1 Kang iku sarèhné kita kaparingan prasetya-prasetya mau, para Sadulur kinasih, mulané payo kita padha nucèkaké badan kita saka sarupaning jejember jasmani lan rohani, sarta kalawan mangkono kita nyampurnakaké kasucèn kita sajroné wedi-asih marang Allah.
2 Aku padha wènèhana papan ana ing atimu; aku ora tau kaluputan marang sapa baé, ora gawé kapitunaning sapa baé lan uga ora ngasil-asil marang sapa baé.
3 Anggonku kandha mangkono iku ora marga saka arep matrapi paukuman marang kowé, awit mau wis dakkandhakaké, menawa kowé wis padha olèh papan ana ing atiku, temahan kita bareng urip lan bareng mati.
4 Karo kowé iku aku blak-blakan banget, lan uga banget anggonku ngegung-egungaké kowé. Sajroné aku padha nandhang susah, aku kebak panglipur, lan kalubèran kabungahan.
5 Nalika aku padha teka ing Makédonia, aku padha ora bisa tentrem. Malah ana ing endi-endi aku padha nemu kasusahan: Saka jaba ana pasulayan lan saka jero ana rasa wedi.
6 Nanging Allah kang nglipur marang wong kang padha lembah atiné iku wus nglipur aku kabèh marga saka tekané Titus.
7 Ora mung marga saka tekané baé, nanging uga marga saka panglipur kang dialami ana ing tengah-tengahmu. Awit wong iku wus nyaritakaké marang aku mungguhing kangenmu, pasambatmu, katemenanmu anggonmu mbélani aku, temahan saya wuwuh kabungahanku.
8 Dadi sanadyan aku wis gawé sedhihmu marga saka layangku iku, nanging aku ora kaduwung. Pancèn aku tau kaduwung, marga aku sumurup menawa layang iku nyedhihaké atimu, sanadyan mung sawatara mangsa,
9 nanging saiki aku bungah, ora marga anggonmu wis sedhih, nanging marga kasedhihanmu iku njalari kowé mratobat: Sabab anggonmu padha sedhih iku nyondhongi karsané Allah, temahan sathithik baé kowé ora dakrugèkaké.
10 Sabab kasusahan kang nyondhongi karsané Allah iku nuwuhaké pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawé getun, nanging kasusahan kang saka ing jagat iki nuwuhaké pati.
11 Sabab padha gatèkna saiba kasedhihan kang nyondongi karsané Allah iku malah marakaké kowé saya mempeng anggonmu padha nélakaké menawa ora salah, jèngkèl, wedi, kangen, greget, paukuman! Ing bab iku kabèh kowé wus padha nélakaké menawa ora kaluputan.
12 Mulané, anggonku wis nulis layang marang kowé, iku ora marga ana kang luput, utawa marga ana kang nandhang susah jalaran panggawé kang salah, nanging supaya gumatimu marang aku dadi cetha tumrap kowé ana ing ngarsané Allah.
13 Iya marga saka iku aku padha kalipur. Lan kajaba saka panglipur iku, aku padha saya bungah manèh amarga saka kabungahané Titus, sabab kowé kabèh wis padha ngayemaké atiné.
14 Sabab menawa aku nglairaké pangalembana tumrap kowé marang Titus, iku kowé ora gawé gelaku; nanging padha kaya anggonku tansah ngandhakaké apa kang bener marang kowé, samono uga pangalembanaku ana ing ngarepé Titus iku iya wis kayektènan temenan.
15 Lan katresnané marang kowé saya mundhak gedhé, yèn ngélingi marang pamanutmu kabèh, kepriyé anggonmu nampani tekané kalawan wedi lan geter.
16 Aku bungah banget, awit aku bisa pracaya marang kowé ing sabarang prakara.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Korintus 7
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Korintus 7

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke
Kunjungi Alkitab Audio Diglot:
AYT - KJV