1 Mulané, hé anakku, disantosa marga saka sih-rahmat kang ana ing Kristus Yésus.
2 Apa kang wis kokrungu saka aku kang sineksènan déning wong akèh, iku pitayakna marang wong-wong kang padha kena dipracaya, kang uga bisa memulang wong liya.
3 Mèlua nandhang sangsara kayadéné prajurité Kristus Yésus kang utama.
4 Prajurit kang lagi perang iku ora mreduli marang prakara-prakara kang magepokan karo panguripané, supaya marga saka mangkono iku ndadèkaké senenging komandhané.
5 Wong kang mèlu tetandhingan iku anggoné bisa olèh makuthaning kamenangan mung menawa manut tatanan olah-raga.
6 Wong tani kang panyambut-gawéné kanthi rekasa iku kuduné kang wiwitan ngrasakaké wohing pagawéané.
7 Apa kang dakkandhakaké iku gatèkna, amarga Gusti bakal paring pangerti bab samubarang marang kowé.
8 Élinga: Yésus Kristus, kang wus kawungokaké saka antarané wong mati, kang dadi tedhaké Daud, miturut Injil kang dakwartakaké.
9 Iya marga saka martakaké Injil iku, aku nandhang sangsara, malah kablenggu kayadéné durjana, nanging pangandikané Allah ora bisa kablenggu.
10 Mulané, kalawan sabar aku nglakoni iku kabèh kanggo para pepilihané Allah, supaya wong-wong iku iya padha olèh karahayon ana ing Kristus Yésus kalawan kamulyan kang langgeng.
11 Iki tembung kang bener, "Menawa kita ndhèrèk Panjenengané ana ing sédané, kita iya ndhèrèk Panjenengané ana ing wunguné.
12 Menawa kita tegen, kita iya bakal ndhèrèk ngerèh bareng karo Panjenengané. Menawa kita nyélaki Panjenengané, kita iya bakal disélaki Panjenengané.
13 Menawa kita ora setya, Panjenengané tetep setya, awit Panjenengané ora bisa nyélaki sarirané piyambak."
14 Wong-wong padha élingna lan pituturana ing bab iku kabèh kalawan temenan ana ing ngarsané Allah, supaya aja padha mbulet tembungé, amarga iku ora ana gunané babar pisan, malah ngisruhaké kang padha ngrungokaké.
15 Udinen, supaya kowé pantes ana ing ngarsané Allah anggonmu dadi abdi kang ora usah isin, kang ngundhangaké pangandikaning kayektèn kalawan terus terang.
16 Nanging singkirana tetembungan kang ngayawara lan panyenyamah kang mung nambahi duraka.
17 Tembungé wong-wong kang mangkono iku sumebar kaya lelara kangker. Himénéus lan Filétus iku panunggalané wong-wong iku,
18 kang wis nyimpang saka kayektèn sarana anggoné mulangaké yèn patangèn kita wis kelakon, sarta marga saka iku banjur gawé rusaking pracayané wong sawatara.
19 Nanging tetales kang dipasang déning Allah iku santosa lan nganggo tenger tulisan, surasané, "Gusti nguningani sapa kang dadi kagungané," lan "Saben wong kang nyebut asmané Pangéran iku supaya ninggal pialané."
20 Ing sajroning omah gedhé iku kang tinemu ora mung prabot emas lan pérak, nanging uga barang-barang kang kagawé saka kayu lan lemah; kang kawitan iku kapigunakaké kanggo kapreluan kang luhur, déné kang pungkasan iku kanggo kapreluan kang kurang luhur.
21 Menawa wong nucèkaké awaké saka piala, iku bakal dadi praboting omah kang mulya, iku disucèkaké, dianggep pantes tumrap kang duwé lan dicawisaké kanggo sadhénggah pakaryan kang becik.
22 Mulané ngedohana hawa-napsuné wong anom, ngudia kaadilan, kasetyan, katresnan lan tentrem-rahayu bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut Pangéran kalawan ati kang tulus.
23 Sakèhing prakara kang diothak-athik, kang tanpa budi lan kang ora pantes iku singkirana. Kowé sumurup, yèn prakara-prakara iku nuwuhaké dredah.
24 Mangka abdiné Gusti iku ora kena cecongkrahan, nanging kudu sumanak marang wong kabèh. Kudu bisa mulang, sabar,
25 lan kalawan alus bisa nuntun wong kang seneng nglawan, sabab mbokmenawa Gusti maringi wewengan marang wong-wong mau bisa mratobat, sarta nuntun wong-wong mau nganti padha wanuh marang kayektèn;
26 lan sarana mangkono, banjur padha éling manèh, marga wis uwal saka kala-jireting Iblis, kang wis ngendhalèni wong-wong iku nindakna kekarepané.