1 Tumuli ana pratandha gedhé katon ana ing langit: Ana wanita asingeb srengéngé, lan rembulan ana ing sangandhaping samparané sarta ngagem makutha lintang rolas ana ing mustakané.
2 Wanita mau lagi nggarbini sarta sajroné sesambat nyakiti arep babaran iku njerit marga kraos sakit.
3 Nuli ing langit katon ana pratandha liyané: Lah ana naga gedhé abang mbranang, endhasé pitu, lan ana sunguné sepuluh, sarta ing endhasé ana makutha pitu.
4 Pethité nyèrèd saprateloné lintang-lintang ing langit, banjur ditibakaké ing bumi. Naga mau mapan ana ing ngarsané wanita kang arep babaran iku, sedyané arep nguntal Putrané, samangsa wis miyos.
5 Wanita mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngengèn para bangsa kalawan gada wesi; dumadakan Putra mau karebat lan kaplajengaké menyang ngarsané Allah lan ing dhamparé.
6 Wanita mau mlajeng menyang ara-ara samun, ing panggonan kang wis dicawisaké déning Allah, supaya dirimati ana ing kono lawasé sèwu rong atus sawidak dina.
7 Ing swarga nuli ana paprangan. Mikhaèl lan para malaékaté padha perang nglawan naga mau, sarta naga iku kabantu déning para malaékaté,
8 nanging naga lan malaékaté padha kasoran; temah padha ora diparengaké manggon ana ing swarga.
9 Naga gedhé, si ula kang saka jaman wiwitan, kang karan Iblis utawa Sétan, kang nasaraké saisining jagat, iku kauncalaké ing bumi, bareng karo para malaékaté.
10 Aku nuli krungu swara kang sora ana ing swarga, mangkéné, "Samengko karahayon lan pangwaos tuwin papréntahaning Allah kita, lan pangwaosing Panjenengané kang Jinebadan, wis kababar, marga kang ndakwa sadulur-sadulur tunggal pracaya, kang rina-wengi nggugat ana ing ngarsaning Allah kita, iku wis kauncalaké mangisor.
11 Lan anggoné ngalahaké sarana rahé Sang Cempé, lan sarana tembung paseksiné. Sabab padha ora ngéman marang nyawané dhéwé nganti tumeka ing pati.
12 Mulané padha suka-renaa, hé swarga lan hé sira kabèh kang padha ngenggoni, bilai kowé, hé bumi lan sagara! marga Iblis wis ngudhuni sira, kalawan nepsu banget, marga sumurup, menawa waktuné mung kari sadhéla."
13 Nalikané naga mau éling, yèn wis kauncalaké menyang bumi banjur ngoyak wanita kang wis mbabar Putra kakung mau.
14 Wanita mau tumuli kaparingan swiwi garudha gedhé sapasang, supaya mabur menyang panggonané, iya iku ing ara-ara samun, ing kono wanita iku diopèni, adoh saka papané ula, lawasé samangsa lan rong mangsa lan satengah mangsa.
15 Ula mau banjur nyemburaké banyu dadi kaya kali saka ing cangkemé, kaeneraké marang wanita mau, supaya kéntir.
16 Nanging wanita iku ditulungi déning bumi. Bumi iku ngangapaké cangkemé, lan nguntal kali kang disemburaké saka cangkemé naga mau.
17 Naga mau nuli nepsu banget marang wanita iku, banjur lunga merangi turuné liyané, kang padha netepi pepakoning Allah lan ngantepi paseksiné Yésus,

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 12
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 12

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke