1 Mangkono uga nalikané aku nemoni kowé, para Sadulur, tekaku ora kanthi pitembungan kang muluk-muluk utawa nganggo kawicaksanan kang luhur anggonku nglantaraké wewadining Allah marang kowé.
2 Sabab aku wis mutusaké menawa ora duwé sedya nyumurupi apa-apa ana ing antaramu kajaba Yésus Kristus, yaiku Panjenengané kang sinalib.
3 Lan manèh tekaku nemoni kowé iku kalawan apes lan wedi banget sarta gumeter.
4 Anggonku guneman utawa anggonku martakaké ora nganggo tembung-tembunging kawicaksanan kang ngyakinaké, nanging kanthi buktining kakiyatané Roh,
5 supaya pracayamu aja gumantung marang kawicaksananing manungsa, nanging kakiyataning Allah.
6 Sanadyan mangkono aku padha nglairaké kawicaksanan ana ing kalangané wong kang wis padha mateng kawruhé, nanging dudu kawicaksanané jagat iki, lan dudu kawicaksanané para pangwasané jagat iki, yaiku pangwasa kang bakal kasirnakaké.
7 Nanging kang padha dakwartakaké iku kawicaksanané Allah kang kineker sarta winadi, kang wis kacawisaké déning Allah ing sadurungé jagat dumadi, kanggo kamulyan kita.
8 Lan pangwasaning jagat iki ora ana kang nyumurupi kawicaksanan iki, awit menawa padha nyumurupi mesthi ora nganti padha nyalib Gusti kang minulya.
9 Nanging kaya kang tinulis, suraosé, "Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa, kang wus kacawisaké déning Allah, iku mau kabèh kanggo para kang padha nresnani Panjenengané."
10 Awit Allah wis nglairaké bab iku marang kita sarana Roh, sabab Roh iku nitipriksa samubarang kabèh, dalah bab kang winados ing Allah.
11 Awit sapa ta ing antarané manungsa kang bisa nyumurupi apa kang tinemu ana ing atiné, kajaba mung rohé manungsa iku dhéwé kang ana ing batiné? Mangkono uga ora ana wong kang sumurup apa kang dumunung ing Allah kajaba Rohé Allah.
12 Kita ora nampani rohé jagat, nanging Roh kang asalé saka Allah, supaya kita padha bisa nyumurupi apa kang dadi sih-peparingé Allah marang kita.
13 Lan sarèhné aku padha awèh katrangan bab-bab karohanèn marang wong-wong kasukman, anggonku ngrembug bab sih-kamirahané Allah iku nganggo tetembungan kang ora diwulangaké marang aku kabèh déning kawicaksananing manungsa, nanging déning Roh.
14 Nanging manungsa kadonyan ora nampani apa kang asalé saka Rohé Allah, awit bab iku tumraping wong mau kaanggep bodho; sarta wong iku ora bisa ngerti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.
15 Balik wong kasukman iku nitipriksa samubarang kabèh, nanging awaké dhéwé ora katiti déning liyan.
16 Sabab, "Sapa ta kang nyumurupi panggalihé Pangéran, nganti bisa atur pirembag marang Panjenengané?" Nanging aku padha kadunungan panggalihé Kristus.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 1 Korintus 2
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 1 Korintus 2

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke