1 (8:1b) Ing nalika iku pasamuwan ing Yérusalèm wiwit ngalami panganiaya kang banget. Wong kabèh padha buyar, pating slebar menyang tlatah Yudéa lan Samaria, kejaba para rasul.
2 Para wong salèh padha ngubur layoné Stéfanus, sarta banget anggoné padha nangisi.
3 Nanging Saulus ngudi sirnané pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhang lan digawa menyang pakunjaran.
4 Wong-wong kang buyar mau padha ndlajahi ing satanah kabèh karo ngabaraké Injil.
5 Lan Filipus tindak menyang sawenèhing kutha ing Samaria martakaké bab Mésias marang wong-wong ing kono.
6 Nalika wong akèh ngrungokaké apa kang diwartakaké déning Filipus sarta nyumurupi pratandha-pratandha kang ditindakaké, banjur padha saiyeg nampani pawartané iku.
7 Amarga wong akèh kang padha kapanjingan roh reged, rohé mau padha metu kalawan bengok-bengok, lan uga akèh wong lumpuh sarta wong pincang kang padha diwarasaké,
8 temahan ana kabungahan gedhé ing kutha kono.
9 Ing kutha kono ana wong jenengé Simon, kang wiwit biyèn dadi tukang sihir lan gawé éramé rakyat Samaria, apadéné ngaku-aku wong kang pinunjul.
10 Wong-wong, gedhé, cilik, padha nganut marang wong iku, pangucapé, "Wong iki wujuding pangwaosé Allah kang kasebut Pangwaos Agung."
11 Mulané padha manut marang wong iku, jalaran wis suwé anggoné gawé éram sarana sihiré.
12 Nanging saiki padha pracaya marang Filipus, kang martakaké Injilé Kratoning Allah sarta bab asmané Yésus Kristus tuwin padha kabaptis, wong lanang dalasan wong wadon.
13 Simon dhéwé iya dadi pracaya lan sawusé dibaptis, tansah rumaket marang Filipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang wus kelakon.
14 Bareng para rasul ing Yérusalèm padha midhanget, yèn wong ing tanah Samaria wus padha nampani pangandikaning Allah, Pétrus lan Yohanes padha kautus mrana.
15 Sarawuhé ing kono, sakaroné banjur padha ndedonga supaya wong-wong ing Samaria padha kaparingan Roh Suci.
16 Amarga Roh Suci durung tumedhak marang wong siji-sijia ing antarané wong-wong mau, awit mung padha dibaptisi ing asmané Gusti Yésus.
17 Mulané kabèh banjur padha katumpangan asta déning para rasul mau, satemah padha katedhakan Roh Suci.
18 Bareng Simon sumurup, menawa anggoné padha pinaringan Roh Suci iku marga katumpangan astané para rasul, banjur nawèni dhuwit marang para rasul,
19 karo matur, "Kula mugi kaparingan kasektèn punika ugi, supados tiyang ingkang kula tumpangi tangan, inggih lajeng katedhakan Roh Suci."
20 Nanging Pétrus banjur ngandika marang wong mau, "Dhuwitmu sirnaa bareng karo kowé, amarga kowé ngira, yèn kowé bisa nuku peparinging Allah nganggo dhuwit.
21 Kowé ora duwé panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsané Allah.
22 Mulané mratobata saka durakamu iki sarta ndedongaa marang Pangéran, supaya niyating atimu iki kaparingan pangapura,
23 amarga aku sumurup, yèn atimu iku wus kayadéné rempelu kang pait lan kajiret ing piala."
24 Simon mangsuli, aturé, "Mugi panjenengan karsa ndongakaken kula dhateng Pangéran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan."
25 Para rasul mau sawisé paring paseksi lan martakaké bab pangandikaning Gusti banjur padha kondur menyang Yérusalèm sarta sadalan-dalan padha ngabaraké Injil ing désa akèh ing Samaria.
26 Tumuli ana malaékating Pangéran kang ngandika marang Filipus, mangkéné, "Ngadega, lan mangkata mangidul liwat dalan kang mudhun saka Yérusalèm menyang Gaza." Dalan iku sepi.
27 Filipus jumeneng, banjur tindak. Ana priyagung Étiopia, panggedhé, lan juru kahartakané Kandaké, ratu nagara Étiopia, kang tindak menyang Yérusalèm prelu ngibadah.
28 Nalika samono panjenengané lagi kondur nitih kréta kambi maos kitabé Nabi Yésaya.
29 Filipus banjur kadhawuhan déning Roh, "Mronoa, cedhakana kréta iku!"
30 Filipus banjur énggal-énggal murugi lan mireng priyagung iku lagi maos kitabé Nabi Yésaya. Filipus matur, "Panjenengan punapa mangertos ingkang panjenengan waos punika?"
31 Paring wangsulané, "Kadospundi anggèn kula saged mangertos, manawi mboten wonten ingkang nuntun?" Filipus banjur didhawuhi minggah lan lenggah ing sandhingé.
32 Anadéné nas kang diwaos iku surasané mangkéné: Kayadéné wedhus, Panjenengané katuntun menyang papan panyembelèhan, lan kaya cempé kang ora nyuwara ana ing ngarepé wong kang ngguntingi wuluné, mangkono anggoné Panjenengané ora mbikak tutuké.
33 Sajroning kaasorané Panjenengané ora tampi kaadilan; sapa kang bakal nyaritakaké tedhak-turuné? Sabab nyawané kapundhut saka ing donya.
34 Priyagung mau banjur ngandika marang Filipus, "Kula pitakèn dhateng panjenengan, sinten ingkang dipun ngandikakaken déning nabi punika? Punapa sariranipun piyambak, punapa tiyang sanès?"
35 Filipus tumuli wiwit cariyos, wiwit saka nas iku, banjur martosaké Injilé Yésus.
36 Sakaroné padha nglajengaké tindaké, nuli rawuh ing papan kang ana banyuné. Priyagung mau banjur ngandika, "Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, manawi kula dipun baptis?"
37 [Wangsulané Filipus, "Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kénging." Wangsulané priyagung mau, "Kula pitados, bilih Yésus Kristus punika Putranipun Allah."]
38 Priyagung Étiopia mau banjur dhawuh ngendhegaké krétané lan sakaroné nuli padha mandhap marani banyu, Filipus lan priyagung mau, sarta priyagung iku nuli dibaptis déning Filipus.
39 Bareng sakaroné wus padha mentas saka ing banyu, Rohing Pangéran tumuli nambut Filipus, lan ora kasumerepan déning priyagung iku manèh. Panjenengané banjur nglajengaké tindaké kalawan renaning panggalih.
40 Nanging Filipus tinemu wus ana ing Asdod, tindak nglangkungi tlatah kono sarta ngabaraké Injil ana ing kutha-kutha kabèh nganti tekan Kaisaréa.