1 Iki wiwitaning Injilé Yésus Kristus, Putrané Allah.
2 Kaya kang wis katulis ana ing kitabé Nabi Yésaya, "Lah, Ingsun ngutus utusaningsun ana ing ngarsanira, kang bakal nyawisaké marginira;
3 ana swarané wong kang nywara sora ana ing pasamunan: Padha nyawisna margining Pangéran, lencengna lurung-lurungé."
4 Mangkono Yohanes Pambaptis rawuhé ana ing pasamunan sarta ngundhangaké baptising pitobat murih apuraning dosa.
5 Wong saisiné wilayah Yudéa kabèh lan sakèhé wong kang manggon ing Yérusalèm, padha sowan panjenengané sarta padha dibaptisi ana ing Kali Yordan kalawan padha ngakoni dosané.
6 Yohanes ngagem ageman wulu unta lan ing lambungé ngagem sabuk lulang, apadéné dhaharané walang lan madu alas.
7 Déné panjenengané iku ngundhangaké pawarta klawan ngandika, "Ing sapungkurku, Panjenengané kang luwih kwasa tinimbang aku rawuh; tumungkul nguculi talining trumpahé baé aku ora pantes.
8 Aku mbaptis kowé sarana banyu, nanging Panjenengané iku bakal mbaptis kowé sarana Roh Suci."
9 Nalika samana Yésus rawuh saka Nasarèt ing wilayah Galiléa, lan Panjenengané banjur dibaptis déning Yohanes ana ing Kali Yordan.
10 Bareng Panjenengané mentas saka ing banyu, sanalika pirsa langit piyak, sarta Roh kang pindha manuk dara nedhaki Panjenengané.
11 Nuli ana swara saka swarga, "Sira iku Putraningsun kang kinasih, kang ndadèkaké renaning galihingsun."
12 Sawisé iku, Roh tumuli nuntun Panjenengané menyang pasamunan.
13 Sajroné patang puluh dina, Panjenengané ana ing kono kagodha déning Iblis. Pamanggèné sesarengan karo kéwan alas, déné malaékat-malaékat padha ngladosi.
14 Sawisé Yohanes katangkep, Yésus rawuh ing Galiléa, nggelaraké Injilé Allah,
15 lan ngandika, "Wis tekan waktuné, Kratoné Allah wis cedhak, padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!"
16 Nalika pinuju tindak urut pinggiré Tlaga Galiléa, Yésus pirsa Simon karo Andréas saduluré Simon, lagi padha nibakaké jala ing tlaga, amarga wong iku padha tukang golèk iwak.
17 Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, "Ayo, padha mèlua Aku. Aku bakal ndadèkaké kowé tukang golèk wong."
18 Sanalika banjur padha ninggal jalané, ndhèrèkaké Panjenengané.
19 Bareng nglajengaké tindak sawatara, Panjenengané pirsa Yakobus anaké Zébédéus lan Yohanes saduluré, lagi padha ana ing prau ndandani jalané.
20 Panjenengané banjur nimbali wong-wong iku, lan tumuli padha ninggal Zébédéus, bapakné, ana ing prau karo para buruhé, lan padha ngetut-buri Panjenengané.
21 Yésus lan para sakabaté banjur padha tekan ing Kapèrnaum. Bareng dina Sabat, Panjenengané énggal-énggal mlebet ing papan pangibadah sarta memulang.
22 Wong-wong padha gumun banget marang piwulangé, awit Panjenengané iku maringaké piwulang kayadéné kang kagungan pangwasa, lan ora kaya para ahli Torèt.
23 Ing papan pangibadah kono, dumadakan ana wong kang kepanjingan roh jahat, lan bengok-bengok,
24 "Punapa prekawis kawula sadaya kaliyan Panjenengan, dhuh Yésus saking Nasarèt! Panjenengan rawuh punika punapa badhé numpes kawula? Kawula ngertos Panjenengan punika sinten: Inggih Panjenenganipun ingkang suci, pinangkanipun saking Allah."
25 Nanging Yésus tumuli ndukani roh jahat iku klawan ngandika, "Menenga, metua saka wong iku!"
26 Roh jahat iku ngontang-antingaké wong mau sarta njerit kanthi swara sora banjur metu saka wong mau.
27 Wong kabèh padha gumun, temah padha takon-tinakon, kalawan ngucap, "Apa ta iki? Piwulang anyar mawa pangwasa. Apadéné paring dhawuh marang roh-roh jahat lan iku iya padha manut marang Panjenengané."
28 Pawarta bab Panjenengané banjur sumebar ing endi-endi nyrambahi wilayah Galiléa kabèh.
29 Lan sawisé medal saka ing papan pangibadah, Yésus karo Yakobus lan Yohanes banjur énggal-énggal tindak menyang omahé Simon lan Andréas.
30 Ibuné maratuwa Simon nggléthak nandhang lara panas. Para sakabat mau tumuli padha matur marang Panjenengané bab kang lara iku.
31 Panjenengané nuli nyelaki ibu mau, sarta nangèkaké klawan narik tangané; lan panasé tumuli ilang, banjur ngladèni tamu-tamuné.
32 Bareng soré, nalika srengéngé wus surup, wong-wong padha nggawa sakèhé wong kang padha nandhang lara lan kesurupan sétan kaaturaké marang Panjenengané.
33 Wong sakutha kabèh padha uyel-uyelan ngumpul ana ing ngarep lawang.
34 Panjenengané banjur nyarasaké wong akèh kang padha nandhang lara warna-warna sarta nundhungi sétan akèh; lan Panjenengané ora marengaké sétan-sétané padha kandha-kandha, awit wis padha wanuh marang Panjenengané.
35 Ésuk umun-umun, nalika isih peteng, Panjenengané wungu banjur miyos, tumuli tindak menyang papan kang sepi lan ndedonga ana ing kono.
36 Simon lan sakancané padha nusul nggolèki Panjenengané.
37 Bareng wis ketemu Panjenengané, banjur padha matur, "Tiyang sadaya sami madosi Panjenengan."
38 Panjenengané paring wangsulan marang Simon sakancané, "Ayo padha menyang panggonan-panggonan liyané, menyang kutha-kutha sakiwa-tengené kéné supaya Aku iya nggelaraké piwulang ana ing kono, awit iya iku preluné anggonku rawuh ing donya."
39 Panjenengané banjur nggelaraké piwulang ing sawilayah Galiléa kabèh, ana ing papan-papan pangibadahé wong-wong ing kono sarta nundhungi sétan-sétan.
40 Ana wong kang nandhang lara kusta sowan ing ngarsané Yésus nyuwun pitulungan marang Panjenengané kalawan jèngkèng, matur, "Manawi Panjenengan karsa, Panjenengan saged mbirat najis kawula."
41 Karana trenyuh déning welasé, Panjenengané mulung astané lan ndemèk wong mau sarta ngandika, "Aku karsa, birata najismu!"
42 Sanalika kustané ilang, temahan wong iku birat najisé.
43 Panjenengané banjur énggal ndhawuhi wong iku sumingkir lan diwanti-wanti kanthi pangandika,
44 "Kowé aja nganti kandha-kandha apa baé marang sapa baé, nanging lungaa, tuduhna awakmu dhéwé marang imam, sarta nyaosna kurban, kaya kang wis kadhawuhaké déning Musa kanggo pasucèné awakmu, minangka paseksi marang wong-wong."
45 Éwadéné sapungkuré saka kono, wong mau wiwit martak-martakaké lan nyebar-nyebaraké lelakon mau menyang ngendi-endi, satemah Panjenengané ora bisa lumebet ing kutha kanthi terang-terangan, nanging lereb ana ing njaba, ing panggonan-panggonan kang sepi, lan wong saka ing endi-endi padha terus marani marek ing ngarsané.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Markus 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Markus 1
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Markus

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke