1 Kowé biyèn padha mati marga saka sakèhing panerak lan dosa-dosamu.
2 Kowé biyèn padha dumunung ana ing kono, awit kowé manut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang pamaréntahé pangwasaning akasa, yaiku roh kang saiki lagi nandukaké dayané ana ing satengahé para wong duraka.
3 Satemené biyèn aku kabèh uga padha klebu ing antarané wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-napsuning daging lan nuruti pakaremané daging lan pangangen-angenku kang ala. Samesthiné aku padha kaparingan deduka, kayadéné wong-wong liyané.
4 Nanging Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhéning katresnan kang kalubèraké marang kita,
5 wis nguripaké kita bareng karo Kristus, sanadyan kita wis padha mati awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowé padha kapitulungan rahayu --
6 lan ana ing Kristus kita padha ditangèkaké lan uga diparingi papan bareng karo Panjenengané ana ing swarga,
7 supaya ing jaman kang bakal kelakon Panjenengané ngatingalaké marang kita anggèné sugih sih-rahmat kang lubèr-lubèr cocog karo kasaénané marang kita ana ing Kristus Yésus.
8 Sabab anggonmu padha kaslametaké iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparingé Allah,
9 iku dudu wohing panggawému; supaya aja ana wong kang gumunggung.
10 Marga kita iki titahé Allah, katitahaké ana ing Kristus Yésus, supaya padha nglakoni panggawé becik kang kacawisaké Allah sadurungé. Panjenengané ngarsakaké supaya kita padha urip kaya mangkono.
11 Mulané ngélingana, menawa biyèn kowé -- wong-wong kang cara kajasmanèn dudu wong Yahudi, kang sinebut wong-wong kang ora tetak déning wong-wong kang ngarani awaké dhéwé "tetak", yaiku tetak tata-lair srana tanganing manungsa. --
12 Nalika samana kowé tanpa Kristus, ora klebu warga Israèl lan ora olèh panduman tumrap prasetya kang kaprasetyakaké, tanpa pangarep-arep lan tanpa Allah ana ing donya.
13 Nanging saiki kowé ana ing Kristus Yésus, kowé kang nalika samana "adoh", saiki wus dadi "cedhak" marga saka rahé Kristus.
14 Marga iya Panjenengané iku tentrem-rahayu kita, kang wus nunggilaké sakaroné dadi siji lan kang wus ngrubuhaké tembok singgetan, yaiku sesatron,
15 awit Panjenengané sarana sédané cara manungsa, wus mbatalaké angger-anggering Torèt dalasan sakèhing pepakon lan katamtuané, supaya sakaroné dadi manungsa anyar siji ana ing Panjenengané, lan kalawan mangkono iku banjur njalari anané tentrem-rahayu,
16 lan kanggo ngrukunaké sakaroné ana ing badan siji, karo Allah srana salib, kanthi ngilangaké sesatron ana ing salib iku.
17 Panjenengané rawuh lan martakaké tentrem-rahayu marang kowé kabèh kang "adoh" lan tentrem-rahayu marang wong-wong kang "cedhak",
18 awit iya marga saka Panjenengané iku kita sakaroné ana ing Roh siji padha olèh dalan marang ngarsané Sang Rama.
19 Marga saka iku, kowé dudu wong manca lan wong neneka manèh, nanging wus nunggal dadi sagolongan karo para suci lan nunggal dadi brayating Allah,
20 kang kabangun kanthi dhasar para rasul lan para nabi, kalawan Kristus Yésus kang minangka watu pojokan.
21 Ana ing Panjenengané sawetahing bangunan iku tuwuh, tinata kanthi becik dadi Padalemaning Allah kang Suci, ana ing sajroné Gusti.
22 Ana ing Panjenengané iku kowé uga padha mèlu kabangun dadi Padalemaning Allah, ana ing sajroné Roh.