1 "Atimu aja melang-melang; padha kumandela marang Allah; uga kumandela marang Aku.
2 Ing dalemé Ramaku akèh panggonan. Menawa ora mangkono, kowé mesthi dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisaké papan kanggo kowé.
3 Déné menawa Aku wis mrana lan wis nyawisaké papan kanggo kowé, Aku bakal bali manèh lan ngajak kowé menyang padununganku, supaya ing ngendi padununganku, kowé uga padha ana ing kana.
4 Lan menyang ngendi paranku, kowé iya padha mangerti dalané mrana."
5 Tomas munjuk marang Panjenengané, "Gusti, kawula mboten mangertos dhateng pundi tindak Panjenengan, dados kadospundi anggèn kawula sumerep marginipun mrika?"
6 Pangandikané Yésus, "Aku iki dalané, sarta jatiné kayektèn lan urip. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, menawa ora metu Aku.
7 Menawa kowé padha wanuh marang Aku, mesthi kowé kabèh iya wanuh marang Ramaku. Wiwit saiki kowé wanuh marang Panjenengané sarta wis padha ndeleng Panjenengané."
8 Filipus munjuk marang Panjenengané, "Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika, supados kawula sami marem."
9 Pangandikané Yésus, "Wis samono lawasé Aku nunggal karo kowé, Filipus, éwasamono kowé ora wanuh marang Aku? Sapa baé kang wis ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kepriyé déné kowé kandha: Kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama?
10 Apa kowé ora ngandel yèn Aku iki ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang dakkandhakaké marang kowé iku, ora saka karepku dhéwé, nanging saka Sang Rama, kang dedalem ana ing Aku, Panjenengané iku kang nindakaké pakaryané.
11 Padha ngandela marang Aku, yèn Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orané, padha ngandela, marga saka pakaryan-pakaryan iku.
12 Satemené Aku pitutur marang kowé: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakaké uga pakaryan kang daktindakaké, malah pakaryan-pakaryan kang ngungkuli iku. Awit Aku sowan menyang ngarsané Sang Rama;
13 lan apa baé kang koksuwun atas saka jenengku, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra.
14 Menawa kowé padha nyuwun apa-apa marang Aku atas saka jenengku, iku Aku kang bakal ngleksanani."
15 "Menawa kowé padha tresna marang Aku, kowé padha netepana pepakonku,
16 Aku bakal nyuwun marang Sang Rama lan Panjenengané bakal maringi kowé Juru Pitulung liyané, supaya Panjenengané nunggil karo kowé, ing salawasé,
17 yaiku Rohing Kayektèn. Jagat ora bisa nampani Panjenengané, amarga jagat ora sumurup lan ora wanuh marang Panjenengané, nanging kowé padha wanuh marang Panjenengané, amarga Panjenengané nunggil karo kowé lan bakal dedalem ana ing kowé.
18 Kowé ora bakal daktinggal lola, Aku bakal mbalèni kowé.
19 Mung kurang sadhéla jagat ora bakal ndeleng Aku manèh, nanging kowé ndeleng Aku, awit Aku urip, lan kowé iya bakal urip.
20 Ing waktu iku kowé bakal padha mangerti, yèn Aku ana ing Ramaku lan kowé padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowé.
21 Sing sapa nduwèni sarta netepi pepakonku, iya iku kang tresna marang Aku. Sing sapa tresna marang Aku, iku bakal ditresnani déning Ramaku lan Aku uga bakal nresnani sarta bakal nglairaké sariraku marang wong iku."
22 Yudas, dudu Yudas Iskariot, tumuli munjuk marang Yésus, "Gusti, sababipun punapa déné Panjenengan badhé nglairaken sarira Panjenengan dhateng kawula sadaya, lan mboten dhateng jagat?"
23 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi piwulangku sarta bakal ditresnani déning Ramaku lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta dedalem ana ing wong iku.
24 Sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi piwulangku; lan piwulangku kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku.
25 Kabèh iku mau dakkandhakaké marang kowé, mumpung Aku isih nunggal karo kowé;
26 nanging Juru Pitulung, yaiku Roh Suci, kang bakal kautus déning Sang Rama atas jenengku, iku kang bakal mulangaké samubarang kabèh marang kowé sarta bakal ngélingaké kowé sabarang kang wis dakkandhakaké marang kowé.
27 Kowé padha daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuku dakwènèhaké marang kowé, lan apa kang dakwènèhaké iku ora kaya pawèwèhé jagat marang kowé. Atimu aja melang-melang lan aja giris.
28 Kowé wis padha krungu, yèn Aku wis kandha marang kowé: Aku lunga, nanging bakal nekani kowé manèh. Menawa kowé tresna marang Aku, kowé mesthi padha bungah amarga Aku lunga sowan menyang Ramaku, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku.
29 Lan saiki uga kowé padha dakkandhani sadurungé bab iku kelakon, supaya samangsa kelakon, kowé padha pracaya.
30 Aku ora pitutur akèh manèh marang kowé, awit panggedhéné jagat iki teka, mangka ora duwé pangwasa sathithik-thithika ingatasé Aku.
31 Nanging supaya jagat mangerti, menawa Aku tresna marang Sang Rama sarta menawa Aku nindakaké samubarang kang didhawuhaké Sang Rama marang Aku. Mulané ngadega, ayo padha lunga saka kéné."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yohanes 14
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yohanes 14
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Yohanes

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke