1 Sawisé mangkono aku weruh: Lah sanyata, lawanging swarga ana kang menga sarta ana swara kang wis dakrungu biyèn, ngandikani aku kaya swarané kalasangka, mangkéné, "Sira munggaha mréné bakal suntedahi apa kang sawisé iki pinasthi kelakon."
2 Sanalika iku aku kalimputan ing Roh, lah ing swarga ana dhampar, lan ana kang lenggah ing dhampar iku.
3 Panjenengané kang lenggah ing dhampar iku sawangané kaya sesotya yaspis lan sardis; lan ing sakubengé dhampar ana kluwungé kang katon sumunar kaya jamrud.
4 Anadéné ing sakubengé dhampar mau ana dhamparé patlikur linenggahan déning pinituwa patlikur, padha ngagem ageman putih sarta ngagem makutha emas.
5 Saka ing dhampar mau ana kilaté kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepé dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohé Allah pepitu.
6 Karodéné ing ngarepé dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahé dhampar lan ing sakubengé ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.
7 Déné makluk mau kang kapisan kaya singa, kang kapindho kaya pedhèt, kang katelu iku rainé kaya manungsa, lan kang kapaté kaya manuk garudha mabur.
8 Makluk papat mau siji-sijiné ana swiwiné enem, ing sisih njaba lan njeroné padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa lèrèn anggoné ngucap mangkéné, "Suci, suci, suci, Gusti Allah ingkang Mahakwaos, ingkang rumiyin wonten, ingkang samangké wonten, saha ingkang badhé rawuh."
9 Saben-saben makluk mau padha ngunjukaké pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengané kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawasé,
10 para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsané kang lenggah ing dhampar iku, sarta manembah marang Panjenengané kang gesang ing salawas-lawasé. Sarta padha nyèlèhaké makuthané ana ing sangarepé dhampar iku kalawan munjuk,
11 "Dhuh Gusti saha Allah kawula, Paduka ingkang sayogi tampi pamuji saha pakurmatan sarta pangwaos. Amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan tinitahaken."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 4
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 4

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke