1 Apa aku padha wiwit ngalem marang awakku dhéwé manèh? Utawa apa prelu aku kaya wong-wong liya padha nuduhaké layang pangalembana marang kowé kabèh utawa saka kowé?
2 Kowé iku layang pangalembanaku kang katulis ing atiku lan kang disumurupi sarta kang bisa kawaca déning wong kabèh.
3 Awit wus tetéla, menawa kowé iku layangé Kristus, kang katulis ing sajroné aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohé Allah kang asipat gesang, dudu ing lèmpèngan watu, nanging ing lèmpèngan daging, yaiku ing atiné manungsa.
4 Iya kaya mangkono iku gedhéning kayakinanku marang Allah lantaran Kristus.
5 Kalawan awakku dhéwé aku padha ora bisa nganggep samubarang iku pagawéanku dhéwé; ora, anggonku bisa nindakaké samubarang iku marga saka pakaryaning Allah.
6 Panjenengané uga kang wus mbisakaké aku padha dadi abdining prajanjian kang anyar, kang ora saka angger-angger kang katulis, nanging saka Roh, sabab angger-angger kang katulis iku matèni, déné Roh iku nguripaké.
7 Pranatan leladi kang nuntun marang pati iku katulis ing watu nganggo aksara. Éwasamono nalika kaparingaké kinanthènan kamulyaning Allah, kang njalari wong Israèl padha ora betah nyawang marang wedanané Musa, sanadyan sunaré kang mancorong mau banjur mbleret. Menawa paladèn mau dumadiné kanthi kamulyan kang kaya mangkono iku,
8 méndahané manèh ayahaning Roh yèn oraa kinanthènan kamulyan kang ngluwihi iku.
9 Awit, menawa ayahan kang nekakaké paukuman iku luhur, méndahané manèh ayahaning kayektèn yèn oraa ngluwihi kamulyané.
10 Satemené apa kang biyèn kaanggep luhur, iku dudu apa-apa menawa katandhing karo kamulyan kang pinunjul iki.
11 Awit menawa kang bisa mbleret baé kinanthènan kamulyan, apamanèh kang tetep ora mbleret yèn oraa kinanthènan kamulyan kang ngluwihi iku.
12 Sarèhné aku padha duwé pangarep-arep kang kaya mangkono, mulané aku padha tumindak kanthi kendel banget,
13 ora kaya Musa, kang nganggo nutupi wedanané, supaya mripaté wong-wong Israèl aja nganti padha ndeleng ilanging cahyané kang mbleret iku.
14 Nanging budiné wong-wong iku wus padha dadi kethul, sabab nganti ing dina iki tutup iku mau isih tetep nutupi wong-wong mau, pamacaning prajanjian kang lawas tanpa kaungkap, marga mung ana ing Kristus piyambak tutup iku kabukak.
15 Malah nganti ing dina iki, saben maca kitab Musa, isih ana tutup kang nutupi atiné.
16 Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupé banjur kasingkiraké.
17 Awit Gusti iku Roh; lan ing ngendi ana Rohé Gusti ing kono ana kamardikan.
18 Lan kita kabèh iki padha ngatonaké kamulyané Gusti kalawan rai kang ora katutupan. Amarga kamulyan mau pinangkané saka Gusti kang asipat Roh, mulané kita lagi kasalinan rupa madhani citraning Panjenengané, kalawan kamulyan kang saya mundhak-mundhak.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Korintus 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Korintus 3

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke