1 Sadulur-sadulur, aku padha awèh weruh marang kowé bab sih-rahmat kang kaparingaké marang pasamuwan-pasamuwan ing Makédonia.
2 Awit sajroning tampa pacoban kang abot kang wujud kasangsaran mawarna-warna, kabungahané ngluwihi, lan sanadyan padha miskin banget, éwasamono sugih kamurahan.
3 Sabab aku neksèni yèn wong iku wis padha wèwèh manut kakuwatané, malah ngluwihi kakuwatané.
4 Sarta metu saka prentuling atiné dhéwé padha njaluk kanthi banget marang aku, supaya uga padha olèh kanugrahan mèlu ing sajroning ayahan ngladèni marang para suci.
5 Déné kang padha dipasrahaké iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosaké awaké dhéwé marang Allah dhisik, sabanjuré iya marang aku kabèh uga awit saka karsané Allah.
6 Awit saka iku aku padha ngatag marang Titus, supaya nekani kowé lan ngrampungaké ayahan sih-katresnan, kang biyèn wis miwiti ayahan iku.
7 Mula saikiné, padha kaya anggonmu wis sugih ing samubarang, -- ing pracaya, ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmu anggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmu marang aku kabèh -- samono uga kowé iya padha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki.
8 Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges préntah, nanging mung marga saka anggonku kepéngin nguji éklasing sih-katresnanmu kalawan nuduhaké sakèhing pambudidayané wong-wong kang padha awèh pambiyantu.
9 Marga kowé wis padha sumurup marang sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus, yaiku menawa Panjenengané, kang amarga saka kowé dadi mlarat, sanadyan Panjenengané iku sugih, supaya kowé dadia sugih marga kamlaratané.
10 Iya iki panemuku tumrap bab iku, kang mbokmenawa maédahi tumrap kowé. Pancèn wis wiwit taun kang kapungkur anggonmu wiwit nindakaké lan sumedya ngrampungaké uga.
11 Mulané saiki, rampungna kang koktindakaké iku! Wondéné anggonmu ngrampungaké iku cundhukna karo éklasing atimu sarta tindakna kalawan ngélingi sapira kang kokduwèni.
12 Awit menawa anggonmu wèwèh iku kalawan éklas, pawèwèhmu iku mesthi bakal ditampani, menawa pawèwèhmu iku awewaton apa kang kokduwèni, ora awewaton apa kang ora kokduwèni.
13 Awit anggonmu dieboti iku ora supaya wong liya padha kaènthèngna, nanging supaya dadi timbang.
14 Mulané beciké saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi timbang.
15 Kaya kang katulis, "Wong kang olèh akèh, ora turah lan kang olèh sathithik ora kurang."
16 Nanging puji sokur konjuk marang Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atiné Titus ing bab anggoné mbiyantu kowé,
17 déné nganti nuruti panjalukku, malah saka bangeting tumemené anggoné tumandang ing gawé, banjur metu saka karepé dhéwé mangkat nemoni kowé.
18 Lakuné dakkanthèni sadulur kita, kang wus olèh pangalembanané pasamuwan kabèh bab anggoné nggelaraké Injil.
19 Lan ora mung iku baé! Sadulur mau uga wis kapiji déning pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakaké ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakaké minangka kaluhuraning Gusti lan minangka bukti bab legawané atiku.
20 Sabab aku kabèh padha arep nyingkiri bab iki: Menawa ana wong kang nacad anggonku nindakaké ayahan sih-katresnan kang wohé akèh banget iku.
21 Awit aku padha mikiraké kang utama, ora mung ana ing ngarsané Gusti baé, nanging uga ana ing ngarepaning wong.
22 Karodéné wong loro mau padha dakkanthèni sadulur kita, kang wis dakuji lan katitik anggoné tansah mbudidaya mbiyantu, lan saiki saya banget anggoné mbudidaya marga saka gedhéning piandelé marang kowé.
23 Déné Titus, iku kancaku lan réwangku nyambut-gawé kanggo kowé; lan sadulur-sadulurku liyané iku padha dadi utusaning pasamuwan-pasamuwan lan minangka kaluhurané Kristus.
24 Awit saka iku buktining katresnanmu lan pangalembanaku marang kowé kabèh, iku tuduhna marang para Sadulur mau ana ing ngareping pasamuwan-pasamuwan.