1 Para Sadulurku, ing antaramu aja akèh kang kepéngin dadi pamulang; jalaran kowé padha sumurup, menawa kita dadi pamulang, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.
2 Amarga kita kabèh padha kaluputan ing prakara akèh; sing sapa ora kaluputan ing tetembungané, iku wong sampurna, kang bisa ngendhalèni awaké sakojur.
3 Kita padha masang kendhali ing cangkemé jaran, satemah nuruti kekarepan kita, sarana mangkono kita uga bisa ngendhalèni awaké sakojur.
4 Lan manèh, delengen kapal-kapal, sanadyan gedhé banget sarta kasurung déning angin banter, nanging kena dikendhalèni déning kemudhi kang cilik banget, manut kekarepané jurumudhi.
5 Mangkono uga ilat, sanadyan dadi pérangané badan kang cilik, éwadéné kena kanggo ngandhakaké prakara-prakara kang gedhé. Delengen, sanadyan mung sapelik, geni iku bisa ngobong alas kang gedhé.
6 Ilat iku iya geni, prasasat jagating kadurakan sarta dadi gegelitaning badan kita, kang bisa ngregedi badan sakojur sarta ngobong jantraning urip kita; déné ilat iku dhéwé kaobong déning geni naraka.
7 Sakèhing kéwan alas, bangsa manuk, sarta kéwan-kéwan rumangkang lan kéwan-kéwan segara, iku bisa digawé tutut lan wis kelakon digawé ora giras déning manungsa,
8 nanging ora ana wong sijia baé kang bisa gawé tututing ilat; ilat iku piala kaya kéwan galak kang ora kena dikendhalèni sarta kebak wisa kang mematèni.
9 Sarana ilat kita memuji Pangéran, Rama kita, sarta sarana ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahaké manut citraning Allah,
10 saka cangkem siji metokaké berkah lan ipat-ipat. Kang mangkono iku, para Sadulurku ora kena kelakon.
11 Apa ana sumber kang metu banyuné tawa lan pait saka etuk siji?
12 Para Sadulurku, wit anjir apa bisa awoh zaitun utawa wit anggur awoh anjir? Mangkono uga etuk banyu asin ora bisa metokaké banyu tawa.
13 Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta wasis? Iku nuduhna panggawéné sarana caraning urip kang becik marga kawicaksanan kang tuwuh saka alusing budi.
14 Menawa kowé padha duwé rasa mèri sarta mung mikir awakmu dhéwé, kowé aja padha gumunggung sarta aja goroh, iku nglawan kayektèn!
15 Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ngaluhur, nanging saka donya iki, saka kamanungsan, saka sétan-sétan.
16 Sabab angger ana kumèrèn sarta mung mikir awaké dhéwé, mesthi bakal ana kekisruhan sarta sarupané panggawé ala.
17 Balik kawicaksanan kang saka ngaluhur, iku kang dhisik dhéwé murni, sabanjuré dhemen rukun, alus ing budi, mbangun turut, sugih kawelasan sarta awoh kabecikan, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.
18 Déné woh kang dumadiné saka kayektèn iku kasebaraké sajroning tentrem-rahayu kanggo wong-wong kang padha mbangun tentrem-rahayu.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yakobus 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yakobus 3

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke