1 Marga saka iku yèn kowé wis padha ndhèrèk katangèkaké bareng karo Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, yaiku papan pamanggèné Kristus, kang lenggah ing satengené Allah.
2 Padha nggatèkna apa kang ana ing ngaluhur, aja kang ana ing bumi.
3 Sabab kowé wis padha mati lan uripmu iku ndèrèk sinengker nunggil karo Kristus, ana ing Allah.
4 Yèn Kristus kang dadi urip kita iku ing tembé ngatingal, kowé iya bakal padha ndhèrèk ngaton karo Panjenengané ana ing kamulyan.
5 Mulané kowé padha matènana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku-cabul, tindak rusuh, ngumbar hawa napsu, kapéncuting daging, mangkono uga budi srakah, kang padha karo panyembah marang brahala,
6 kabèh iku njalari dukané Allah [marang para wong duraka].
7 Ing mauné kowé iya padha nglakoni mangkono, nalika kowé isih padha rumaket marang prakara-prakara mau.
8 Nanging saiki, iku mau kabèh buwangen, yaiku nepsu, brangasan, piala, pitenah lan tembung-tembung kotor kang kokucapakaké.
9 Aja nganti kowé padha goroh-ginorohan manèh, marga kowé wis padha ngrucat kamanungsan lawas sapratingkahé,
10 lan wis ngrasuk kamanungsan anyar kang tansah kaanyaraké, supaya olèh kawruh kang bener miturut citrané Kang Nitahaké;
11 ing kono wis ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong kang ora tetakan, wong Barbar utawa wong Skit, abdi utawa wong mardika, nanging Kristus iku kang sakabèhé lan ana ing samubarang kabèh.
12 Mulané sarèhné kowé wis padha dadi pepilihané Allah, kang wis kasucèkaké lan kinasihan, padha duwéa welas-asih, loma, andhap-asor, alusing budi, lan sabar.
13 Padha sabar-sinabarana, apura-ingapuraa menawa ana kang duwé niat kepéngin males pialané, kayadéné Allah anggoné wis ngapura kowé, kowé uga tumindaka mangkono.
14 Lan kang ngungkuli iku kabèh: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakaké.
15 Muga tentrem-rahayuné Kristus ngerèh ana ing atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Padha saosa sokur.
16 Muga-muga pangandikané Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan lubèr, satemah anggonmu padha wulang-winulang lan éling-ingélingaké nganggo sakèhing kawicaksanan apadéné sinambi ngidungaké masmur, kidung pamuji sarta kidung kasukman, kowé padha saos sokur marang Allah sajroning atimu.
17 Lan sadhéngah apa kang koktindakaké kalawan tembung utawa kalawan panggawé, iku kabèh lakonana ing asmané Yésus, kanthi saos sokur marang Allah, Rama kita lumantar Panjenengané.
18 Para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, dikaya sapatuté ana ing Gusti.
19 Para wong lanang, somahmu tresnanana lan aja nganti kokkasari.
20 Para bocah, padha manut-mituruta marang wong-tuwamu ing sadhéngah prakara, sabab iku ndadèkaké keparengé Gusti.
21 Para bapa, aja nglarakaké atiné anakmu, supaya aja nganti semplah.
22 Para batur, mituhua marang bendaramu kadonyan ing sadhéngah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawé senengé, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti,
23 lan sadhéngah apa kang koktindakaké iku tindakna kalawan terus ing batin kayadéné kagem Gusti, ora kanggo manungsa.
24 Kowé wus padha sumurup, yèn Gusti bakal maringi warisan kang wus katemtokaké minangka ganjaranmu. Kristus iku bendara, lan kowé dadi abdiné.
25 Sapa baé kang gawé kaluputan, iku bakal nanggung kaluputané, marga Gusti ora mbédakaké wong.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kolose 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kolose 3

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke