, padha njenggèlèka lan tumengaa, amarga wus cedhak anggonmu bakal kaluwaran."
29 Yésus banjur paring pasemon mangkéné, "Padha mawanga wit anjir lan wit apa baé.
30 Menawa kowé padha nyumurupi yèn wus padha semi, kowé padha mangerti dhéwé, yèn wus ngarepaké mangsa panas.
31 Mangkono uga menawa kowé padha nyumurupi lelakon mau, padha mangertia yèn Kratoning Allah wus cedhak.
32 Aku pitutur marang kowé: Satemené wong-wong jaman iki bakal ora sirna sadurungé iku mau kelakon kabèh.
33 Langit lan bumi bakal padha sirna, nanging pangandikaku ora bakal sirna babar pisan."
34 "Padha jaganen awakmu dhéwé, supaya atimu aja nganti mung mikir bab pésta gedhèn lan endem-endeman, apadéné kasusahaning urip, supaya kowé tansah siyaga samangsa Dinaning Pangéran kang rawuhé dhadhakan iku aja nganti nempuh marang kowé kaya kalajiret.
35 Amarga Dina iku bakal nungkeb sakèhing wong kang dumunung ing bumi iki.
36 Padha tansah jaga-jagaa lan ndedongaa, supaya kowé diparingi kakuwatan kang njalari padha ora bakal ngalami lelakon iku lan supaya kowé padha bisa sembada anggonmu ngadhep Putraning Manungsa."
37 Yèn wayah awan Yésus memulang ana ing Padaleman Suci, déné yèn bengi miyos lan nyaré ana ing Gunung Zaitun.
38 Ésuké, nalika isih umun-umun wong akèh padha marek marang ngarsané ana ing Padaleman Suci, ngrungokaké pangandikané.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Lukas 21
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Lukas 21
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Lukas

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke