1 Kang dakarepake mangkéné: Sajroné ahli-waris durung diwasa, ora ana bédané sathithik-thithika karo abdi, sanadyan iku kang ngwasani samubarang,
2 nanging kawengku ing wali lan pamomong nganti tumeka ing waktu kang wis katemtokaké déning bapakné.
3 Samono uga kita: Sajroné durung diwasa kita iya kawengku déning para rohing jagat.
4 Nanging bareng wis tekan ing ganepé mangsa, Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Torèt,
5 saprelu nebus sakèhing wong kang padha kawengku ing angger-anggering Torèt, supaya kita bisa katarimah dadi putra.
6 Lan sarèhné kowé iku padha dadi putra, mulané Allah wis ngutus Rohé Kang Putra marang sajroning ati kita, kang nyebut, "Abba, Rama!"
7 Dadiné kowé kabèh iku wus dudu batur manèh, nanging putra; lan yèn kowé kabèh iku putra, kowé iku uga padha dadi ahli-waris marga pakaryaning Allah.
8 Biyèn, nalika kowé durung wanuh marang Allah, kowé ngawula marang kang kokanggep Allah, nanging sajatiné dudu Allah.
9 Nanging saiki sawisé kowé wanuh marang Allah, malah luwih saka iku, sawisé Allah tepang karo kowé, kepriyé déné kowé mbalik manèh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani manèh?
10 Kowé padha netepi pétungané dina-dina, sasi-sasi, mangsa-mangsa, apadéné taun-taun.
11 Aku kuwatir yèn kangélanku kanggo kowé iku dadi muspra.
12 Para Sadulur, panjalukku marang kowé, kowé padha dadia kaya aku, sabab aku uga wis dadi padha kaya kowé. Durung tau kowé kaluputan marang aku.
13 Kowé padha sumurup, menawa aku martakaké Injil marang kowé kang wiwitan iku jalaran lelara kang ana ing awakku.
14 Sanadyan kaya mangkono kaanané awakku, kang dadi pacoban kanggo kowé kabèh, éwadéné ora kokanggep kaya barang kang nistha lan kang njijiki, nanging kowé wis padha nampani aku padha kaya nampani malaékaté Allah, malah padha kaya nampani Kristus Yésus piyambak.
15 Kaya apa begjamu nalika samana! Lan saiki ana ngendi kabegjanmu iku? Awit aku bisa neksèni mungguhing kowé, yèn bisaa mangkono, kowé wis padha nyuplaki mripatmu, kokwènèhaké marang aku.
16 Apa aku banjur dadi satrumu, marga aku mratélakaké bab kayektèn marang kowé?
17 Wong-wong iku kanthi mempeng padha ngudi nggèndèng kowé, nanging ora kalawan tulusing ati, awit karepé bakal misahaké kowé, supaya kowé nganut marang wong-wong mau kalawan tumemen.
18 Pancèn becik menawa wong kalawan sregep ngudi ing bab-bab kang becik, anggeré terus mangkono, lan ora mung yèn aku lagi ana ing antaramu baé.
19 Hé anak-anakku, iya marga saka kowé aku ngrasakaké lara kaya nglarani manèh, nganti sipat-sipaté Kristus katon cetha ana ing kowé.
20 Kaya apa kangenku kepéngin ana ing tengah-tengahmu ing waktu iki lan banjur bisa rerembugan kalawan swara kang béda, awit aku wis kentèkan akal ing ngatasé kowé iku.
21 Coba wangsulana pitakonku, hé kowé kang padha kepéngin urip kawengku ing angger-anggering Torèt, apa kowé padha ora ngrungokaké angger-anggering Torèt?
22 Rak ana tulisan, yèn Abraham iku kagungan putra loro, kang siji saka abdi lan sijiné saka wanita mardika?
23 Nanging putra saka abdi iku miyosé manut tata kadagingan, déné putra saka wanita kang mardika iku awit saka prasetya.
24 Iki sawijining pralambang. Sabab wanita loro iku mralambangi prajanjian loro: kang siji asalé saka gunung Sinai lan nglairaké anak-anak pangawulan, yaiku Hagar --
25 Hagar iku gunung Sinai ing tanah Arab -- lan padha karo Yérusalèm kang saiki, awit uripé ana ing pangawulan saanak-anaké.
26 Nanging Yérusalèm kaswargan iku wanita kang mardika lan iya iku ibu kita.
27 Awit ana tulisan, "Padha bungaha, hé wong gabug kang ora tau nglairaké! Padha bungaha lan surak-suraka, hé kowé kang ora tau nglarani! Sabab kang ditinggal bojoné, bakal duwé anak luwih akèh tinimbang kang duwé bojo."
28 Lan kowé para Sadulur, padha kayadéné Ishak, kowé uga padha dadi anaking prasetyan.
29 Nanging padha kaya biyèn, kang kalairaké manut tata kadagingan, nguya-uya marang kang kalairaké miturut Roh, samono uga saiki iki.
30 Nanging kepriyé surasané nas Kitab Suci? "Tundhungen batur wadon iku saanaké, sabab anaké batur wadon iku ora bakal mèlu kapanduman warisan karo anaké wanita kang merdika iku."
31 Awit saka iku, sadulur-sadulur, kita iki dudu anak-anaké batur wadon, nanging padha dadi anak-anaké wanita kang mardika.