1 Apa ana wong ing antaramu kang menawa prakaran karo padha sadulur, wani golèk kaadilan marang wong kang padha ora pracaya, ora marang para suci?
2 Utawa apa kowé padha ora sumurup, yèn para suci bakal ngadili jagat? Lan menawa pangadilané jagat iku ana ing tanganmu, apa kowé ora saguh ngrampungi prakara-prakara kang rèmèh?
3 Apa kowé padha ora sumurup, yèn kita bakal ngakimi para malaékat? Apamanèh prakara-prakara padinan.
4 Sanadyan mangkono menawa kowé arep ngurus prakara-prakara padinan, apa banjur kokpasrahaké marang wong kang ora kepétung ana ing pasamuwan?
5 Bab iki dakkandhakaké, supaya kowé padha rumangsa isin. Apa siji baé ora ana ta ing antaramu kang wicaksana, kang bisa ngrampungi prakarané para saduluré kang tunggal pracaya?
6 Apa sadulur kang prakaran karo sadulur liyané, malah golèk kaadilan marang wong-wong kang ora pracaya?
7 Bab anané prakara kang tuwuh ana ing antaramu iku baé, wus nélakaké kekalahanmu. Yagéné kowé ora luwih becik nandhang sangsara marga digawé sawenang-wenang? Yagéné kowé ora luwih becik nandhang kapitunan?
8 Ananging kowé dhéwé malah padha tumindak sawenang-wenang lan padha gawé pituna kanthi ngapusi, lan iku malah koktandukaké marang para sadulurmu tunggal pracaya.
9 Utawa kowé padha ora sumurup, yèn wong kang padha ora adil iku bakal ora tampa warisan Kratoning Allah? Aja padha kesasar. Wong kang laku cabul, nyembah brahala, seneng laku jina, wong lanang kang kawin karo padha lanang, lan pasangané wong-wong mau,
10 kang nyenyolong, srakah, seneng endem-endeman, tukang mitenah lan tukang njarah-rayah, iku ora bakal tampa warisan Kratoning Allah.
11 Sawenèhing panunggalanmu biyèn iya kaya mangkono iku, nanging kowé wis padha masrahaké awakmu supaya diresiki, kowé wis padha kasucèkaké, wis padha kabeneraké ing asmané Gusti Yésus Kristus lan ing Rohé Allah kita.
12 "Samubarang diparengaké tumraping aku", nanging ora samubarang maédahi. Samubarang diparengaké tumraping aku, nanging awakku dakjaga aja nganti dikwasani déning apa baé.
13 Pangan iku kanggo weteng, lan weteng kanggo pangan: nanging sakaroné bakal dilebur déning Allah. Badan iku ora kanggo laku cabul, nanging kagem Gusti, lan Gusti kanggo badan.
14 Allah wus mungokaké Gusti; kita iya bakal katangèkaké marga saka pangwaosé.
15 Apa kowé padha ora sumurup, yèn badanmu iku dadi gegelitaning Kristus? Kang iku gegelitaning Kristus apa bakal dakjupuk, tuwin dakdadèkaké gegelitané pelacur? Babar pisan ora!
16 Utawa, apa kowé ora sumurup, yèn sing sapa rumaket marang pelacur, iku dadi nunggal sabadan? Rak ana pangandika mangkéné, "Loro-loroné bakal dadi daging siji."
17 Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggal roh kalawan Panjenengané.
18 Padha ngedohana laku cabul! Sarupaning dosa liyané kang dilakoni wong iku tumindaké sanjabaning badané. Nanging wong kang nindakaké laku cabul iku ateges dosa marang badané dhéwé.
19 Apa kowé padha ora sumurup, yèn badanmu iku padha dadi padalemané Roh Suci kang dedalem ana ing kowé, Roh Suci kang kaparingaké marang kowé déning Allah, sarta menawa awakmu iku dudu awakmu dhéwé?
20 Sabab kowé wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulané padha ngluhurna Allah srana badanmu!

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 1 Korintus 6
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 1 Korintus 6

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke