1 Marga saka iku, sakèhing piala sarta sarupané apus-apus, sakèhing lamis, drengki, apadéné pitenah padha buwangen.
2 Dikaya bayi kang mentas lair, kang tansah kepéngin marang susu kang murni lan kang rohani, supaya marga saka iku padha tuwuh lan antuk kaslametan,
3 menawa kowé wus padha ngrasakaké tenanan yèn Allah iku becik.
4 Padha sowana Panjenengané, watu kang urip iku, kang pancèn ditampik déning manungsa, nanging kang pinilih lan kinurmatan ana ing ngarsaning Allah.
5 Sarta karebèn kowé iya padha kapigunakaké kayadéné watu urip kanggo mbangun padaleman kasukman tumrap kaimaman kang suci, kanggo nyaosaké pisungsung rohani, kang marga Yésus Kristus njalari keparengé Allah.
6 Sabab ing Kitab Suci wis katulis, mangkéné, "Sajatiné, Ingsun wis masang watu ana ing Sion, iya iku watu pojokan kang pinilih lan aji, déné sapa wong kang kumandel marang Panjenengané, ora bakal kawirangaké."
7 Mulané, tumraping kowé kang pracaya, Panjenengané iku aji banget, nanging tumrap kang padha ora pracaya, "Watu kang ditampik déning para tukang bangunan, iku wis dadi watu pojokan, apadéné iya wis dadi watu patanggoran lan watu sandhungan."
8 Anggoné padha kasandhung iku marga ora mbangun turut marang pangandikané Allah; sarta wong-wong iku pancèn iya wis kacadhangaké tumrap bab iku.
9 Balik kowé iku bangsa kang pinilih, kaimaman kang ngrajani, bangsa kang suci, umat kagungané Allah pribadi, supaya kowé padha martakaké pakaryan-pakaryan agung kang katindakaké déning Panjenengané, kang wis nimbali kowé metu saka pepeteng marang pepadhangé kang ngéram-éramaké.
10 Kowé, kang mauné dudu umaté Allah, nanging saiki wis dadi umaté, kang mauné ora padha kawelasan, nanging saiki wis nampa piwelas.
11 Hé, para Sadulur kang kinasih, aku pitutur marang kowé, supaya kayadéné wong kang mondhok lan wong neneka, padha ngedohana sakèhing pepénginané daging kang padha nglawan nyawamu.
12 Dibecik uripmu ana ing satengahé bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, supaya menawa kowé dipitenah nindakaké kadurjanan, wong-wong iku padha meruhi panggawému kang becik, satemah ngluhuraké Allah ing dina nalika Panjenengané ngrawuhi wong-wong mau.
13 Marga saka karsané Pangéran, padha sumuyuda marang sakèhing pangwasa kang katetepaké manut tatananing manungsa, dadia marang raja kang mengku pangwasa kang dhuwur dhéwé,
14 apadéné para pangwasa sangisoré kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakaké piala sarta ngurmati wong kang tumindak becik.
15 Sabab, kang dadi karsané Allah, yaiku supaya sarana panggawé becik, kowé mbungkem wong bodho kang cethèk kawruhé.
16 Uripa kayadéné wong mardika, aja kaya wong kang nylèwèngaké kamardikan iku kanggo nutupi pialané, nanging uripa kayadéné abdining Allah.
17 Padha ngajènana wong kabèh, padha nresnanana sadulur-sadulurmu kang tunggal pracaya. Duwéa rasa wedi-asih marang Allah, ngurmatana raja!
18 Hé, kowé para abdi; padha sumuyuda kanthi pakéring marang bendaramu, ora mung marang kang becik lan grapyak baé, nanging uga marang kang kereng.
19 Jalaran iku mujudaké sih-rahmat, menawa ana wong kang rumangsa kakersakaké déning Allah nandhang sangsara, kang ora samesthiné kasandhang.
20 Sabab, menawa kowé digebugi marga pokalmu kang dosa, apa iku kena diarani pangalembana? Nanging menawa kowé tumindak kang becik sarta marga saka iku kowé nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsané Allah.
21 Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Yésus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowé sarta wis nilari tuladha marang kowé, supaya kowé uga tumindak kaya Panjenengané.
22 Panjenengané iku ora damel dosa, sarta saka ing tutuké ora ana kang cidra.
23 Nalika Panjenengané dipisuhi, ora males misuh; nalika nandhang sangsara ora ngancam, nanging sumarah marang Panjenengané kang ngadili kanthi adil.
24 Panjenengané piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirané ana ing kayu salib, supaya kita kang wis mati tumraping dosa, padha urip tumrap prakara kang bener. Marga saka bilur-biluré kowé wis padha kawarasaké.
25 Awitdéné biyèn kowé padha kaya wedhus kang kesasar, nanging saiki wis padha bali marang Pangon sarta Pamomonging nyawamu.