1 Wasana, para Sadulur, panjaluk lan pituturku kabèh marang kowé ana ing patunggilané Gusti Yésus: Kowé wis padha krungu saka aku, kepriyé kuduné lakumu supaya ndadèkaké keparenging Allah. Bab iku pancèn wis padha koktindakaké, éwasamono prayogané kowé saya tumemena anggonmu padha tumindak mangkono.
2 Kowé uga wis padha ngerti marang pituduh-pituduh kang wis padha dakwènèhaké marang kowé awit saka asmané Gusti Yésus.
3 Amarga kang dadi karsané Allah iku: kasucènmu, yaiku supaya kowé padha nyingkiri laku-cabul,
4 supaya wong panunggalanmu ngepèk wong wadon siji dadi somahé dhéwé sarta urip ing sajroning kasucèn lan kasusilan,
5 ora amarga saka derenging hawa-napsu, kayadéné tumindaking wong kang padha ora wanuh marang Allah,
6 apamanèh wong aja gawé pitunané utawa ngapusi saduluré tunggal pracaya. Amarga Gusti kang bakal malesaké iku kabèh, kaya kang wis tau padha dakkandhakaké lan daktandhesaké marang kowé.
7 Allah anggoné nimbali kita iku ora supaya laku-najis, nanging supaya nindakaké apa kang suci.
8 Mulané sapa baé kang nampik bab iki, iku ora nampik manungsa, nanging nampik marang Allah kang uga wis maringaké Rohé kang suci marang kowé kabèh.
9 Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis marang kowé, awit kowé dhéwé wus padha ngulinakaké tresna-tinresnan saka Allah.
10 Bab iku uga padha koktindakaké marang sadulur tunggal pracaya kabèh ing saindenging Makédonia. Éwadéné, para Sadulur, aku padha pitutur marang kowé, supaya kowé padha luwih mempeng anggonmu nindakaké mangkono.
11 Apadéné anggepen sawijining pakurmatan menawa bisa urip tentrem, bisa ngurus prakara-prakarané dhéwé, sarta bisa nyambut-gawé kalawan tanganmu, kaya kang wis tau padha dakwelingaké marang kowé,
12 satemah uripmu dadi wong-wong sopan ing ngarepé wong njaba sarta ora gumantung marang wong-wong mau.
13 Sabanjuré, para Sadulur, karepku kowé aja nganti padha ora mangerti bab para wong kang wus mati, supaya kowé aja padha sedhih kaya wong-wong liya kang ora duwé pangarep-arep.
14 Amarga yèn kita pracaya, menawa Yésus wus séda lan wus kawungokaké, kita uga pracaya, menawa lantaran Yésus, Allah bakal ngempalaké wong-wong kang wis mati mau bareng karo Panjenengané.
15 Bab iku padha dakkandhakaké marang kowé sarana pangandikané Gusti: Kita kang isih urip, kang isih kari nganti tumeka rawuhé Gusti, babar pisan ora bakal ndhisiki kang wis padha mati.
16 Sabab sawusé ana tengara, yaiku samangsa panggedhéné malaékat nyuwanten sora, sarta kalasangkaning Allah kaunèkaké, Gusti piyambak bakal tumedhak saka swarga, lan wong-wong kang mati ana ing Kristus bakal padha tangi dhisik.
17 Sawusé iku, kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo wong-wong mau ana ing méga, methukaké Gusti menyang awang-awang. Mangkono kita bakal bebarengan karo Gusti ing salawas-lawasé.
18 Mulané kowé padha lipur-linipura sarana tembung-tembung iki.