1 Ana wong lanang jenengé Ananias karo somahé aran Safira, adol palemahané.
2 Kanthi sarujuké somahé, wong mau ngunthet sapéranganing pepayoné iku, déné liyané banjur digawa dicaosaké ing ngarsané para rasul.
3 Nanging Pétrus ngandika, "Ananias, yagéné atimu dikwasani déning Iblis, nganti kowé nggorohi Roh Suci sarta ngunthet sapéranganing pepayoné palemahan iku?
4 Saupama palemahan iku ora diedol, apa iku ora tetep dadi duwèkmu, lan sawusé diedol, apa pepayoné iku ora tetep kokkwasani? Yagéné kowé kok ngrancang pratingkah mangkono ana ing atimu? Dudu manungsa kang kokgorohi, nanging Allah."
5 Bareng Ananias krungu pangandika mangkono iku, banjur nggeblag pegat nyawa, temah wong kabèh kang krungu bab iku padha wedi banget.
6 Para nom-noman tumuli padha teka, ngulesi mayité, banjur digotong metu sarta dikubur.
7 Sawusé watara telung jam somahé Ananias lumebu, nanging ora sumurup apa kang mentas kelakon.
8 Pétrus banjur ngandika, "Aku kandhanana, apa palemahan iku kokedol kalawan rega samono?" Wangsulané wong wadon iku, "Inggih samanten."
9 Pangandikané Pétrus, "Yagéné kowé sakloron padha sekuthon nyoba marang Rohing Pangéran? Delengen, wong-wong kang mentas ngubur somahmu padha ngadeg ana ing ngarep lawang, iku uga bakal nggotong kowé metu."
10 Wong wadon iku banjur nggeblag sanalika iku uga ana ing ngarsané Pétrus lan pegat nyawa. Nalika para nom-noman padha lumebu, wong wadon mau tinemu wus mati, banjur digotong metu lan dikubur ing sacedhaké sing lanang.
11 Wong sapasamuwan kabèh sarta wong kang krungu bab iku padha banget wediné.
12 Anadéné para rasul padha nganakaké pratandha lan mukjijat akèh ana ing antarané wong akèh. Wong kabèh kang padha pracaya tansah padha nglumpuk ana ing Srambi Salomo ing sajroné patunggalan kang raket.
13 Wong-wong liyané ora ana kang wani ngemori, nanging wong-wong akèh iku padha banget anggoné ngajèni marang para wong kang pracaya iku.
14 Cacahé wong kang padha pracaya marang Gusti iku saya wuwuh-wuwuh, lanang lan wadon,
15 malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang dalan gedhé, kasèlèhaké ing ambèn utawa klasa, supaya menawa Pétrus langkung, saora-orané ana sing kena ayang-ayangané.
16 Dalah saka kutha-kutha ing sakubenging Yérusalèm padha teka gumrudug nggawa wong kang padha lara utawa kang padha kabidhung ing roh reged. Kabèh padha kasarasaké.
17 Wasana, marga saka bangeting drengkiné, Imam Agung lan para pandhèrèké, yaiku wong-wong saka golongan Saduki, padha tumindak.
18 Para rasul padha ditangkep lan dilebetaké ing pakunjaran umum.
19 Nanging bareng bengi ana malaékaté Pangéran kang ngengakaké lawang-lawangé pakunjaran mau lan banjur ngirid metu para rasul, sarta ngandika,
20 "Padha menyanga Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakèhé pangandikaning urip iku marang wong akèh."
21 Para rasul padha mbangun miturut marang piweling mau sarta bareng bangun ésuk, padha lumebet ing Padaleman Suci lan banjur wiwit memulang ana ing kono. Nalika samana Imam Agung lan para pandhèrèké dhawuh marang Pradata Agama supaya marepat, yaiku pakumpulané para pinituwaning bangsa Israèl, sarta banjur dhawuh mapag para rasul menyang pakunjaran.
22 Nanging bareng para abdi tekan ing pakunjaran, para rasul ora ketemu ana ing kono. Banjur padha bali ngaturi uninga,
23 aturé, "Wau pakunjaran pinanggih taksih kuncèn kekah, sarta sadaya tiyang jagi wonten ing papan jaginipun ing ngajeng kori, nanging sareng kula bikak, ing nglebet mboten wonten tiyangipun satunggal-satunggala."
24 Bareng pemimpining jaga-baya Padaleman Suci lan para pangareping imam krungu katrangan mangkono iku, padha kuwur atiné, banjur rerasanan bakal kepriyé kadadéané.
25 Nanging banjur ana wong teka kang pratéla, "Kauningana, tiyang-tiyang ingkang sampun panjenengan lebetaken ing pakunjaran punika, samangké wonten ing Padaleman Suci memulang dhateng tiyang kathah."
26 Pemimpiné jaga-baya lan para punggawané banjur padha menyang Padaleman Suci, nyepeng para rasul, nanging ora kanthi roda-peksa, jalaran wedi, menawa dibenturi watu wong akèh.
27 Para rasul mau diirid lan diajokaké ing ngarsané Pradata Agama. Imam Agung nuli wiwit ndangu,
28 pangandikané: "Kowé rak wus padha dakwanti-wanti aja memulang demi Jeneng kuwi? Nanging nyatané, Yérusalèm wus kokkebaki piwulangmu, lan kowé sumedya nekakaké walating getihé Wong iku marang aku."
29 Pétrus lan para rasul banjur padha mangsuli, aturé, "Kita kedah langkung mbangun-turut dhateng Allah katimbang dhateng manungsa.
30 Allahipun leluhur kita sampun mungokaken Yésus, ingkang sampun panjenengan gantung ing kajeng salib saha panjenengan sédani.
31 Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur déning Allah kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juruwilujeng, supados Israèl saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.
32 Déné ingkang sami dados seksinipun prakawis punika, kula sadaya saha Roh Suci ingkang sampun kaparingaken déning Allah dhateng tiyang sadaya ingkang mbangun-turut dhateng Panjenenganipun."
33 Mireng atur mangkono iku, kabèh padha muntab sarta banjur padha ngangkah nyédani para rasul.
34 Nanging ing Pradata Agama iku, ana wongé Farisi, nama Gamalièl, ahli Torèt kang kajèn banget ana ing antarané wong akèh, kang nuli ngadeg sarta usul, supaya para rasul padha didhawuhi metu sadhéla.
35 Sawusé mangkono banjur ngaturi pamrayoga, "Para Sadhèrèk Israèl, kula aturi sami manggalih saèstu, punapa ingkang badhé panjenengan tandukaken dhateng tiyang-tiyang punika!
36 Amargi kala rumiyin sampun muncul Téudas, ingkang ngaken tiyang linangkung saha ingkang gadhah panganut kirang langkung tiyang kawan atus; nanging tiyang wau lajeng dipun pejahi, para panganutipun sadaya sami buyar saha sirna.
37 Sasampunipun tiyang punika, nalika dipun wontenaken cacah-jiwa, Yudas muncul, tiyang Galiléa. Kathah tiyang ingkang kasèrèd ing pambalélanipun, nanging Yudas punika inggih tiwas, sadaya panganutipun sami buyar.
38 Awit saking punika atur kula dhateng panjenengan sadaya: Sampun tumindak punapa-punapa tumrap tiyang-tiyang punika. Sami kaetogna kémawon, awit manawi kakajengan saha pandamelipun punika asalipun saking manungsa, tamtu badhé sirna,
39 nanging manawi asalipun saking Allah, panjenengan sadaya mboten badhé saged nyirnakaken tiyang-tiyang punika; bokmanawi mangké badhé kabuktèn ugi, bilih panjenengan sami nglawan dhumateng Allah." Pamrayoga iku dituruti.
40 Pradata Agama iku banjur nimbali lan mecuti para rasul sarta nglarang memulang atas asmané Yésus. Sawusé mangkono padha kélilan mundur.
41 Para rasul padha mundur saka ing ngarsané Pradata Agama kalawan bingah, jalaran wus padha kaanggep pantes nandhang sangsara marga saka asma Yésus.
42 Sarta saben dina padha nglajengaké anggoné memulang ana ing Padaleman Suci lan ana ing omah-omah tuwin martosaké Injil, kang mratélakaké, yèn Yésus iku Mésias.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 5
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 5

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke