1 Pancèn wis kaprungu, yèn ing antaramu ana kang laku cabul, malah anggoné laku cabul mau, patrapé ora tau kelakon ana ing antarané para bangsa kang ora wanuh marang Allah, yaiku ana wong kang ngepèk somahé bapakné.
2 Éwadéné kowé kok padha kumlungkung. Apa ora luwih becik kowé padha prihatin, satemah nyingkiraké wong kang duwé pratingkah mangkono mau saka ing tengahmu?
3 Sabab aku, sanadyan ing tata lair adoh, nanging sacara rohani adu-arep, lan kanthi cara kang mangkono, kaya-kaya aku wis matrapi paukuman marang wong kang nglakoni mangkono iku.
4 Menawa kowé padha kumpul ing asmané Gusti Yésus, sarta aku uga nunggal sajroning Roh, kanthi pangwaosé Yésus, Gusti kita,
5 wong iku kudu kapasrahaké marang Iblis, satemah dagingé rusak, supaya sukmané kapitulungan rahayu bésuk ing dinané Gusti.
6 Ora becik gumunggungmu iku. Apa kowé padha ora sumurup, yèn ragi sathithik iku rumasuk ing jladrèn kabèh?
7 Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowé padha dadi jladrèn kang anyar, sabab kowé rak pancèn tanpa ragi. Awit Cempéning Paskah kita uga wus disembelèh, yaiku Kristus.
8 Mulané payo kita padha pésta, ora nganggo ragi kang lawas, ragi piala utawa duraka, nanging nganggo roti kang tanpa ragi, yaiku kamurnèn lan kayektèn.
9 Aku wus nulis ana ing layangku marang kowé, supaya kowé aja srawung karo wong kang padha laku cabul.
10 Kang dakkarepaké iku ora karo sakèhing wong kang laku cabul ing jagat iki, utawa karo wong kabèh kang srakah sarta tukang njarah-rayah, utawa wong kabèh kang padha nyembah brahala, amarga yèn ta mangkonoa kowé mesthi kudu padha metu saka jagat iki.
11 Nanging, anggonku nulis marang kowé iku mau mangkéné: kowé aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur tunggal pracaya, nyatané laku cabul, srakah, nyembah brahala, gawéné mitenah, seneng endem-endeman utawa tukang njarah-rayah; kowé aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku.
12 Sabab kanggo apa aku padha ngakimi wong-wong kang ana sanjabaning pasamuwan? Wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan iku rak kang kuduné kokhakimi?
13 Para wong kang padha ana ing sanjabaning pasamuwan, iku bakal dihakimi déning Allah. Wong kang padha nandukaké piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 1 Korintus 5
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 1 Korintus 5

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke