1 Ing sajroning atiku aku wus netepaké, menawa aku ora bakal nekani kowé manèh kalawan susah.
2 Awit, menawa aku kang gawé sedhihmu, sapa manèh kang bisa gawé bungahku kajaba kang padha sedhih marga saka aku.
3 Lan iya iku karepé layangku iki, yaiku supaya menawa aku teka, aja nganti aku sedhih marga saka wong-wong, kang kuduné padha gawé bungahku. Sabab aku yakin ing bab kowé kabèh, menawa kabungahanku iku iya kabungahanmu.
4 Sabab anggonku nulis marang kowé iku kanthi was-was lan sedhihing ati kang banget lan kanthi nètèsaké eluh akèh, ora supaya kowé dadi sedhih, nanging supaya kowé padha sumurup sapira gedhéné katresnanku marang kowé kabèh.
5 Déné menawa ana wong kang gawé sedhih, iku dudu atiku kang digawé sedhih, nanging kowé kabèh, utawa saora-orané wong sawatara ing antaramu. Aku ora mbanget-bangetaké prakara iki.
6 Wong kang kaya mangkono iku wus cukup nampa paukuman saka wong akèh ing antaramu,
7 malah kosok-baliné kowé padha ngapuraa lan nglipura wong iku, supaya aja nganti ngenes marga saka bangeting sedhihé.
8 Mulané aku pitutur marang kowé kabèh, padha nandukna katresnan marang wong mau.
9 Awit iya iku tujuané anggonku nulis layang marang kowé, yaiku kanggo ndadar kowé, apa kowé padha tetep mituhu ing samubarang kabèh.
10 Awit sapa kang kokapura kaluputané, iku iya dakapura. Sabab yèn aku ngapura -- saupama ana kang kudu dakapura - anggonku ngapura iku marga saka kowé ana ing ngarsané Kristus,
11 supaya Iblis aja nganti ngapusi kita, sabab kita sumurup apa karepé.
12 Nalikané aku tekan Troas prelu martakaké Injilé Kristus, aku wus kawenganan lawang kanggo makarya déning Gusti ana ing kana.
13 Nanging atiku ora rumangsa tentrem, sabab aku ora kepethuk karo Titus, sadulurku tunggal pracaya, mula aku banjur pamitan lan mangkat menyang Makédonia.
14 Nanging puji sokur konjuk ing Allah, kang ana ing Kristus tansah nuntun aku kabèh ana ing dalaning kaunggulané. Lan lumantar aku kabèh Panjenengané nyebar aruming kawruh bab Panjenengané ing saenggon-enggon.
15 Awit kagem Allah aku kabèh iki dadi ganda kang arum saka Kristus ana ing tengah-tengahing wong kang padha nemu karahayon lan ana ing antarané wong kang padha nemu karusakan.
16 Tumrap kang nemu karusakan, aku kabèh iki gandaning pati kang njalari pati, lan tumrap kang nemu karahayon, gandaning urip kang nguripaké. Nanging sapa ta kang kaconggah nglakoni ayahan kang kaya mangkono iku?
17 Awit aku kabèh ora padha karo wong akèh liyané, kang padha mburu nawak-nawakaké pangandikaning Allah. Kosok-baliné ana ing Kristus aku padha ngucap ing samesthiné kanthi maksud-maksud kang murni awit saka dhawuhing Allah lan ana ing ngarsané.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Korintus 2
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Korintus 2

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke