1 Kurang-luwih ing wektu iku, Hérodès wiwit tumindak keras marang wong pasamuwan sawatara.
2 Panjenengané dhawuh nyédani Yakobus, sadhèrèké Yohanes, sarana pedhang.
3 Bareng pirsa, menawa bab iku ndadèkaké senengé atiné wong Yahudi, banjur nglajengaké tindaké kang mangkono iku sarta dhawuh nahan Pétrus. Nalika iku pinuju dina riyaya Roti Tanpa Ragi.
4 Bareng Pétrus wus dicepeng, Hérodès dhawuh supaya dikunjara kanthi dijaga déning prajurit patang regu, saben regu wong papat. Karsané, salebaré Paskah bakal kaladèkaké ing ngarepé wong akèh.
5 Iya kaya mangkono iku anggoné Pétrus katahan ana ing pakunjaran. Nanging pasamuwan kalawan adreng ndongakaké panjenengané marang Allah.
6 Nalika bengi sadurungé kaladèkaké ing ngarepé wong akèh déning Hérodès, Pétrus saré kaapit déning prajurit loro, kabanda nganggo ranté loro, astané karanté karo tangané prajurit mau. Kejaba saka iku, ing ngarep lawang ana prajurit kang padha jaga.
7 Dumadakan ana malaékaté Pangéran jumeneng ing sacelaké Pétrus lan sèl kono kapadhangan ing cahya. Malaékat mau banjur nyablèk Pétrus, supaya wungu kalawan ngandika, "Énggal tangia!" Ranténé nuli ucul saka ing astané Pétrus.
8 Malaékat iku banjur ngandika, "Sabukana lan enggonen trumpahmu!" Iku iya ditindakaké. Malaékat tumuli ngandika, "Jubahmu anggonen lan ngetutna aku!"
9 Panjenengané iya banjur tindak medal ndhèrèkaké malaékat sarta ora pirsa, yèn apa kang ditindakaké déning malaékat iku kelakon temenan, rumangsané mung pirsa tetingalan.
10 Bareng wus padha nglangkungi pajagan kapisan lan kapindho, nuli rawuh ing gapura wesi kang anjog ing kutha. Lawangé iku menga dhéwé. Bareng wus rawuh ing jaba, banjur padha tindak tekan pungkasaning dalan; dumadakan malaékat mau banjur nilar panjenengané.
11 Bareng wus ènget kanthi cetha bab kawontenané, Pétrus nuli ngunandika, "Saiki aku ngerti temenan, yèn Gusti wus ngutus malaékaté sarta ngluwari aku saka ing astané Hérodès lan saka samubarang kabèh, kang dikarepaké déning wong Yahudi."
12 Sawusé manggalih sadhéla, banjur tindak menyang omahé Maria, ibuné Yohanes kang uga karan Markus. Ing kono wong kang padha nglumpuk ndedonga, akèh.
13 Bareng panjenengané nothok lawang régol, ana abdi wadon jenengé Rodé teka arep nyumurupi sapa kang thothok-thothok iku.
14 Wong wadon mau ora pangling menawa iku swarané Pétrus, nanging marga saka bungahé, ora banjur ngengakaké lawang, nanging énggal-énggal lumebu ngaturi pirsa, yèn Pétrus ana ing ngarep régol.
15 Wong iku banjur dilokaké, "Kowé iku ngomyang." Ewasamono tetep anggoné matur, menawa iku nyata temenan. Banjur padha kandha, "Iku malaékaté."
16 Nanging Pétrus terus baé anggoné thothok-thothok. Bareng padha ngengakaké lawang lan ndeleng panjenengané, padha kagèt kaéraman.
17 Nanging Pétrus tumuli paring sasmita sarana astané, supaya padha meneng, banjur padha dingandikani, kepriyé anggoné Gusti nuntun medal saka pakunjaran. Pangandikané, "Yakobus lan para Sadulur kita padha kandhanana bab iki." Banjur miyos lan tindak menyang panggonan liya.
18 Ésuké para prajurit padha ribut-ribut, padha takon-tinakon apa kang wus kelakon ing ngatasé Pétrus iku.
19 Hérodès banjur dhawuh madosi Pétrus, nanging ora ketemu, nuli dhawuh mriksa para kang jaga, kang wusanané padha dipatèni. Hérodès nuli tindak saka Yudéa menyang Kaisaréa sarta lereb ana ing kono.
20 Kacarita Hérodès duka banget marang wong Tirus lan Sidon. Wong-wong mau padha saiyeg bebarengan sowan menyang ngarsané sarta padha kelakon bisa ngrimuk Blastus, punggawa kraton, supaya mbiyantu wong-wong mau. Banjur padha nyuwun bedhami, awit nagarané iku olèh pangan saka wilayahé raja.
21 Ing dina kang wus katamtokaké, Hérodès ngagem busana keprabon banjur lenggah ing dhampar lan paring pangandika marang wong-wong mau.
22 Ing kono rakyat padha nampani pangandika iku kanthi surak-surak, sarta ngucap, "Punika swantening déwa, sanès swantening manungsa!"
23 Padha sanalika Hérodès banjur kagebag déning malaékating Pangéran, jalaran ora ngunjukaké pakurmatan marang Allah. Panjenengané séda dipangan cacing-cacing.
24 Kacarita pangandikané Allah saya sumebar lan saya akèh kang ngrungokaké.
25 Barnabas lan Saulus, sawusé ngrampungaké kuwajibané, banjur kondur nilar Yérusalèm, Yohanes kang uga peparab Markus didhawuhi ndhèrèk.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 12
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 12

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke