1 Awitdéné Mèlkisèdèk iku ratu Salèm sarta imamé Allah Kang Mahaluhur, kang methukaké sarta mberkahi Abraham, nalika Abraham kondur saka paprangan ngalahaké para raja.
2 Abraham uga nyaosaké saprasepuluhé samubarang marang panjenengané. Asma Mèlkisèdèk iku ateges ratuning kaadilan, sarta uga raja Salèm, yaiku rajaning tentrem-rahayu,
3 Panjenengané iku tanpa rama, tanpa ibu, tanpa sarasilah, ora ana dina wiyosé, sarta sugengé ora ana wekasané, lan sarèhné panjenengané kasamèkaké karo Putraning Allah, panjenengané lestari jumeneng imam ing salawasé.
4 Padha gatèkna, saiba luhuré panjenengané iku, déné Abraham leluhur kita, nganti nyaosi saprasepuluhé saka sakèhing jarahan kang becik dhéwé.
5 Manut angger-anggering Torèt, para turuné Lèwi kang padha tampa kalungguhan imam, iku kang diwajibaké nglumpukaké pisungsung prasepuluhan saka umat Israèl, yaiku para Saduluré, sanadyan wong-wong iku uga tedhaké Abraham.
6 Nanging Mèlkisèdèk, kang ora tunggal turun karo wong-wong iku, mundhut prasepuluhan saka Abraham sarta mberkahi panjenengané kang wis kagungan prasetya iku.
7 Pancèn wis ora kena dibantah, menawa kang luwih asor diberkahi déning kang luwih luhur.
8 Imam-imam kang padha nampa prasepuluhan iku wong-wong kang kena ing pati, déné Mèlkisèdèk kang uga nampa prasepuluhan iku sineksènan menawa Panjenengané iku tetep gesang.
9 Malah kena dikandhakaké, menawa alantaran Abraham, Lèwi kang wenang nampani prasepuluhan iku iya saos pisungsung prasepuluhan,
10 amarga Lèwi isih ana ing sariraning leluhuré nalika Mèlkisèdèk methukaké leluhuré mau.
11 Marga saka iku, saupama lantaran kaimamané Lèwi kasampurnan iku bisa digayuh -- jalaran marga kaimaman iku, umat Israèl wis nampa Torèt -- apa sababé déné isih ana imam agung liyané kang prelu katetepaké manut pranatané Mèlkisèdèk, kang ora kasebut manut pranatané Harun?
12 Sabab, menawa pranataning kaimaman iku ganti, wis samesthiné angger-anggering Torèt iya bakal ganti.
13 Sabab Panjenengané, kang dikarepaké ing kéné iki, kalebu taler liya, saka taler iki ora ana sing tau leladi ing misbyah.
14 Amarga wis disumurupi wong kabèh, menawa Gusti kita iku trah saka Yéhuda; déné tumrap taler iki Musa ora tau ngandikakaké apa-apa bab imam-imam.
15 Sarta bab iku saya tetéla manèh, menawa ana imam liyané kang katetepaké kaya Mèlkisèdèk,
16 kang jumeneng imam ora alandhesan pranataning manungsa, ananging alandhesan dayaning urip kang ora bisa lebur.
17 Sabab tumrap Panjenengané ana paseksi mangkéné: "Sira iku dadi Imam ing salawas-lawasé, manut pranatané Mèlkisèdèk."
18 Ing sasisih, pranatan kang katetepaké dhisik iku kabatalaké, menawa pranatan iku ora nduwèni kakuwatan lan marga saka iku tanpa guna,
19 -- sabab angger-anggering Torèt iku babar pisan ora ngolèhaké kasampurnan -- nanging ing sisih liyané, pangarep-arep kang luwih prayoga katuwuhaké, kang nyedhakaké kita marang Allah.
20 Lan bab iki anggoné dumadi ora tanpa sumpah. Wong-wong liyané iku anggoné dadi imam pancèn tanpa sumpah,
21 nanging Panjenengané iki nganggo supaos, amarga Allah kang ngandika marang Panjenengané, "Gusti wis supaos sarta Panjenengané ora bakal keduwung: Sira iku Imam ing salawas-lawasé" --
22 Marga saka iku Yésus wis dadi tanggelaning prajanjian kang luwih becik.
23 Kang padha dadi imam iku cacahé akèh, awit padha ora bisa lestari anggoné jumeneng, jalaran kepalang déning pati.
24 Nanging, sarèhning Panjenengané tetep jumeneng salawas-lawasé, kaimamané ora bisa lumèngsèr marang wong liya.
25 Mulané Panjenengané uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakèhing wong kang sowan ing ngarsané Allah lumantar Panjenengané. Jalaran Panjenengané gesang ing salawasé minangka Pantarané wong-wong mau.
26 Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhaké, yaiku kang mursid, tanpa salah, tanpa blentong, kang kapisah saka para wong dosa sarta kasengkakaké ngungkuli tingkat-tingkatané swarga,
27 Panjenengané ora kaya para imam agung liyané, kang saben dinané kudu nyaosaké kurban tumrap dosané dhéwé lan sawisé iku lagi tumrap dosané umat. Sabab prakara iku wis katindakaké déning Panjenengané sapisan kanggo salawasé, nalika Panjenengané ngurbanaké sarirané piyambak.
28 Sabab angger-anggering Torèt iku netepaké para wong kang nandhang kaapesan dadi imam agung, nanging supaos, kang kalairaké sawusé angger-anggering Torét, njumenengaké Sang Putra, kang wis kadadosaké sampurna ing salawas-lawasé.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Ibrani 7
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Ibrani 7

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke