1 Sawisé mangkono Paulus banjur nilar Aténa, tindak menyang Korintus.
2 Ana ing Korintus kepanggih karo wong Yahudi jenengé Akwila, asalé saka Pontus, kang lagi baé teka saka Italia karo Priskila, somahé, sabab Kaisar Klaudius dhawuh, supaya wong Yahudi kabèh padha ninggal Roma. Paulus banjur pinarak ing omahé.
3 Sarèhné pagawéané padha, Paulus banjur manggèn ing kono. Sakaroné nyambutgawé bebarengan, amarga padha-padha tukang gawé kémah.
4 Saben dina Sabat, Paulus memulang ana ing papan pangibadah lan ngudi ngyakinaké wong-wong Yahudi lan wong-wong Yunani.
5 Bareng Silas lan Timotius rawuh saka Makédonia, Paulus bisa mligi nyebar pangandika sarta paring paseksi marang para wong Yahudi, yèn Yésus iku Mésias.
6 Nanging bareng wong-wong iku padha madoni lan nyenyamah, panjenengané nuli ngetabaké lebu kang ana ing pangagemané tuwin ngandika, "Getihmu nempuha marang awakmu dhéwé; aku resik, ora luput. Wiwit saiki aku bakal marani bangsa-bangsa liya."
7 Sawisé mangkono banjur miyos saka kono, lan banjur tindak menyang omahé wong kang aran Titius Yustus, kang ngabekti marang Allah lan kang omahé sandhing papan pangibadah.
8 Nanging Krispus, panggedhéné papan pangibadah, dadi pracaya marang Gusti dalah sabrayaté sarta wong Korintus akèh, kang padha ngrungokaké pangandikané Paulus, banju r dadi pracaya, nuli padha kabaptis.
9 Ing sawijining bengi, Gusti ngandika marang Paulus sarana tetingalan, "Aja wedi! Terusna anggonmu martakaké pangandika lan aja lèrèn!
10 Amarga Ingsun nunggal karo kowé lan ora ana wong kang bakal nyekel lan nganiaya marang kowé, awit umatingsun akèh ana ing kutha kéné."
11 Mulané Paulus nganti sataun nem sasi anggoné manggèn ana ing kono sarta mulangaké pangandikané Allah ana ing satengahé wong-wong iku.
12 Ananging bareng Galio jumeneng gubernur ana ing Akhaya, wong-wong Yahudi banjur bebarengan nglawan Paulus, lan ngadhepaké panjenengané ing pangadilan,
13 aturé, "Tiyang punika mbudidaya ngyakinaken tiyang-tiyang supados ngabekti dhateng Allah kanthi patrap ingkang cengkah kaliyan angger-anggering Torèt."
14 Bareng Paulus arep ngaturaké panjawab, Galio ngandika marang wong-wong Yahudi mau, "Hé, wong-wong Yahudi, saupama pandakwamu iku bab pelanggaran utawa kadursilan, wus samesthiné menawa aku nampani prakaramu,
15 nanging menawa ana padudon bab tembung utawa jeneng, utawa angger-angger tumrap kowé kabèh, iku urusen dhéwé; aku emoh ngakimi prakara kang mangkono iku."
16 Banjur padha ditundhung saka pangadilan.
17 Wong iku kabèh banjur nyekel Sostenès, panggedhéné papan pangibadah, lan digebugi ana ing pangadilan, nanging Galio babar pisan ora mreduli bab iku.
18 Paulus isih lereb sawatara dina manèh ana ing Korintus, banjur pamitan marang para sadulur tunggal pracaya ing kono lan sawisé paras ana ing Kèngkréa, jalaran kagungan nadar, tumuli bidhal lelayaran menyang Siria. Priskila lan Akwila padha ndhèrèk.
19 Bareng wus rawuh ing Éfesus, Priskila lan Akwila ditilar déning Paulus ana ing kono. Panjenengané piyambak lumebet ing papan pangibadah lan rerembagan karo wong-wong Yahudi.
20 Wong-wong mau padha nyuwun marang panjenengané, supaya karsa lereb sawatara suwé ana ing kono, nanging ora karsa.
21 Panjenengané pamitan kalawan ngandika, "Kula badhé mriki malih, manawi Allah ngarsakaken." Banjur bidhal saka Éfesus.
22 Bareng wus rawuh ing Kaisaréa sawusé munggah ing dharatan lan paring salam marang pasamuwan, nuli tindak menyang Antiokhia.
23 Sawusé lereb sawatara dina ana ing kono, panjenengané banjur tindak manèh ndlajahi satanah Galatia lan Frigia kabèh, nyantosakaké atiné para murid.
24 Nalika samana ana wong Yahudi jenengé Apolos, asalé saka Alèksandria, teka ing Éfesus. Iku wong kang micara lan kawruhé bab isining Kitab Suci mumpuni banget.
25 Wong iku wus tampa piwulang bab Margining Pangéran. Kalawan semangat sarta patitis anggoné nglairaké piwulangé bab Yésus, nanging kang disumurupi mung bab baptis manut piwulangé Yohanes.
26 Anggoné wiwit memulang kalawan kendel ana ing papan pangibadah. Nanging bareng Priskila lan Akwila krungu, Apolos banjur diajak menyang omahé sarta diwènèhi katrangan kanthi cetha lan tliti bab Margining Allah.
27 Sarèhné Apolos kepéngin nyabrang menyang Akhaya, sadulur-sadulur tunggal pracaya ing Éfesus nuli nggawani layang kanggo para murid ing kono, supaya ditampa. Satekané ing Akhaya, marga saka sih-rahmaté Allah banjur dadi wong kang migunani banget tumrap para wong kang padha pracaya.
28 Awitdéné kanthi semangat anggoné mbantah wong-wong Yahudi ana ing ngarepé wong akèh sarta mbuktèkaké adhedhasar Kitab Suci, menawa Yésus iku Mésias.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 18
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 18

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke