1 Nuli ana wong kang lagi lara, jenengé Lazarus, manggoné ing Bétania, ing désané Maria lan Marta, saduluré wadon.
2 Maria iku wong wadon kang wus tau njebadi sampéyané Gusti kalawan lenga wangi, sarta banjur diusapi nganggo rambuté.
3 Anadéné Lazarus kang lagi lara iku saduluré. Wong wadon loro iku banjur padha kongkonan munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Gusti, tiyang ingkang Panjenengan tresnani punika sakit."
4 Yésus bareng midhanget pawarta iku, Panjenengané banjur ngandika, "Larané iku ora ndadèkaké patiné, nanging bakal mbabaraké kaluhuraning Allah, awit marga saka larané iku Putraning Allah bakal kaluhuraké."
5 Yésus pancèn nresnani Marta sarta mbakyuné tuwin Lazarus.
6 Nanging sawisé midhanget yèn Lazarus lara, Panjenengané njarag kèndel rong dina manèh ana ing palerebané iku.
7 Sawisé mangkono Panjenengané banjur ngandika marang para sakabaté, "Payo padha bali menyang Yudéa manèh."
8 Unjuké para sakabat, "Rabbi, nembé kémawon tiyang-tiyang Yahudi sami nyobi mbenturi Panjenengan mawi séla, punapa Panjenengan taksih ngersakaken tindak mrika malih?"
9 Paring wangsulané Yésus, "Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, sikilé ora kesandhung, amarga ndeleng padhangé jagat iki.
10 Nanging menawa wong mlaku ing wayah bengi, sikilé kesandhung, amarga ora kadunungan pepadhang."
11 Mangkono pangandikané, tumuli disambeti manèh, "Lazarus sadulur kita lagi turu, déné anggonku mrana prelu arep nggugah anggoné turu."
12 Para sakabaté banjur munjuk, "Gusti manawi piyambakipun tilem, badhé saras."
13 Nanging karsané Yésus turu kang ateges mati, mangka panyanané para sakabat kang kapangandikakaké turu iku turu salumrahé.
14 Marga saka iku Yésus nuli ngandika sabarèsé, "Lazarus wus mati;
15 nanging sokur déné nalika iku Aku ora ana ing kana, kang mangkono iku luwih becik tumrap kowé, supaya kowé padha bisa sinau pracaya. Payo, saiki kita padha mrana."
16 Tomas, kang karan Didimus, banjur kandha marang kanca-kancané para sakabat, "Payo, kita padha béla pati marang Panjenengané."
17 Sarawuhé Yésus, Lazarus tinemu wus dikubur patang dina.
18 Désa Bétania iku dunungé cedhak karo Yérusalèm, dohé watara rong mil.
19 Ing kono sakèhing wong Yahudi wus padha teka ing omahé Marta lan Maria prelu nglipur anggoné kesripahan saduluré.
20 Nalika Marta krungu yèn Yésus rawuh, nuli menyat methukaké, nanging Maria kari ana ing omah.
21 Marta banjur munjuk marang Yésus, "Gusti, manawi Panjenengan wonten ing ngriki, sadhèrèk kula tamtu mboten pejah.
22 Nanging sapunika ugi kula mangertos, bilih punapa ingkang Panjenengan suwun dhumateng Allah, tamtu badhé dipun sembadani."
23 Pangandikané Yésus, "Sadulurmu bakal tangi."
24 Unjuké Marta, "Kula inggih mangertos bilih piyambakipun badhé tangi bénjing ing dinten patangèn, ing wekasaning jaman."
25 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Aku iki patangèn lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.
26 Lan saben wong kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawasé. Apa kowé pracaya marang iku?"
27 Unjuké Marta, "Inggih Gusti, kula pitados bilih Panjenengan punika Kristus, Putranipun Allah, ingkang badhé rawuh ing jagat."
28 Sawusé munjuk mangkono, wong wadon iku banjur lunga ngundang Maria saduluré, lan mbisiki mangkéné, "Guru wus rawuh, nimbali kowé."
29 Maria bareng krungu banjur mak nyat ngadeg marani Yésus.
30 Nalika iku Yésus durung lumebet ing désa, isih ana ing papan nalika Marta methuk Panjenengané.
31 Nalika wong-wong Yahudi kang padha ana ing omahé Maria prelu nglipur, weruh Maria mak nyat ngadeg sarta metu, nuli padha ngetutaké, dikira yèn Maria arep menyang kuburan lan nangis ana ing kono.
32 Satekané Maria ing panggonané Yésus, bareng weruh marang Panjenengané, banjur nyungkemi sampéyané sarta munjuk, "Gusti, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, sadhèrèk kula mesthi mboten pejah."
33 Bareng Yésus pirsa Maria nangis, mangkono uga wong-wong Yahudi kang padha ngetutaké, satemah Panjenengané sungkawa ing panggalih. Panjenengané trenyuh banget lan tumuli ngandika,
34 "Anggonmu ngubur ana ing ngendi?" Kang kadangu banjur munjuk, "Gusti, sumangga kula aturi mirsani!"
35 Yésus nuli muwun.
36 Pangucapé wong-wong Yahudi, "Delengen, semono anggoné ngasihi!"
37 Nanging ana sawenèh kang muni, "Panjenengané kang wus ngelèkaké mripaté wong wuta, apa iya ora bisa murungaké patiné wong iki?"
38 Yésus tumuli sungkawa manèh ing panggalih, banjur nyelaki kuburan. Kubur iku awujud guwa katutupan ing watu.
39 Pangandikané Yésus, "Watuné singkirna!" Marta, saduluré kang ngajal mau, munjuk, "Gusti, sampun mambet, amargi anggènipun tilar sampun sekawan dinten."
40 Pangandikané Yésus, "Apa Aku ora wus pitutur marang kowé: Angger kowé pracaya, kowé bakal weruh kamulyaning Allah?"
41 Watuné tumuli disingkiraké. Yésus banjur tumenga sarta matur, "Dhuh Rama, Kawula saos sokur dhumateng Paduka, déné Paduka sampun miyarsakaken Kawula.
42 Kawula sumerep, bilih Paduka tansah miyarsakaken Kawula, nanging amargi tiyang kathah punika sami ngrubung Kawula, Kawula munjuk makaten supados tiyang kathah punika sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula."
43 Sawusé matur mangkono, Panjenengané nuli nguwuh kalawan swara sora, "Lazarus, metua!"
44 Wong kang mati banjur metu, tangan lan sikilé isih kablebed ing ules, lan rainé katutupan kacu. Pangandikané Yésus, "Uculana ulesé, karebèn lunga!"
45 Akèh saka antarané wong-wong Yahudi kang padha layad menyang omahé Maria lan padha nyumurupi dhéwé apa kang katindakaké Yésus, dadi pracaya marang Panjenengané.
46 Nanging ana kang nemoni para Farisi lan nyaritakaké apa kang wus katindakaké Yésus iku.
47 Para pangarepé imam lan para Farisi padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkéné, "Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah?
48 Manawi piyambakipun kita etogaken, sadaya tiyang sami badhé pitados dhateng Piyambakipun, sarta tiyang-tiyang Roma badhé dhateng lajeng ngrebat papan suci kita dalah bangsa kita."
49 Nanging ana panunggalané, yaiku Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun iku, banjur ngandika, "Panjenengan sami mboten mangertos punapa-punapa,
50 lan sami mboten nggalih bilih langkung maédahi tumrap panjenengan, manawi wonten tiyang satunggal pejah kanggé bangsa kita, katimbang tiyang sabangsa sadaya tiwas."
51 Prakara iku dingandikakaké ora saka panjenengané piyambak, nanging marga jumeneng Imam Agung ing taun iku, panjenengané medhar pameca, yèn Yésus bakal nglampahi séda kanggo bangsa iku,
52 lan ora mung kanggo bangsa iku baé, nanging uga supaya ngempalaké sarta nunggilaké para putraning Allah kang pating slebar.
53 Wiwit ing dina iku wong-wong mau padha sarujuk bakal nyédani Panjenengané.
54 Marga saka iku Yésus wus ora ngedhèng manèh ana ing antarané wong-wong Yahudi, nanging Panjenengané banjur tindak saka ing kono menyang laladan sacedhaké pasamunan nuju menyang kutha kang aran Éfraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabaté.
55 Nalika samana riyaya Paskahé wong Yahudi wus cedhak, lan wong akèh saka laladan kono padha menyang Yérusalèm, arep padha sesuci sadurungé Paskah iku.
56 Wong-wong mau padha nggolèki Yésus, sarta kalawan ngadeg ana ing Padaleman Suci, padha sapocapan, "Pandugamu kepriyé, apa kirané Wong iku iya bakal nekani riyaya?"
57 Anadéné para pangarepé imam lan para Farisi wus padha ndhawuhaké préntah, supaya saben wong kang weruh padunungané, nuli ngaturana uninga murih kena kacepeng.