1 Ing sawijining dina Yésus pinuju jumeneng ana ing pinggiring tlaga Genesarèt, wong akèh padha ngangseg arep ngrungokaké pangandikané Allah.
2 Nuli pirsa prau loro ana ing pinggir tlaga. Juru-amèk-iwaké wus padha mudhun saka prau, lagi ngumbah jalané.
3 Panjenengané banjur minggah ing salah sijiné prau iku, yaiku prauné Simon, lan dhawuh, supaya prauné rada didohaké saka ing dharatan. Banjur lenggah lan memulang marang wong akèh mau saka ing kono.
4 Bareng wis rampung, tumuli ngandika marang Simon, "Parakna ing panggonan kang jero, jalamu tibakna supaya olèh iwak."
5 Atur wangsulané Simon, "Guru, sampun sadalu muput anggèn kawula sami nyambut damel kanthi saèstu, mboten angsal punapa-punapa, éwadéné margi saking dhawuh Panjenengan, kawula inggih badhé ndhawahaken jala."
6 Sawisé ditibakaké, padha olèh iwak akèh banget, nganti jalané wiwit bedhah.
7 Kanca-kancané kang ana ing prau sijiné padha diawé, dikon mara ngréwangi. Iya banjur padha teka, prauné loro pisan diemoti iwak, nganti mèh kèrem.
8 Nalika Simon Pétrus nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi Yésus sarta munjuk, "Gusti, Gusti mugi karsa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa."
9 Amarga Simon lan wong-wong kabèh kang ana ing kono padha sumlengeren, déné samono akèhé iwak sing kejala;
10 samono uga Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus, kang padha dadi kancané Simon. Yésus nuli ngandika marang Simon, "Aja wedi, wiwit saiki kowé bakal njala wong."
11 Sawusé minggiraké prauné, banjur padha ninggal samubarang kabèh sarta ndhèrèkaké Yésus.
12 Kacarita nalika Yésus ana ing sawijining kutha, ana wong kang awaké sakojur kena kusta. Bareng ndeleng Yésus banjur sumungkem ing bumi lan matur, "Gusti, menawi Gusti karsa, tamtu saged mbirat najis kawula."
13 Yésus nuli mulung astané, ndemèk wong mau kalawan ngandika, "Aku karsa, birata najismu!" Sanalika iku uga lelarané kusta banjur sirna.
14 Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang sapa baé sarta dipangandikani, "Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucènmu, kaya kang wus dipréntahaké déning Musa, minangka paseksi marang wong-wong iku."
15 Éwasamono pawarta bab Yésus iku malah saya sumebar nganti adoh, lan banjur akèh wong kang padha gumrudug sowan ing ngarsané arep ngrungokaké pangandikané sarta supaya lelarané kasarasaké.
16 Nanging Yésus banjur sumingkir menyang papan-papan kang sepi, ndedonga.
17 Ing sawijining dina nalika Yésus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Torèt sawatara kang padha lungguh ngrungokaké. Iku padha teka saka ing désa-désa ing Galiléa lan Yudéa, sarta saka ing Yérusalèm. Kwasaning Pangéran ana ing Panjenengané, mula saged nyarasaké wong lara.
18 Banjur ana wong sawatara kang teka ngusung wong lumpuh ana ing paturoné; iku padha mbudidaya bisané mlebu nyowanaké ana ing ngarsané Yésus.
19 Sarèhné ora bisa nggawa mlebu, marga saka akèhing wong kang ana ing kono, banjur padha munggah ing payon, nuli mbukak payon iku lan wong kang lara diudhunaké sapaturoné ana ing satengahé wong akèh, pas ana ing ngarsané Yésus.
20 Yésus bareng pirsa pangandelé wong-wong mau, tumuli ngandika, "Hé, sadulur, dosamu wus kaapura."
21 Nanging para ahli Torèt lan para wong Farisi padha mikir ing sajroning ati, "Sapa ta wong iki, déné nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa kang bisa ngapura dosa kajaba Allah piyambak?"
22 Nanging Yésus nguningani pikirané wong-wong mau, mulané banjur ngandika, "Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?
23 Gampang endi dhawuh: Dosamu wis kaapura, karo dhawuh: Ngadega, lumakua!
24 Nanging supaya kowé padha ngerti, yèn Putraning Manungsa iku kwasa ngapura dosa ana ing bumi," banjur ngandika marang kang lumpuh iku, "Dhawuhku marang kowé: Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!"
25 Sanalika iku uga wong mau banjur ngadeg ana ing ngarepé wong akèh mau, ngangkat paturoné, tumuli mulih, wong kabèh padha kaéraman lan padha ngluhuraké Allah.
26 Sarta padha wedi banget pangucapé, "Dina iki aku kabèh wus padha nyumurupi prakara-prakara kang nggumunaké banget."
27 Sawusé mangkono Yésus banjur tindak. Nuli pirsa juru-narik-pajeg linggih ana ing pabéyan, jenengé Lèwi. Iku dipangandikani mangkéné, "Mèlua Aku!"
28 Lèwi banjur ngadeg, samubarang kabèh ditinggal lan ndhèrèk Yésus.
29 Lèwi tumuli nganakaké bujana gedhé kagem Panjenengané ana ing omahé lan akèh juru-narik-pajeg lan wong-wong liyané kang padha mèlu kembul mangan.
30 Para Farisi lan ahli Torèt padha grundelan karo para sakabaté Yésus, tembungé, "Yagéné kowé padha mangan lan ngombé awor karo juru-narik-pajeg lan wong dosa?"
31 Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.
32 Tekaku iki ora ngundang wong mursid, nanging wong dosa, supaya padha mratobat."
33 Wong-wong Farisi mau banjur matur manèh marang Yésus, "Murid-muridipun Yohanes asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi muridipun para tiyang Farisi, nanging punapaa déné para murid Panjenengan kok sami nedha lan ngombé?"
34 Paring wangsulané Yésus, "Apa bisa para mitraning pangantèn lanang dikon pasa, sajroning pangantèné isih ana ing kono?
35 Nanging bakal ana wektuné, pangantèné kabedhol saka ing antarané, ing kono banjur bakal padha pasa."
36 Lan manèh Panjenengané iya paring pasemon marang wong-wong mau, "Ora ana wong golèk tambalan kanthi nyuwèk klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Yèn mangkono, kang anyar iku uga bakal suwèk, tur tumraping sing lawas iku tambalan kang saka suwèkané kang anyar mau ora bakal cocog.
37 Mangkono uga ora ana wong kang madhahi anggur anyar ana ing kanthong kulit lawas, awit menawa mangkono, anggur anyar mau bakal mbedhahaké kanthongé, angguré dadi wutah, lan kanthongé rusak.
38 Nanging anggur anyar iku kudu diwadhahi kanthong kulit kang anyar uga.
39 Lan ora ana wong kang wus ngombé anggur lawas banjur kapéngin ngombé anggur anyar, sabab banjur bakal ngucap: Anggur kang lawas iku énak banget."