1 Nalika samana ana wong sawatara kang padha sowan marang ngarsané Yésus ngaturi uninga bab wong-wong Galiléa kang padha kawutahaké getihé déning Pilatus, getihé dadi campur karo getih kurban kang diunjukaké déning wong-wong mau.
2 Yésus paring wangsulan, "Apa pangiramu wong-wong Galiléa mau luwih gedhé dosané katimbang karo dosané wong-wong Galiléa liyané kabèh, déné kataman lelakon kang kaya mangkono iku?
3 ‘Ora’, kandhaku marang kowé. Nanging menawa kowé ora padha mratobat, kowé kabèh bakal padha tiwas kanthi patrap mangkono.
4 Utawa manèh apa pangiramu wong wolulas kang padha mati kebrukan menara ing Siloam kaé kaluputané ngluwihi wong ing Yérusalèm liyané kabèh?
5 ‘Ora’, kandhaku marang kowé. Nanging menawa kowé kabèh padha ora mratobat, bakal tiwas kanthi patrap mangkono."
6 Yésus banjur paring pasemon mangkéné, "Ana wong kang duwé wit anjir, kang katandur ing pakebonané anggur, banjur diparani digolèki wohé, nanging ora olèh.
7 Tumuli kandha marang kang nggarap kebon anggur iku: Delengen, iki wus telung taun anggonku teka nggolèki wohé, kok ora ana. Mulané tegoren baé wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kéné tanpa guna!
8 Atur wangsulané wong mau: Bendara, kajengipun gesang setaun malih, siti sakubengipun badhé kula paculi lan wit punika badhé kula rabuk.
9 Mbokmenawi taun ngajeng saged awoh; menawi mboten, inggih lajeng kategora kémawon."
10 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Yésus memulang ana ing papan pangibadah.
11 Ing kono ana wong wadon kang kapanjingan roh wus wolulas taun, satemah lara lan dadi wungkuk, ora bisa ngadeg jejeg.
12 Bareng Yésus pirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkéné, "Hé, Bu, lelaramu wus ilang."
13 Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg manèh lan banjur ngluhuraké asmané Allah.
14 Nanging pangarepé papan pangibadah iku nepsu, jalaran Yésus nyarasaké wong ing dina Sabat, banjur kandha marang wong akèh, "Ana dina enem sing kanggo nyambut-gawé. Mulané tekaa ing salah sijiné dina iku supaya diwarasaké, aja ing dina Sabat."
15 Nanging Gusti paring wangsulan, pangandikané, "Hé, wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapiné utawa kuldiné saka ing kandhang banjur digawa menyang pangombèn.
16 Wong wadon iki tedhak-turuné Abraham mangka wus wolulas taun lawasé kabanda déning Iblis, apa ora prelu diuculi bandané ing dina Sabat?"
17 Nalika Panjenengané ngandika mangkono iku, kabèh kang nglawan padha kisinan, nanging wong akèh padha bungah awit saka sakèhé pandamel becik kang ngéram-éramaké kang wus katindakaké déning Panjenengané.
18 Yésus banjur ngandika, "Kratoné Allah iku upamané apa, lan kena dakupamakaké apa?
19 Iku kena kaupamakaké wiji sawi, kang kajupuk lan kasebar déning wong ana ing pakebonané, banjur thukul lan dadi uwit, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha nusuh ana ing pang-pangé."
20 Lan pangandikané manèh mangkéné, "Kratoné Allah iku, kena dakupamakaké apa?
21 Iku upamané kayadéné ragi kang dijupuk déning wong wadon lan dicampuraké ing glepung trigu patangpuluh liter, nganti kemrasukan kabèh."
22 Yésus banjur ndlajahi kutha-kutha lan désa-désa karo memulang, lan banjur nglajengaké tindaké menyang Yérusalèm.
23 Tumuli ana wong kang munjuk mangkéné, "Gusti, tiyang ingkang kawilujengaken menika punapa namung sakedhik?"
24 Paring wangsulané Yésus marang wong-wong kang ana ing kono, "Padha ngudiya lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowé: Akèh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa.
25 Menawa kang kagungan dalem wus jumeneng lan ngancing lawangé, lan kowé ngadeg ana ing jaba sarta wiwit dhodhog-dhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengané bakal paring wangsulan mangkéné: Aku ora wanuh, kowé iku sapa?
26 Kowé bakal matur: Kawula sampun naté sami nedha lan ngombé wonten ing ngarsa Panjenengan, sarta Panjenengan sampun paring piwulang wonten ing margi-margi ing kitha kawula.
27 Nanging Panjenengané bakal ngandika marang kowé: Aku ora wanuh, kowé iku wong ngendi, padha sumingkira saka ngarepku, hé wong kang padha gawé piala!
28 Ing kono bakal ana panangis lan keroting untu, malika kowé padha weruh Abraham lan Iskak sarta Yakub apadéné sakèhing nabi padha ana ing Kratoné Allah, mangka kowé dhéwé padha kabuwang ing jaba,
29 sarta bakal ana wong kang padha teka saka ing wétan lan kulon tuwin saka ing lor lan kidul, padha bakal kembul bujana ana ing Kratoné Allah.
30 Lah satemené ana wong kang kari dhéwé bakal dadi kang kawitan, lan ana wong kang kawitan bakal dadi kang kari dhéwé."
31 Ing nalika iku ana wong Farisi sawatara kang padha sowan lan matur marang Yésus, "Panjenengan kula aturi sumingkir saking ngriki, awit Hérodès ngangkah badhé nyédani Panjenengan."
32 Paring wangsulané Yésus, "Padha lungaa, kandhaa marang asu wawar iku: Aku nundhungi sétan lan marasaké wong, ing dina iki lan sésuk, déné ing telung dinané Aku bakal wus rampung.
33 Nanging ing dina iki, lan sésuk tuwin suk embèn, Aku kudu nerusaké lakuku, amarga ora samesthiné kang jeneng nabi dipatèni ana ing sanjabané Yérusalèm.
34 Yérusalèm, Yérusalèm, kowé kang matèni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang padha diutus nemoni kowé. Wus makaping-kaping anggonku arep nglumpukaké anak-anakmu, padha kaya babon anggoné nglumpukaké kuthuk-kuthuké ana ing sangisoring swiwiné, nanging kowé ora gelem.
35 Lah omahmu bakal kapasrahaké suwung marang kowé. Nanging Aku pitutur marang kowé: Kowé bakal padha ora ndeleng Aku manèh nganti tumeka ing wektuné kowé padha kandha mangkéné: Binerkahana kang rawuh atas asmané Pangéran."