1 Aku kudu ngegung-egungaké, sanadyan iku pancèn ora ana paédahé, éwasamono aku arep nyritakaké bab tetingalan lan wahyu-wahyu kang daktampa saka Gusti.
2 Aku wanuh sawenèhing wong ana ing Kristus; patbelas taun kepungkur -- embuh ing sajroning badan, aku ora mangerti, embuh ing sanjabaning badan, aku ora ngerti, Allah kang nguningani -- wong iku dumadakan diangkat menyang swarga tataran katelu.
3 Aku iya wanuh wong iku, -- embuh ing sajroning badan embuh ing sanjabaning badan, aku ora ngerti, Allah kang nguningani --
4 dumadakan diangkat menyang Firdaus lan krungu pangandika kang ora kena dikandhakaké, kang ora kena kaucapaké déning manungsa.
5 Iya wong iku kang dakegung-egungaké, nanging awakku dhéwé ora bakal dakegung-egungaké, kajaba mung bab kaapesanku.
6 Awit saupama aku arep ngegungaké awak, aku dudu wong bodho manèh, awit aku ngandhakaké apa kang bener. Nanging aku nahan dhiri, supaya aja ana wong kang ngukur awakku luwih saka apa kang dideleng ana ing aku utawa kang dirungu saka aku.
7 Lan supaya aku aja ngunggul-unggulaké awak marga saka anané wahyu-wahyu kang linuwih iku, aku banjur kaganjar eri ing dagingku, yaiku kongkonané Iblis kang milara aku, supaya aku aja nganti ngunggul-unggulaké awak.
8 Mungguh bab iku aku wus kaping telu ngaturaké panyuwun marang Gusti, supaya kongkonané Iblis iku sumingkir saka aku.
9 Nanging paring wangsulané Gusti marang aku, "Sih-rahmatingsun iku wis cukup tumrap sira, awit kwasaningsun iku malah kasampurnakaké ana ing sajroning kaapesan." Awit saka iku aku luwih seneng ngegung-egungaké kaapesanku, supaya pangwaosé Kristus dumunung ana ing aku.
10 Mulané aku seneng lan rila ana ing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ing karubedan, ing panguya-uya lan kasangsaran marga saka Kristus. Awit yèn aku apes, iku aku kuwat.
11 Aku pancèn wis dadi bodho, nanging kowé kang padha meksa marang aku. Beneré aku kokalembana. Tumrap samubarang kabèh aku ora kalah karo para rasul kang pinunjul iku, sanadyan aku ora ana tegesé babar pisan.
12 Titikané yèn aku rasul iku wis katuduhaké ana ing antaramu kalawan sakèhing sabar-mantep, kanthi pratandha-pratandha, mukjijat-mukjijat lan kasektèn-kasektèn.
13 Sabab, apa kurangmu yèn katandhing karo pasamuwan-pasamuwan liyané, kajaba mung saprakara, yaiku déné aku dhéwé ora nganti dadi gawému? Anggonku ora adil iki apuranen!
14 Satemené iki wis kang kaping teluné anggonku cecawis arep nemoni kowé, lan aku ora bakal dadi gawému. Awit dudu barang darbèkmu kang dakgolèki, nanging kowé dhéwé. Marga dudu anak-anak kang padha wajib nglumpukaké bandha kanggo wong tuwané, nanging wong-tuwa kanggo anak-anaké.
15 Awit saka iku aku kanthi bungah masrahaké barang darbèkku, malah aku masrahaké awakku kanggo kowé kabèh. Dadi menawa aku tresna banget marang kowé, masa iya saya suda anggonku ditresnani?
16 Ya pancèn mangkono, aku dhéwé ora dadi gawému. Nanging kandhamu, sarèhné aku iki julig, kowé dakjiret kalawan akal.
17 Dadi, apa wus tau aku njupuk kauntungan saka kowé lumantar wong kang saka ing antarané wong kang dakkongkon nemoni kowé?
18 Pancèn aku wus njaluk tulung marang Titus supaya mangkat lan aku banjur akon sadulur liyané iku supaya ngancani. Apa Titus njupuk kauntungan saka kowé? Apa aku sakloron ora tumindak manut roh kang padha, lan apa aku sakloron ora tumindak manut cara kang padha?
19 Wis kepara suwé anggonmu padha ngira, menawa aku bakal mbeneraké awakku dhéwé ana ing ngarepmu. Nanging aku kandha ana ing ngarsané Allah lan demi Kristus, yèn kabèh iku kanggo mbangun pracayamu.
20 Awit aku sumelang, menawa bésuk samasa aku teka, kowé ora padha tinemu kaya kang dakkarepaké lan kowé ketemu aku ora kaya kang padha kokkarepaké. Aku sumelang ing bab anané pasulayan, kumèrèn, kanepson, brangasan, mung mikir awaké dhéwé, pitenah, panyatur ala, kumenthus, lan rerusuh.
21 Aku sumelang menawa aku teka manèh, Allahku bakal ngesoraké aku ana ing ngarepmu, sarta aku bakal sedhih awit déning wong akèh kang ing wektu kapungkur padha nglakoni dosa lan mangka durung mratobat saka panggawéné kang jember, laku cabul lan pamblunthah kang padha ditindakaké.