1 Para Sadulur, apa kowé padha ora mangerti, -- awit aku pitutur marang kang padha paham ing bab angger-angger, -- menawa angger-angger iku ngwasani wong kanggo ing sajegé urip?
2 Sabab wong wadon iku kacencang déning angger-angger marang somahé, sasuwéné somahé isih urip, nanging menawa somahé mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau.
3 Dadi sajroné somahé isih urip, wong wadon dianggep laku bédhang yèn dadi bojoné wong lanang liyané. Nanging menawa bojoné iku wis mati, wong wadon mau wis uwal saka angger-angger, lan ora laku bédhang, menawa dadi somahé wong lanang liya.
4 Iya kaya mangkono iku, para Sadulurku, kowé iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Torèt, jalaran saka sarirané Kristus, supaya kowé dadia kagunganing liyan, yaiku kagungané Panjenengané, kang wis kawungokaké saka antarané wong mati, supaya kita padha ngetokaké woh, kagem Allah.
5 Awit nalika kita isih padha urip ana ing daging, hawa-napsuning dosa kang kagugah déning angger-anggering Torèt, iku makarya ana ing gegelitaning badan kita, satemah kita padha ngetokaké woh kanggo si pati,
6 Nanging saiki kita wis kauwalaké saka ing angger-anggering Torèt, awit kita wis padha mati tumrap kang mauné ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh, ora ana ing kaanan lawas manut ing tulisané angger-anggering Torèt.
7 Yèn mangkono apa sing arep kita kandhakaké? Apa angger-anggering Torèt iku dosa? Babar pisan ora! Kosok baliné, malah marga saka angger-anggering Torèt iku aku mangerti dosa. Awit aku uga ora ngerti apa kang diarani mélik iku, menawa angger-anggering Torèt ora dhawuh, "Sira aja mélik!"
8 Nanging marga saka pepakon mau, dosa olèh jalaran kanggo nenangi sarupaning kamélikan kang ana ing aku, sabab tanpa angger-anggering Torèt, dosa iku mati.
9 Biyèn aku iki urip tanpa angger-anggering Torèt. Nanging satekané pepakon mau, dosa wiwit urip,
10 balik aku mati. Pepakon kang mesthiné nuntun marang urip, tumraping aku malah dadi jalaraning pati.
11 Awit saka ananing pepakon iku, dosa olèh jalaran anggoné nasaraké aku, lan marga saka pepakon iku mau dosa matèni aku.
12 Dadi angger-anggering Torèt iku suci, lan pepakon iku iya suci, bener lan becik.
13 Yèn mangkono, apa kang becik iku kang njalari patiku? Babar pisan ora! Nanging supaya tetélaa yèn iku mau si dosa, dosa iku migunakaké kang becik kanggo nekakaké patiku, satemah marga saka pepakon mau, wujudé dosa dadi saya cetha manèh.
14 Sabab kita mangerti, menawa angger-anggering Torèt iku sipaté rohani, nanging aku iki asipat kadagingan, kaedol marang pangwasaning dosa.
15 Sabab apa baé kang daktindakaké iku, aku dhéwé ora mangerti. Awit apa kang daktindakaké iku mau dudu kang dakkarepaké; nanging apa kang daksengiti, iku kang daktindakaké.
16 Dadi menawa aku nindakaké bab kang ora dakkarepaké, iku ateges aku ngakoni yèn angger-anggering Torèt iku becik.
17 Menawa mangkono dudu aku manèh kang nindakaké, nanging dosa kang ana ing sajroning atiku.
18 Sabab aku mangerti, yèn ing aku iki, yaiku aku cara kadagingan, ora ana kang becik. Sabab karep nindakaké kang becik pancèn ana ing aku, nanging nglakoni apa kang becik, ora.
19 Sabab dudu kang dakkarepaké, yaiku kang becik, kang daktindakaké, nanging kang ora dakkarepaké, yaiku kang ala, kang daktindakaké.
20 Dadi yèn aku nindakaké apa kang ora dakkarepaké, ateges dudu aku manèh kang nindakaké, nanging si dosa kang dumunung ana ing aku.
21 Kang iku, aku nemu wewaton mangkéné: Menawa aku kepéngin nindakaké kang becik, kang ala wis cumepak ana ing aku.
22 Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggeré Allah,
23 nanging ana ing gegelitaning badanku weruh ana angger-angger liya kang cengkah karo angger-anggering akal-budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggeré dosa kang ana ing gegelitaning badanku.
24 Aku iki pancèn wong kang cilaka! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan rèh-rèhané pati iki?
25 Puji sokur marang Allah, lantaran Yésus Kristus, Gusti kita. (7-26) Dadi sarana akal-budiku, aku ngawula marang angger-anggeré Allah, nanging sarana daging aku ngawula marang angger-anggeré dosa.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Roma 7
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Roma 7

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke