1 Sabanjuré, para Sadulur, padha ndedongaa kanggo aku kabèh, supaya pangandikané Gusti saya maju lan diluhuraké, kayadéné kang wis kelakon ana ing antaramu kabèh,
2 lan supaya aku padha uwal saka para wong kang padha gawé rerusuh lan para wong ala, sabab ora saben wong kaparingan pracaya.
3 Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengané bakal nyantosakaké atimu lan ngayomi kowé kabèh saka piala.
4 Anadéné aku kabèh padha pracaya ana ing Gusti, yèn apa kang wis padha dakpituturaké marang kowé kabèh, iku padha koklakoni lan bakal koklakoni.
5 Muga Gusti tansah ngeneraké atimu marang katresnané Allah lan marang kasetyané Kristus.
6 Nanging welingku marang kowé kabèh, para Sadulur, ana ing asmané Gusti Yésus Kristus, padha sumingkira saka saben sadulur tunggal pracaya kang ora nindakaké pagawéané lan kang ora manut marang piwulang kang wis padha koktampani saka aku kabèh.
7 Sabab kowé dhéwé padha sumurup, kepriyé anggonmu kudu padha nulad marang aku kabèh, amarga aku padha ora nglirwakaké pagawéan ana ing antaramu,
8 sarta ora tau mangan rotining liyan kanthi lelahanan, nanging aku kabèh padha mbudi-daya lan nyambut-gawé rina-wengi kalawan rekasa, supaya aja dadi gawéné sapa baé ana ing antaramu.
9 Ora marga aku padha ora duwé hak ing bab iku, nanging marga aku kabèh bisaa dadi tuladha kanggo kowé kabèh, supaya padha kokanut.
10 Sabab, uga nalika aku padha ana ing satengahmu, aku padha awèh pepéling marang kowé kabèh: Yèn wong ora gelem nyambut-gawé, iku iya aja mangan.
11 Iki padha dakkandhakaké amarga aku padha krungu, yèn ana wong ing antaramu kang uripé seneng kluyuran, ora nyambut-gawé, kejaba mung nindakaké bab-bab kang tanpa guna.
12 Wong-wong kang kaya mangkono iku padha dakélingaké lan padha dakpituturi ing sajroning Gusti Yésus Kristus supaya padha tansah nindakaké pagawéané kanthi tentrem sarta kalawan mangkono padha mangana rejekiné dhéwé.
13 Lan kowé, para Sadulur, aja padha bosen nindakaké panggawé becik.
14 Menawa ana wong kang ora gelem ngrungokaké apa kang dakkandhakaké ing layang iki, iku titènana lan aja sesrawungan karo wong iku, supaya dadi isin.
15 Mung baé aja kokanggep mungsuh, nanging élingna kaya marang sadulur tunggal pracaya.
16 Muga Panjenengané, iya Gustining tentrem-rahayu, tansah paring tentrem-rahayu marang kowé kabèh kanthi sadhéngah patrap. Gusti nunggila karo kowé kabèh.
17 Salam saka aku, Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhéwé. Iki minangka titikaning saben layangku: Iya mangkéné iki tulisanku.
18 Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Tesalonika 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Tesalonika 3

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke