1 Sawisé iku, Yésus ngatingal manèh marang para sakabaté ana ing pinggir Tlaga Tibérias; déné anggoné ngatingal mau mangkéné:
2 Ing pesisir kono kang padha ngumpul: Simon Pétrus lan Tomas kang karan Didimus, Natanaél kang saka ing Kana, Wilayah Galiléa, anaké Zébédéus lan sakabaté loro liyané.
3 Simon Pétrus tumuli kandha marang kanca-kancané mau, "Aku arep lunga golèk iwak." Wangsulané kancané, "Aku iya padha mèlu kowé." Banjur padha mangkat nunggang prau, nanging sawengi iku padha ora olèh apa-apa.
4 Nalika wus bangun ésuk, Yésus jumeneng ana ing gisik. Nanging para sakabaté padha ora mangerti, yèn iku Yésus.
5 Yésus tumuli ngandika, "Hé, bocah-bocah, apa kowé padha duwé lawuh?" Wangsulané, "Mboten."
6 Pangandikané Yésus, "Jalamu tibakna ing satengené prau, temah kowé bakal padha olèh." Jalané nuli ditibakaké, nanging ora kena ditarik, awit saka akèhing iwaké.
7 Sakabat kang dikasihi déning Yésus tumuli kandha marang Pétrus, "Iku Gusti." Bareng Simon Pétrus krungu, yèn iku Yésus, tumuli nganggo sandhangané, marga isih ngliga; banjur ambyur ing tlaga.
8 Para sakabat liyané nusul nganggo prau, jalaran ora adoh saka ing dharatan, mung watara satus mèter, kambi nggèrèd jalané kang kebak iwak iku.
9 Samentasé ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumumpang ing geni mau sarta roti.
10 Yésus ngandika marang para sakabat, "Njupuka iwak sawatara, saka anggonmu mentas njala mau!"
11 Simon Pétrus banjur munggah prau lan ngentas jalané menyang dharatan, jala iku kebak iwak gedhé-gedhé: cacahé nganti satus sèket telu. Nanging sanadyan nganti samono akèhé, jalané ora bedhah.
12 Pangandikané Yésus marang para sakabat, "Padha mrénéa, sarapana." Ora ana ing antarané para sakabat iku kang wani munjuk pitakon marang Panjenengané, "Paduka punika sinten?" Amarga wus padha mangerti, yèn Panjenengané iku Yésus.
13 Yésus tumuli majeng, sarta mundhut roti mau, banjur diparingaké marang para sakabat, mangkono uga iwaké.
14 Iku wus kaping teluné anggoné Yésus ngatingal marang para sakabaté sawisé wungu saka ing antarané wong mati.
15 Sawisé padha sarapan, Yésus ngandika marang Simon Pétrus, "Simon anaké Yohanes, apa kowé tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?" Unjuké Pétrus, "Inggih Gusti, Gusti pirsa, bilih kawula remen dhateng Gusti." Pangandikané Yésus, "Rumatana cempé-cempéku!"
16 Pangandikané Yésus manèh marang Pétrus kang kapindhoné, "Simon, anaké Yohanes, apa kowé tresna marang Aku?" Unjuké Pétrus, "Inggih Gusti, Gusti pirsa, bilih kawula remen dhateng Gusti." Pangandikané Yésus, "Engonen wedhus-wedhusku!"
17 Pangandikané Yésus marang Pétrus kang kaping teluné, "Simon, anaké Yohanes, apa kowé tresna marang Aku?" Pétrus dadi sedhih atiné amarga Yésus ndangu kang kaping teluné, "Apa kowé tresna marang Aku?" Pétrus banjur munjuk, "Dhuh, Gusti, Gusti pirsa samukawis, inggih pirsa, bilih kawula remen dhateng Gusti." Pangandikané Yésus, "Engonen wedhus-wedhusku!
18 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Nalika kowé isih enom, kowé sabukan dhéwé lan kowé lumaku menyang ngendi baé kang kokkarepaké, nanging samangsa kowé wus tuwa, kowé bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki kowé, banjur nggawa kowé menyang panggonan kang ora kokkarepaké."
19 Bab iku dipangandikakaké kanggo nélakaké kepriyé anggoné Pétrus bakal mati lan ngluhuraké Allah. Sawusé ngandika mangkono mau, tumuli dhawuh marang Pétrus, "Mèlua Aku!"
20 Bareng Pétrus nolèh, weruh sakabat kang dikasihi déning Yésus ndhèrèk, yaiku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhaké Yésus, sarta munjuk, "Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhé ngulungaken Gusti?"
21 Nalika Pétrus weruh sakabat iku mau, nuli munjuk marang Yésus, "Gusti, piyambakipun punika lajeng kadospundi?"
22 Pangandikané Yésus, "Saupama dakkarepaké, supaya iku tetep urip nganti satekaku, iku rak dudu urusanmu. Nanging kowé: Mèlua Aku!"
23 Banjur sumebar pawarta ing antarané para sadulur-sadulur, yèn sakabat iku mau ora bakal mati. Nanging Yésus ora ngandika marang Pétrus, yèn sakabat mau bakal ora mati, nanging, "Saupama dakkarepaké, supaya iku tetep urip nganti satekaku, iku dudu urusanmu."
24 Iya sakabat iku, kang neksèni lan wus nulis bab iku mau kabèh, lan kita padha mangerti, yèn paseksiné iku nyata.
25 Isih akèh bab-bab liyané manèh kang katindakaké déning Yésus, nanging saupama kabèh iku kudu ditulis siji-siji, dakkira jagat iki ora bisa ngemot sakèhing buku kang kudu ditulis iku.