1 Salam saka Yakobus, abdiné Allah sarta Gusti Yésus Kristus, marang taler rolas kang padha sumebar ana ing tanah manca.
2 Para Sadulurku, anggepen sawijining kabungahan, menawa kowé padha ketaman pacoban mawarna-warna,
3 jalaran kowé padha sumurup, menawa pandadar tumrap pracayamu iku nuwuhaké sabar-mantep.
4 Sarta sabar-mantep iku karebèn metokaké woh kang sembada, supaya kowé dadi sampurna lan mateng, sarta ora kekurangan sawiji apa.
5 Déné menawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Allah, kang maringi marang sakèhing wong kanthi loma lan éklas, temah bab iku bakal kaparingaké marang wong mau.
6 Mung baé panyuwuné iku kanthia pracaya sarta aja nganggo mangu-mangu, jalaran wong kang mangu-mangu iku padha karo ombaking sagara, kang diontang-antingaké angin mrana-mréné.
7 Wong kang mangkono iku aja duwé pangira, menawa bakal nampa apa-apa saka Gusti.
8 Jalaran wong kang atiné mangro ora bakal tentrem uripé.
9 Sadulur tunggal pracaya kang asor iku mongkoga samangsa kaluhuraké,
10 déne wong kang sugih iku mongkoga menawa kaasoraké, jalaran wong iku bakal sirna kaya kembanging suket.
11 Sabab sawisé srengéngé mlethèk kalawan panasé kang sumelèt, banjur ngalumaké suket iku, temahan gogrog kembangé, lan ilang kaéndahané.Mangkono uga mungguh wong sugih iya bakal sirna ing sajroné sakèhing pambudidayané.
12 Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané.
13 Menawa ana wong kang kena pacoban aja ngucap mangkéné, "Aku lagi dicoba déning Allah." Jalaran Allah ora kena cinoba déning piala, sarta Panjenengané ora nindakaké panyoba marang sapa baé.
14 Nanging saben wong dicoba déning pepénginané dhéwé, jalaran disèrèd sarta dipilut déning pepénginan iku.
15 Menawa pepénginan iku wis ngandhut, banjur nglairaké dosa, lan samangsa dosa iku wis katog, bakal nglairaké pati.
16 Para Sadulur kang daktresnani, aja padha kesasar!
17 Saben peparing kang becik sarta saben ganjaran kang sampurna iku asalé saka ing ngaluhur, katedhakaké saka Ramané sakèhing pepadhang; kagem Panjenengané ora ana owah-owahan utawa gambaran bakal molah-malih.
18 Marga saka karsané piyambak, Panjenengané wis nitahaké kita sarana pangandikaning kayektèn, supaya kita padha ana ing tataran kang pinasthi padha dadi putra pambarep ing antarané para titah kabèh.
19 Para Sadulur kang daktresnani, élinga marang bab iki: saben wong diénggal menawa ngrungokaké, nanging disarèh ing wicara, mangkono uga disarèh menawa nepsu;
20 jalaran nepsuné manungsa iku ora nindakaké apa kang bener ana ing ngarsané Allah.
21 Mulané padha buwangen samubarang kang reged sarta piala kang kliwat akèh lan tampanana kanthi sarèh pangandika kang katanem ing atimu, kang kwaos nylametaké nyawamu.
22 Nanging padha dadia wong kang nindakaké pangandika, aja mung ngrungokaké baé, jalaran menawa ora mangkono kowé ngapusi awakmu dhéwé.
23 Sabab menawa wong mung ngrungokaké baé, mangka ora dilakoni, iku umpamané kaya wong kang lagi maspadakaké rainé kang sanyatané ana ing pangilon.
24 Sawusé ndeleng rainé banjur lunga lan nuli lali kaya apa rupané mau.
25 Nanging sapa kang nliti angger-angger kang sampurna, yaiku angger-angger kang mardikakaké manungsa, sarta padha diantepi, dadi ora mung ngrungokaké banjur nglalèkaké, nanging nglakoni kanthi temen-temen, iku bakal rahayu marga saka panggawéné iku.
26 Saupama ana wong kang rumangsa ngibadah, mangka ora mekak ilaté, iku ngapusi awaké dhéwé, lan pangibadahé tanpa guna.
27 Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsané Allah, Rama kita, yaiku mitulungi bocah lola sarta para randha sajroning kasusahané lan njaga supaya awaké dhéwé aja nganti dijemberaké déning donya.