1 "Aku iki wit anggur kang sejati sarta Ramaku iku kang among tani.
2 Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohé, dipagas lan kang metu wohé, diresiki, supaya mundhaka akèh wohé.
3 Kowé iku wis padha resik awit saka pangandika kang wis dakwulangaké marang kowé.
4 Kowé tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowé. Padha kaya pang ora bisa metu wohé saka awaké dhéwé, menawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowé ora bisa metokaké woh menawa ora tetep dumunung ana ing Aku.
5 Aku iki wité anggur lan kowé iku pang-pangé. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku, iku kang metokaké woh akèh, awit menawa pisah saka Aku, kowé padha ora bisa tumindak apa-apa.
6 Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungaké ing geni, sarta kaobong.
7 Menawa kowé dumunung ana ing Aku lan piwulangku dumunung ana ing kowé, padha nyuwuna apa baé kang kokkarepaké, kowé bakal kasembadan.
8 Kang dadi margané Ramaku kaluhuraké, yaiku menawa kowé padha metokaké woh akèh sarta marga saka mangkono kowé padha tetéla yèn dadi muridku."
9 "Kayadéné Sang Rama wis nresnani Aku, mangkono uga Aku iya wis nresnani kowé; padha tetepa dumunung ing katresnanku iku.
10 Menawa kowé netepi dhawuhku, kowé bakal tetep dumunung ing katresnanku, kayadéné anggonku wus netepi dhawuhé Ramaku sarta tetep dumunung ana ing katresnané.
11 Kabèh iku dakkandhakaké marang kowé, supaya kabungahanku dumununga ing kowé lan kabungahanmu dadia sampurna.
12 Dhawuhku iku mangkéné, yaiku supaya kowé padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonku wus nresnani kowé.
13 Ora ana katresnan kang gedhéné ngluwihi katresnané wong kang ngetohaké nyawané kanggo nglabuhi mitra-mitrané.
14 Kowé iku mitraku, menawa kowé padha nglakoni apa kang dakdhawuhaké marang kowé.
15 Aku ora ngarani abdi manèh marang kowé, sabab abdi iku ora mangerti apa kang katindakaké déning bendarané, nanging kowé wus padha daksebut mitra, jalaran sabarang kang wis dakrungu saka Ramaku, iku wis daksumurupaké kabèh marang kowé.
16 Dudu kowé kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowé. Aku wis netepaké, supaya kowé padha lunga lan metokaké woh lan wohmu iku lestaria, sarana mangkono apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengku, kajurungana déning Panjenengané marang kowé.
17 Iki dhawuhku marang kowé: Padha tresna-tinresnanana."
18 "Menawa kowé padha disengiti déning jagat, élinga yèn jagat wis sengit marang Aku sadurungé kowé.
19 Saupama pinangkamu saka ing jagat, mesthi jagat tresna marang kowé awit dadi duwèké. Nanging sarèhné pinangkamu ora saka ing jagat, malah Aku wus milih kowé saka ing jagat, mulané jagat sengit marang kowé.
20 Padha élinga marang pitutur kang wus dakwulangaké marang kowé: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarané. Menawa Aku iki wis dikuya-kuya, kowé uga mesthi bakal dikuya-kuya; menawa wong-wong iku netepi dhawuhku, mesthi iya netepi pituturmu.
21 Nanging iku kabèh bakal katandukaké marang kowé marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengané kang ngutus Aku.
22 Saupama Aku ora teka lan ora mituturi wong-wong iku, mesthi padha ora duwé dosa. Nanging saiki wong-wong iku ora duwé alesan ing bab dosané.
23 Sing sapa sengit marang Aku, uga sengit marang Ramaku.
24 Saupama Aku ora nindakaké pakaryan ana ing satengahé wong-wong iku, kang durung tau ditindakaké déning wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wis padha weruh marang iku kabèh, wong-wong iku padha sengit marang Aku lan marang Ramaku.
25 Nanging pangandika kang katulis ana ing kitab Torèté wong-wong iku kudu ditetepi: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.
26 Menawa Juru Panglipur kang bakal dakutus saka Sang Rama rawuh, yaiku Rohing Kayektèn kang miyos saka Sang Rama, Panjenengané iku bakal neksèni mungguh ing Aku.
27 Ananging kowé iya kudu neksèkaké uga, marga kowé wiwit wiwitan mula nunggal karo Aku."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yohanes 15
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yohanes 15
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Yohanes

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke