1 Para Sadulur, ing saikiné aku arep ngélingaké bab Injil kang wus dakwartakaké marang kowé, kang iya wus padha koktampa, lan uga kokantepi.
2 Iya Injil iku kang dadi margané kowé padha kapitulungan rahayu, anggeré kowé padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakaké marang kowé, kajaba yèn anggonmu padha dadi pracaya iku mung tanpa guna.
3 Sabab kang wigati banget wus dakterusaké marang kowé, iya kaya kang wus daktampa dhéwé, yaiku yèn Kristus wus nglampahi séda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci,
4 menawa Panjenengané wus kasarèkaké, sarta ing telung dinané wus kawungokaké, cundhuk karo surasaning Kitab Suci,
5 apadéné Panjenengané wus ngatingal marang Kéfas nuli marang para sakabaté rolas.
6 Sawisé iku, banjur ngatingal marang sadulur luwih saka limang atus bebarengan; kang akèh nganti sapréné isih padha urip, salong iya wis padha mati.
7 Nuli ngatingal marang Yakobus, banjur marang para rasul kabèh.
8 Déné kang kèri dhéwé, ngatingal marang aku, padha kaya marang anak kang lair durung mangsané.
9 Sabab aku iki kang asor dhéwé ing antarané para rasul, ora patut disebut rasul, awit aku wis tau nguya-uya pasamuwané Allah.
10 Nanging marga saka sih-rahmaté Allah, aku dadi kaya aku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingaké marang aku iku ora kothong. Kosok-baliné, aku wis nglakoni pagawéan luwih akèh katimbang para rasul kabèh; mung baé dudu aku, nanging sih-rahmaté Allah kang nunggil kalawan aku.
11 Kang iku, dadia aku, dadia para rasul liyané, kaya mangkono anggonku padha martakaké, lan kaya mangkono anggonmu padha pracaya.
12 Anadéné yèn diwartakaké, menawa Kristus kawungokaké saka ing antarané wong mati, yagéné ing antaramu kok ana kang ngarani menawa ora ana tanginé wong mati?
13 Yèn ta ora ana tanginé wong mati, dadi Kristus iya ora kawungokaké.
14 Mangka menawa Kristus ora kawungokaké, dadi kang padha dakwartakaké iku kothong lan pracayamu iya kothong.
15 Malah aku iya banjur padha katitik dadi goroh ing ngatasé Allah, awit aku padha martakaké, yèn Panjenengané wis mungokaké Kristus, mangka ora mungokaké, iku mau saupama bener yèn ora ana wong mati katangèkaké.
16 Sabab menawa nyata wong mati ora katangèkaké, dadi Kristus iya ora kawungokaké.
17 Lan menawa Kristus ora kawungokaké, pracayamu iku dadi tanpa guna, lan kowé isih padha kawengku ing dosamu.
18 Apadéné mungguh para wong kang wis padha mati ana ing Kristus, dadiné iya padha sirna.
19 Menawa anggon kita ngarep-arep marang Kristus iku mung ing sajroné urip iki baé, dadi kita kalebu wong kang cilaka dhéwé ing antarané manungsa kabèh.
20 Nanging kang bener yaiku menawa Kristus wis kawungokaké saka ing antarané wong mati, minangka kang kawitan saka panunggalané kang wis padha mati.
21 Sabab, sarèhné tekané pati iku marga saka wong siji, mangkono uga tanginé wong mati iya marga saka wong siji.
22 Awit padha kaya ana ing Adam wong kabèh padha mati, mangkono uga ana ing Kristus wong kabèh iya bakal padha kauripaké manèh.
23 Nanging saben wong manut urut-urutané: Kristus minangka kang kawitan, sawisé iku kang padha dadi kagungané, bésuk ing sarawuhé.
24 Sawisé mangkono tumeka pungkasané jaman, yaiku samangsa Panjenengané masrahaké Kraton marang Allah Sang Rama, sawisé Panjenengané nyirnakaké sakèhé papréntahan, pangwasa sarta kakuwatan.
25 Sabab Panjenengané pinesthi ngratoni nganti tumeka sakèhing mungsuhé padha disèlèhaké ana ing sangisoring sampéyané.
26 Mungsuh kang pungkasan, kang disirnakaké iku pati.
27 Marga, "Samubarang kabèh wis ditelukaké ing sangisoring sampéyané". Nanging menawa ana pangandika: Samubarang katelukaké, dadi wis tetéla yèn Panjenengané kang nelukaké samubarang kabèh ing sangisoré sampéyané Kristus iku mau, mesthi ora kalebu ing kono.
28 Déne bésuk samangsa samubarang kabèh wis kelakon katelukaké ing sangandhapé Kristus, Panjenengané piyambak kang jumeneng Putra iku bakal nelukaké sarirané marang kang nelukaké samubarang kabèh marang Panjenengané mau, supaya Allah jumeneng ngabèhi ing sakabèhé.
29 Yèn ora mangkono, apa paédahé nglakoni kabaptis kanggo wong mati? Menawa babar pisan ora ana wong mati katangèkaké, sabab apa déné padha gelem kabaptis kanggo wong mati iku?
30 Lan uga aku kabèh -- yagéné aku sawayah-wayah padha gelem nemahi bebaya?
31 Para Sadulur, sadina-dina aku siyaga mati. Demi panggunggungku ing ngatasé kowé ana ing Kristus Yésus, Gusti kita, kandhaku iki bener.
32 Yèn ta cara manungsa, nalika ana ing Éfesus aku nganti gelut karo kéwan galak, bab iku apa ta paédahé mungguhing aku? Menawa wong mati padha ora katangèkaké, "Payo padha mangan lan ngombé, awit sésuk kita padha mati."
33 Kowé aja padha kesasar: Pasrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.
34 Padha diéling manèh kang temenan lan aja gawé dosa manèh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Allah. Bab iki dakpituturaké, supaya kowé padha rumangsa isin.
35 Nanging mbokmenawa ana wong kang takon, "Wong mati iku kepriyé anggoné katangèkaké? Lan tekané manèh nganggo badan kang kaya apa?"
36 Hé wong bodho! Apa kang koksebar iku ora bakal thukul sarta urip, menawa ora mati dhisik.
37 Lan apa kang koksebar iku dudu wujuding tanduran kang bakal thukul, nanging wiji las-lasan, upamané wiji gandum utawa wiji liyané.
38 Nanging Allah maringi wujud, kaya kang kinarsakaké, saben wiji, kaparingan wujud dhéwé.
39 Sarupané daging iku ora padha: Daging manungsa béda karo daging kéwan, béda karo daging manuk, béda karo daging iwak.
40 Ana badan kaswargan lan ana badan kadonyan, nanging kamulyané kang kaswargan ora padha karo kang kadonyan.
41 Kamulyaning srengéngé béda karo kamulyaning rembulan, sarta kamulyaning rembulan béda karo kamulyaning lintang-lintang, lan kamulyaning lintang kang siji béda karo kamulyaning lintang sijiné.
42 Mangkono uga mungguh bakal tanginé wong mati. Kang kasebar iku nandhang karusakan, kang katangèkaké iku sinandhangan kalanggengan.
43 Kang kasebar iku nandhang kanisthan, kang katangèkaké sinandhangan kamulyan. Kang kasebar iku nandhang kaapesan, kang katangèkaké kadunungan kakuwatan.
44 Kang kasebar iku badan wadhag, kang katangèkaké iku badan kasukman. Yèn ana badan wadhag, uga ana badan kasukman.
45 Kaya kang tinulis, suraosé, "Manungsa kawitan, Adam, iku dadi titah kang urip." Nanging Adam kang wekasan iku dadi sukma kang nguripaké.
46 Anadéné kang dhisik tekané iku dudu kang kasukman, nanging kang wadhag, sawusé iku nuli kang kasukman.
47 Manungsa kang kawitan iku asalé saka lemah sarta asipat kadonyan, déné manungsa kang kapindho asalé saka swarga.
48 Titah-titah kadonyan iku padha karo kang asalé saka lemah mau, déné titah-titah kaswargan iku padha karo Panjenengané kang asalé saka swarga.
49 Sarta kayadéné kita wus kadunungan rupa kadonyan, mangkono uga kita iya bakal kadunungan rupa kaswargan.
50 Iki kang dakpituturaké marang kowé, para Sadulur: Daging lan getih ora bisa tampa panduman Kratoning Allah, lan kang kena ing rusak iku ora tampa panduman kang ora rusak.
51 Padha gatèkna, aku nglairaké wewadi marang kowé: Kita bakal padha ora ngalami mati kabèh, nanging kita kabèh bakal padha malih rupa,
52 ing sakedhap nétra, bareng karo uniné kalasangka kang wekasan. Awitdéné kalasangkané bakal muni, para wong mati banjur bakal katangèkaké kalawan kadunungan kaanan kang ora kena ing rusak lan kita padha malih rupa kabèh.
53 Sabab kang kena ing rusak iki kudu ngrasuk kang ora kena ing rusak, lan kang kena ing pati iki ngrasuk kang ora kena ing pati.
54 Lan sawisé kang kena ing rusak iki ngrasuk kang ora kena ing rusak, sarta kang kena ing pati iki ngrasuk kang ora kena ing pati, ing kono bakal kayektènan pangandikaning Pangéran kang tinulis, suraosé, "Pati wis kalebur déning kaunggulan."
55 Hé pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Hé pati, ana ing ngendi entupmu?
56 Mungguh entupé pati iya iku dosa, lan pangwasané dosa iku angger-anggering Torèt.
57 Nanging puji sokur konjuk ing ngarsané Allah, kang paring kaunggulan marang kita marga saka Yésus Kristus, Gusti kita.
58 Mulané para Sadulurku kang kinasih, kowé padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah disregep anggonmu nglakoni ayahané Gusti! Awit kowé padha sumurup, yèn ana ing patunggilaning Gusti, kangèlanmu mesthi ora muspra.