1 Ana ing Ikonium rasul sakaroné iya lumebet ing papan-pangibadahé wong Yahudi lan memulang, satemah wong Yahudi lan wong Yunani akèh kang padha dadi pracaya.
2 Nanging wong-wong Yahudi kang nampik pawartosé, padha gawé panasing atiné wong-wong kang dudu Yahudi, temahan wong-wong mau padha ora seneng marang para Sadulur kang pracaya iku.
3 Mulané Paulus lan Barnabas lereb ana ing kono nganti sawatara mangsa. Sakaroné padha memulang kanthi kendel, déné Gusti nyantosakaké pawartos bab sih-rahmaté iku sarana paring pangwaos, kanggo nganakaké pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat.
4 Nanging golonganing wong akèh ing kutha kono pecah dadi loro; ana kang nganut wong Yahudi, lan ana kang nganut rasul-rasul iku.
5 Wong-wong Yahudi mau dalah para pangarepé, bebarengan karo para wong kang dudu Yahudi, banjur padha sarujuk bakal nyiksa lan mbenturi rasul loro mau nganggo watu.
6 Bareng rasul-rasul mau nguningani bab iku, banjur sumingkir menyang kutha-kutha ing Likaonia, yaiku Listra lan Dèrbé sarta ing wilayah sakiwa-tengené.
7 Ana ing kono padha nerusaké martosaké Injil.
8 Ing Listra ana wong lanang kang mung lungguh baé, jalaran sikilé pepes, lumpuh wiwit lair mula, durung tau bisa lumaku.
9 Nalika Paulus memulang, wong lumpuh iku ngrungokaké. Paulus mirsani lan nguningani, menawa wong mau kadunungan pangandel lan kena diwarasaké,
10 banjur ngandika kalawan sora, "Ngadega jejeg!" Wong mau banjur mlumpat ngadeg lan mlaku mrana-mréné.
11 Bareng wong akèh nyumurupi apa kang mentas ditindakaké déning Paulus, tumuli padha nguwuh-uwuh nganggo basa Likaonia, "Déwa-déwa wus padha tumedhak ing tengah-tengah kita dadi manungsa."
12 Barnabas disebut Zéus, déné Paulus diarani Hèrmès, amarga panjenengané kang paring pangandika.
13 Imaming déwa Zéus, kang kuilé ana ing jaban kutha, nuli teka ing gapuraning kutha karo nggawa sapi-sapi lanang lan reroncèn kembang kang arep dicaosaké minangka kurban, bebarengan karo wong akèh.
14 Mireng kang mangkono iku Barnabas lan Paulus banjur nyuwèk-nyuwèk agemané lan lumajeng menyang satengahing wong akèh iku kambi nywanten sora,
15 "Para Sadhèrèk, kadospundi déné panjenengan sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdéné panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilar tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika.
16 Ing jaman kapengker bangsa sadaya anggènipun sami lumampah ing marginipun piyambak, dipun kèndelaken kémawon déning Allah,
17 nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika srana maringi jawah sarta mangsa kamirahan dhateng panjenengan sadaya saking langit, sarta hasiling siti ing mangsanipun, dhateng panjenengan sadaya. Panjenenganipun paring tedha dhateng panjenengan sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing kabingahan."
18 Sanadyan para rasul padha ngandika mangkono, éwadéné mèh-mèh baé ora bisa menggak anggoné padha arep caos kurban marang para rasul iku.
19 Nanging banjur ana wong Yahudi kang padha teka saka Antiokhia lan Ikonium, kang padha ngojok-ojoki wong akèh, wasana padha kèlu marang wong-wong iku. Paulus banjur dibenturi watu lan kasèrèd menyang sanjabaning kutha, jalaran dikira wus séda.
20 Nanging bareng karubung déning para muridé, panjenengané nuli wungu lan banjur lumebet ing kutha. Ésuké banjur tindak menyang Dèrbé bebarengan karo Barnabas.
21 Ing kutha Dèrbé kono, Paulus lan Barnabas padha ngabaraké Injil, temahan akèh kang padha pracaya marang Yésus. Sawusé iku, kondur menyang Listra, Ikonium lan Antiokhia.
22 Ana ing kutha-kutha mau, rasul sakaroné padha nyantosakaké atiné para kang pracaya marang Yésus sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya, apadéné padha dingandikani, menawa sadurungé bisa lumebu ing Kratoning Allah iku, kita kudu nglakoni kasangsaran.
23 Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepaké pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawusé ndedonga lan pasa, para pinituwa mau padha disaosaké marang Gusti, kang padha dipracaya iku.
24 Sawisé mangkono tumuli ndlajahi saindenging Pisidia lan banjur rawuh ing Pamfilia.
25 Ana ing kono sakaroné padha nggelaraké pangandika ana ing Pérga, banjur tindak menyang Atalia.
26 Saka kono padha lelayaran menyang Antiokhia; iya ana ing kono iku anggoné biyèn padha kasaosaké marang sih-rahmating Allah supaya wiwit nglakoni ayahan, kang saiki wus dirampungaké iku.
27 Sarawuhé ing kono banjur nglumpukaké pasamuwan, padha dicariyosi bab samubarang kang wus katindakaké déning Allah lumantar sakaroné; apadéné bab anggoné Allah wus mengani lawanging pracaya marang bangsa-bangsa liya.
28 Sakaroné padha lereb ing kono nganti rada suwé, nunggil karo para murid mau.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 14
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 14

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke