1 Para Sadulur kang kinasih, layang iki wis kang kapindho, kang daktulis marang kowé. Ana ing layang sakaroné iku, aku mbudidaya nenangi pangertèn kang murni srana pepéling-pepéling,
2 supaya kowé padha éling marang pangandika kang biyèn wis kadhawuhaké déning para nabi kang suci, sarta marang dhawuhé Gusti lan Juru-wilujeng, lantaran para rasulmu marang kowé kabèh.
3 Kang prelu banget kudu kokmangertèni, yaiku menawa ing dina-dina wekasan bakal ana para wong kang teka memoyoki, yaiku wong kang lakuné padha nuruti hawa-napsuné,
4 sarta kang padha duwé uni mangkéné, "Endi prasetya bakal rawuhé iku? Jalaran wis wiwit nalika ngajalé para leluhur kita, samubarang kabèh ajeg baé kaya nalika katitahaké."
5 Wong-wong iku njarag ora gelem ngerti, menawa marga saka sabdaning Allah wiwit biyèn mula wus ana langit lan uga ana bumi, kang dumadiné saka banyu sarta sarana banyu.
6 Sarta marga saka banyu iku bumi kala samana wis sirna, kelem déning banjir patopan.
7 Nanging déning pangandika iku mau uga, langit lan bumi kang saiki bakal kaobong ing geni, déné saiki isih kareksa nganti ing dina pangadilan lan tumpesé para wong mblasar.
8 Mung baé para Sadulur kang kinasih, prakara siji iki ora kena kok lalèkaké, yaiku yèn ing ngatasé Pangéran sadina iku prasasat sèwu taun, sarta sèwu taun iku prasasat sadina.
9 Pangéran ora rendhet anggoné netepi prasetyané, sanadyan ana sawenèhing wong kang ngarani rendhet. Panjenengané nyabari kowé, sabab karsané aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya wong kabèh padha mbalik sarta mratobat.
10 Déné dina rawuhé Gusti iku tekané kaya patrapé maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta pérang-pérangané bakal lebur kobong, apadéné bumi lan kabèh kang ana ing kono bakal sirna.
11 Mulané menawa samubarang kabèh iki bakal lebur kanthi patrap mangkono iku, saiba gedhéné kasucèn lan kamursidan kang kudu kok udi ing uripmu,
12 ing sajroné kowé padha nganti-anti sarta nyengkakaké tekané dinané Allah. Ing dina iku langit bakal lebur déning geni sarta pérang-pérangané luluh marga urubé.
13 Nanging cocog karo prasetyané, kita padha nganti-anti marang langit anyar sarta bumi anyar kang kadunungan kayektèn.
14 Mulané para Sadulur kinasih, sajroné kowé padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsané kalawan tentrem-rahayu.
15 Sarta kasabarané Gusti kita iku anggepen minangka wewengan tumrap kowé kabèh kanggo olèh karahayon, iya kaya kang wis katulis déning Paulus sadulur kita kang kinasih marang kowé, miturut kawicaksanan kang kaparingaké marang panjenengané.
16 Prakara iku katindakaké ana ing layangé kabèh, nalika ngrembug prakara-prakara iki. Ing sajroning layang-layangé iku ana bab-bab kang angel dipahami, satemah wong-wong kang ora ngerti sarta ora kukuh imané, njungkir-balikaké prakara iku mau, njalari karusakané dhéwé, padha kaya kang katindakaké tumrap tulisan-tulisan liyané.
17 Nanging kowé kabèh, para Sadulur kang kinasih, sadurungé wus padha mangerti prakara iku. Mulané padha diwaspada, supaya aja nganti kasèrèt ing panasaré wong-wong kang ora ngerti pepakon, sarta aja kélangan gondhèlanmu kang kukuh.
18 Malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat sarta ing pangertèn marang Gusti lan Juru-wilujeng kita, Yésus Kristus. Panjenengané kang sayogya sinaosan kamulyan ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawasé.