1 Ana wong Farisi jenengé Nikodémus, pangarepé wong Yahudi,
2 sowan ing ngarsané Yésus ing wayah bengi, sarta munjuk, "Rabbi, kawula sami mangertos bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus déning Allah, amargi mboten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika, manawi Allah mboten nunggil."
3 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: menawa wong ora kalairaké manèh, iku ora bisa weruh Kratoning Allah."
4 Unjuké Nikodémus, "Kadospundi sagedipun tiyang kalairaken, manawi sampun sepuh? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning ibunipun, lajeng kalairaken malih?"
5 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: menawa wong ora kalairaké saka banyu lan Roh, iku ora bisa lumebu ing Kratoning Allah.
6 Apa kang lair saka ing daging, iku asipat daging lan apa kang lair saka Roh, iku asipat roh.
7 Aja gumun, déné Aku pitutur marang kowé: Kowé kudu padha kalairaké manèh.
8 Angin iku mididé manut ing sakarepé, lan kowé krungu sumiyuté, nanging ora mangerti pinangkané lan parané. Kaya mangkono iku kaanané saben wong kang kalairaké saka ing Roh!"
9 Nikodémus munjuk, aturé, "Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?"
10 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Kowé iku guruné wong Israèl, kok ora mangerti prakara iku?
11 Satemené Aku pitutur marang kowé: Kang padha dakrembug iku, iya kang padha daksumurupi, sarta kang padha dakseksèni iya kang padha daktingali, éwadéné kowé ora padha nampani paseksiku.
12 Menawa nalika kowé dakpituturi bab kadonyan padha ora ngandel, kepriyé bisamu padha ngandel saupama daktuturana bab kaswargan?
13 Ora ana wong siji-sijia kang wus sumengka menyang swarga, kajaba mung Panjenengané kang wus tumurun saka swarga, iya iku Putrané Manungsa.
14 Kayadéné Musa anggoné manjer ula ana ing pasamunan, iya mangkono uga Putrané Manungsa anggoné pinesthi kapanjer,
15 supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané nduwèni urip langgeng.
16 Awitdéné Allah anggoné ngasihi marang jagat iku nganti masrahaké Kang Putra Ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.
17 Sabab Allah anggoné ngutus Kang Putra ngrawuhi jagat iku ora supaya ngadili jagat, nanging supaya jagat kapitulungan rahayu déning Panjenengané.
18 Sing sapa pracaya marang Panjenengané, iku ora bakal diukum; déné sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan paukuman, amarga ora pracaya ing asmané Putraning Allah kang ontang-anting.
19 Anadéné paukuman iku mangkéné: Pepadhang iku wus tumeka ing jagat, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, katimbang karo pepadhang, amarga panggawé-panggawéné ala.
20 Sabab sapa baé kang nindakaké piala mesthi sengit marang pepadhang lan nyingkur pepadhang, supaya aja nganti katon panggawéné kang ala iku.
21 Nanging sing sapa tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetéla yèn panggawéné iku ditindakaké ana ing patunggilané Allah."
22 Sawisé mangkono Yésus tindak menyang Yudéa kadhèrèkaké déning para sakabaté; banjur kèndel ana ing kono sarta mbaptis.
23 Déné Yohanes anggoné mbaptis ana ing Ainon, sacedhaké Salim, awit ing kono akèh banyuné. Wong-wong banjur padha teka mrono supaya dibaptis,
24 awit nalika samana Yohanes durung kalebokaké ing pakunjaran.
25 Nalika samana ana bebantahané para muridé Yohanes karo wong Yahudi bab sesuci.
26 Para murid mau tumuli padha sowan marang Yohanes lan matur, "Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun lèpèn Yordan saha ingkang sampun panjenengan seksèni punika inggih mbaptis sarta tiyang kathah sami murugi mrika."
27 Yohanes mangsuli, pangandikané, "Wong ora bisa nduwéni apa-apa menawa ora kaparingan saka ing swarga.
28 Kowé dhéwé padha bisa gawé paseksi yèn aku wus pitutur: Aku iki dudu Kristus, nanging aku kautus lumaku ndhisiki Panjenengané.
29 Kang nduwèni pangantèn wadon iku pangantèn lanang; déné mitrané pangantèn lanang kang ngadeg ing sacedhaké lan nilingaké, iku bungah banget ngrungokaké swarané pangantèn lanang iku. Iya iku kabungahanku lan samengko kabungahanku wus ketutugan.
30 Panjenengané iku pinesthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda.
31 Kang rawuhé saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabèhé, kang pinangkané saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan rembugé iya tumrap prakara-prakara kang ana ing bumi. Kang rawuhé saka ing swarga iku ngungkuli sakabèhé.
32 Panjenengané paring paseksi bab apa kang wus dipirsani lan apa kang wus dipiyarsakaké, nanging ora ana wong siji-sijia kang nampani paseksiné.
33 Sapa kang nampani paseksiné iku, ngakoni yèn Allah iku bener.
34 Sabab kang kautus déning Allah iku kang ndhawuhaké pangandikané Allah, amarga Allah anggoné maringaké Rohé tanpa wates.
35 Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahaké samubarang kabèh marang Panjenengané.
36 Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iku nduwèni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora ngalami urip, nanging malah langgeng anggoné nampani bebenduné Allah."