1 Sawusé iku Gusti netepaké wong pitung puluh manèh saka para murid liyané padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengané, menyang saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.
2 Kabèh padha dipangandikani, "Panèné pancèn gedhé, nanging sing derep mung sathithik. Mulané padha nyenyuwuna marang Kang Kagungan panèn, supaya karsa ngintunaké wong-wong kang derep ing panènan.
3 Padha mangkata, lah kowé padha dakutus kayadéné cempé menyang satengahé asu ajag.
4 Aja padha nggawa tas utawa kanthong uba-rampé tuwin trumpah, sarta sajroné ana ing dalan iku aja uluk-salam karo sapa baé.
5 Menawa kowé lumebu ing sawijining omah, padha ngucapa mangkéné dhisik: Tentrem-rahayu mugi wonten ing dalem ngriki.
6 Anadéné menawa ing kono tinemu putraning tentrem-rahayu, uluk-salammu bakal lestari ana ing kono. Nanging menawa ora, uluk-salammu bakal bali marang kowé.
7 Kowé tetepa ana ing kono, mangana lan ngombéa apa kang disuguhaké marang kowé, amarga wong nyambut-gawé iku wus samesthiné olèh pituwas. Aja ngolah-ngalih papan anggonmu nginep.
8 Lan menawa kowé lumebu ing sawijining kutha sarta ditampani ana ing kono, mangana apa kang disuguhaké marang kowé.
9 Wong kang padha lara ing kono warasna, apamanèh wong-wong padha tuturana: Kratoning Allah wus nyedhaki kowé.
10 Nanging menawa kowé lumebu ing sawijining kutha, mangka kowé ora ditampani, lungaa menyang dalan-dalan gedhé ing kutha iku sarta nguwuha mangkéné:
11 Dalasan bleduging kuthamu kang tumèmpèl ing sikilku padha dakketabaké ana ing ngarepmu, nanging sumurupa: Kratoning Allah wus cedhak.
12 Aku pitutur marang kowé: Ing dina iku Sodom bakal luwih ènthèng tanggungané katimbang karo kutha iku."
13 "Bilai kowé Khorazim! Bilai kowé Bétsaida! Amarga saupama ing Tirus lan ing Sidon ana mukjijat-mukjijat kaya kang kelakon ana ing satengah-tengahmu, mesthi wus biyèn-biyèn wong-wong ing kono anggoné mratobat kalawan manganggo bagor lan linggih ing awu.
14 Nanging bésuk ing dinané pangadilan, tanggungané Tirus lan Sidon bakal luwih ènthèng katimbang karo tanggunganmu!
15 Apadéné kowé Kapèrnaum, apa kowé bakal kaluhuraké nganti sundhul ing langit? Ora, kowé bakal kaudhunaké nganti tumeka ing teleng palimengan.
16 Sapa baé kang ngrungokaké kowé, iku ngrungokaké Aku lan sapa baé kang nampik marang kowé, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengané kang ngutus Aku."
17 Kacarita murid pitung puluh mau padha bali kanthi bungah sarta padha munjuk, "Gusti, dalasan sétan-sétan sami nungkul dhateng kawula awit saking asma Panjenengan."
18 Yésus banjur ngandika, "Aku pirsa sétan tiba saka ing langit kaya cumlèrèting kilat.
19 Lah kowé wus padha dakparingi pangwasa ngidaki ula lan kalajengking, tuwin ngalahaké kakuwataning mungsuh, satemah ora ana kang mbebayani tumrap kowé.
20 Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowé, nanging padha bungaha marga jenengmu wus kacathet ana ing swarga."
21 Ing nalika iku Yésus sukarena ing sajroning Roh Suci banjur matur, "Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging panuwun, déné prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para tiyang wicaksana lan winasis, nanging Paduka lairaken dhateng laré alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, déné punika ingkang dados keparenging panggalih Paduka.
22 Samubarang kabèh wus kapasrahaké marang Aku déning Ramaku lan ora ana wong kang sumurup Kang Putra iku sapa, kajaba Kang Rama, mangkono uga Kang Rama iku sapa, kajaba Kang Putra lan wong kang kawedharan déning Kang Putra, marga saka keparenging panggalihé."
23 Sawusé mangkono Yésus banjur minger mirsani para sakabaté sarta kanthi mirunggan dipangandikani, "Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng.
24 Amarga Aku pitutur marang kowé: Akèh nabi lan ratu kang kepéngin nyumurupi kang padha kokdeleng, nanging ora kelakon, sarta kang kepéngin ngrungokaké apa kang kokrungu, nanging ora bisa kelakon."
25 Ing sawijining dina ana ahli Torèt ngadeg sumedya nyoba marang Yésus, aturé, "Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados angsal gesang langgeng?"
26 Paring wangsulané Yésus, "Kang tinulis ing Torèt kepriyé? Apa kang kokwaca ing kono?"
27 Atur wangsulané wong iku, "Kowé tresnaa marang Pangéran, Allahmu, kalawan gumolonging atimu, kalawan gumolonging nyawamu sarta kalawan gumolonging kakuwatanmu, apadéné kalawan gumolonging budimu. Lan tresnaa marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhéwé."
28 Pangandikané Yésus marang wong mau, "Wangsulanmu iku bener; iku lakonana, temah kowé bakal urip."
29 Nanging sarèhné wong mau arep mbeneraké awaké dhéwé, mulané banjur matur marang Yésus, "Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?"
30 Paring wangsulané Yésus, "Ana wong lumaku mudhun saka ing Yérusalèm menyang Yérikho; iku tumiba ing tanganing para bégal, banjur ora mung diblèjèdi baé, nanging nganggo dipilara nganti setengah mati, nuli ditinggal.
31 Kapinujon ana imam kang liwat ing kono. Lan weruh wong mau, nanging terus lumaku baé, metu ing sabrangé dalan.
32 Mangkono uga wong Lèwi, kang lagi lelungan, satekané ing kono lan weruh wong mau, iya mung liwat baé, metu ing sabrangé dalan.
33 Tumuli ana wong Samaria, kang lagi lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atiné marga saka welasé.
34 Wong mau banjur diparani, sawusé disoki lenga lan anggur, tatu-tatuné nuli diblebet, banjur ditunggangaké kuldiné dhéwé, digawa menyang panginepan sarta dirawat.
35 Ésuké kang duwé panginepan diwènèhi dhuwit rong dinar, sarta diweling: Tiyang punika karimatana, bab wragadipun, langkungipun saking samanten, kula ingkang badhé nglintoni, bénjing menawi kula wangsul.
36 Lah manut panemumu, wong telu iku sing endi kang dadi pepadhané wong kang dibégal mau?"
37 Atur wangsulané, "Inggih tiyang ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun punika." Pangandikané Yésus, "Wus mundura, lan nglakonana mangkono uga!"
38 Nalika tindaké Yésus lan para pandhèrèké tekan ing sawijining désa. Ing kono Panjenengané ditampi déning wong wadon kang aran Marta ana ing omahé.
39 Wong iku duwé sadulur wadon jenengé Maria, iku linggih cedhak ing sampéyané Gusti lan tansah ngrungokaké pangandikané,
40 déné Marta répot banget anggoné leladi, mulané banjur marek sarta munjuk, "Gusti, punapa Panjenengan mboten manggalih, bilih sadhèrèk kawula négakaken kawula lelados piyambak? Mila mugi kadhawuhana ngréncangi kawula."
41 Nanging Gusti paring wangsulan, pangandikané, "Marta, Marta, kowé iku nyumelangaké lan mrihatinaké prakara akèh,
42 mangka kang prelu iku mung siji. Déné Maria wus milih panduman kang becik dhéwé, kang ora bakal kajupuk déning sapa baé."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Lukas 10
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Lukas 10
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Lukas

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke