1 Awit saka iku, kang dhisik dhéwé aku mituturi: Padha ngaturna panyuwun, pandonga safaat lan panuwun sokur tumrap ing wong kabèh,
2 tumrap para raja sarta tumrap sakèhing panggedhé, supaya urip kita bisa tentrem lan ayem ana ing sajroning sakèhé kamursidan lan kaurmatan.
3 Iya iku kang becik lan kang dadi keparenging Allah, Pamarta kita,
4 kang ngarsakaké, supaya wong kabèh padha kapitulungan rahayu lan padha olèh kawruh bab kang bener.
5 Amarga Allah iku asipat tunggal, samono uga Pantawis antarané Allah lan manungsa iya mung siji, yaiku Kristus Yésus kang jumeneng Manungsa,
6 kang wis masrahaké sarirané minangka panebus kanggo wong kabèh: Iku paseksi ing waktu kang wis katemtokaké.
7 Iya kanggo paseksi iku aku wus katetepaké dadi juru-warta lan rasul, -- kang dakkandhakaké iki bener, aku ora goroh -- lan dadi guruné wong-wong dudu Yahudi, sajroning pracaya lan apa kang bener.
8 Awit saka iku, aku kepéngin supaya ing sadhéngah papan wong lanang padha ndedonga kalawan ngulukaké tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.
9 Mangkono uga wong wadon, padha manganggoa kang pantes, sopan lan prasaja, rambuté aja diklabang, aja manganggo mas-masan, mutiyara utawa sandhangan kang larang-larang,
10 nanging manganggoa sandhangan kang wujud panggawé becik, dikaya sapatuté wong wadon kang ngibadah.
11 Wong wadon iku kuduné anteng lan nampani piwulang kalawan mbangun-turut.
12 Wong wadon ora dakwenangaké memulang sarta ora dakwenangaké ngwasani wong lanang, padha antenga baé.
13 Awitdéné Adam kang katitahaké dhisik, banjur lagi Hawa.
14 Apamanèh dudu Adam kang kagodha, nanging wong wadon iku kang kagodha lan tumiba ing dosa.
15 Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu amarga saka anggoné duwé anak, anggeré ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucèn kalawan prasaja.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 1 Timotius 2
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 1 Timotius 2

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke