1 Aku banjur ndeleng Cempé iku mbikak sègel kang kapisan saka sègel pitu mau, lan aku krungu makluk papat kang kapisan iku ngucap, swarané kaya gludhug, "Mara delengen!"
2 Tumuli aku ndeleng: Lah, ana jaran putih, kang nunggang nyekel panah lan kaparingan ganjaran makutha. Wong iku tumuli maju kaya wong kang wis unggul supaya ngrebut kaunggulan.
3 Nalika Cempé mau mbikak sègel kang kapindho, aku krungu makluk kang kapindho ngucap, "Mara delengen!"
4 Tumuli ana jaran liyané maju, ulesé abang mbranang, sarta kang nunggang kaparingan pangwasa mundhut tentrem-rahayu saka ing bumi, supaya wong padha patèn-pinatèn, lan uga kaparingan pedhang gedhé.
5 Nalika Cempé iku mbikak segel kang katelu aku krungu makluk kang katelu ngucap, "Mara delengen!" Nuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggang nyekel timbangan.
6 Aku krungu ana swara ing tengah-tengahé makluk papat iku tembungé, "Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusak lenga lan anggur iku."
7 Nalika Cempé mau mbikak sègel kang kapat, aku krungu makluk kang kapat ngucap, "Mara delengen!"
8 Tumuli aku weruh: Lah ana jaran ijo-kuning siji, sarta kang nunggang jenengé Pati, lan dietutaké déning teleng-palimenganing pati. Lan iku padha kaparingan pangwasa matèni isining jagat saprapat srana pedhang, pailan sarta pageblug, apadéné srana kéwan-kéwan galak ing bumi.
9 Nalika Cempé iku mbikak sègel kalima, aku nuli weruh sangisoré misbyah ana nyawané wong-wong kang wis dipatèni marga saka pangandikané Allah lan marga saka paseksiné.
10 Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh klawan swara sora, "Ngantos pinten dangunipun malih, dhuh Pangéran Ingkang Mahakwaos, ingkang suci sarta leres, anggèn Paduka mboten ngadili saha malesaken rah kawula dhateng tiyang ingkang manggèn wonten ing bumi?"
11 Tumuli padha kaparingan jubah putih, sarta kadhawuhan, supaya lerem sawatara mangsa manèh nganti tumeka saganeping cacahé para kanca-leladi lan sadulur-saduluré tunggal pracaya, kang iya bakal dipatèni, kaya wong-wong mau.
12 Aku nuli weruh, Cempé mau mbikak sègel kang kanem, sanalika ana lindhu kang nggegirisi lan srengéngé dadi peteng kaya kanthong wulu ireng sarta rembulan dadi abang mbranang kaya getih.
13 Lan lintang-lintang ing langit padha rontog ing bumi, kaya wohing anjir kang isih mentah padha rontog, nalika katempuh ing angin gedhé.
14 Langit tumuli nglunthung kaya gulungan kitab sarta sakèhing gunung lan pulo padha ngalih saka panggonané.
15 Para raja ing bumi lan para panggedhé sarta para prawira, lan para wong sugih sarta wong-wong kang kwasa, lan sakèhing batur sarta wong mardika padha ndhelik ana ing guwa-guwa lan ing antarané watu-watu karang ing gunung.
16 Iku mau kabèh padha kandha marang gunung-gunung lan marang watu karang, "Aku padha jugrugana lan dhelikna saka ngarsaning Panjenengané, kang lenggah ing dhampar, sarta saka bebenduné Cempé iku."
17 Sabab wis tekan waktuné dina agung, yaiku dinaning bebendu, sarta sapa kang kuwagang nadhahi?