1 Para Sadulurku kang kinasih, aja padha pracaya marang sadhéngah roh, nanging roh-roh iku tlitinen, apa asalé saka Allah; amarga akèh nabi palsu kang jumedhul lan ndlajahi sajagat kabèh.
2 Anggonmu padha ngerti yèn iku Rohing Allah, mangkéné: Saben roh kang ngakoni menawa Yésus Kristus wis rawuh dadi manungsa, iku asalé saka Allah.
3 Lan saben roh kang ora ngakoni Yésus, iku asalé ora saka Allah. Roh iku rohing antikristus, kang wis padha kokrungu wartané yèn bakal teka, lan samengko wis ana ing jagat.
4 Anak-anakku, kowé kabèh iku asalé saka Allah lan wis padha ngalahaké para nabi palsu iku; sabab Roh kang dumunung ana ing kowé iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagat.
5 Wong-wong iku asalé saka jagat, mulané kang padha diucapaké iku iya prakara-prakara kadonyan, lan jagat ngrungokaké.
6 Kita iki asalé saka Allah; sapa kang wanuh marang Allah, iku padha ngrungokaké marang kita. Wong kang asalé ora saka Allah iku ora ngrungokaké marang kita. Kaya mangkono titikané Rohing kayektèn karo rohing panasaran.
7 Para Sadulur kang kinasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku asalé saka Allah, lan saben wong kang nindakaké katresnan, iku lairé saka Allah lan wanuh karo Allah.
8 Sapa kang ora nindakaké katresnan, iku ora wanuh karo Allah, sabab Allah iku katresnan.
9 Katresnané Allah iku kababaraké ing antara kita, yaiku Allah wis ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagat supaya kita padha urip marga déning Panjenengané.
10 Katresnan iku mangkéné: Dudu kita kang wis padha tresna marang Allah, nanging Allah kang wis nresnani kita lan wis ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.
11 Para Sadulur kang kinasih, sarèhné nganti samono anggoné Allah nresnani kita, mulané kita iki iya padha kuwajiban tresna-tinresnan.
12 Ora ana wong kang tau ndeleng marang Allah. Menawa kita padha tresna-tinresnan, Allah tetep dumunung ana ing kita, lan katresnané iku sampurna ana ing kita.
13 Kaya mangkono anggon kita padha sumurup yèn kita tetep ana ing Panjenengané, lan Panjenengané ana ing kita, amarga Panjenengané wus maringaké Rohé marang kita.
14 Lan aku kabèh wis padha ndeleng lan neksèni yèn Sang Rama wis ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagat.
15 Sapa kang ngakoni yèn Yésus iku Putrané Allah, Allah tetep ana ing wong iku, lan wong iku ana ing Allah.
16 Kita iki wis padha nyumurupi lan pracaya marang katresnané Allah marang kita. Allah iku katresnan, lan sapa kang tetep dumunung ing katresnan, iku tetep ana ing Allah, lan Allah ana ing wong iku.
17 Katresnané Allah iku sampurna ana ing kita, yaiku menawa kita padha tatag ing pracaya ing dina pangadilan, awit kayadéné Panjenengané, kita uga ana ing donya kéné.
18 Sajroning katresnan ora ana rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbéngkas rasa wedi, amarga wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnané.
19 Anggon kita padha tresna iku, amarga Allah wis luwih dhisik nresnani kita.
20 Menawa ana wong kang muni, "Aku tresna marang Allah," nanging sengit marang saduluré, iku wong goroh. Awit sapa kang ora tresna marang saduluré kang katon, mokal bisa nresnani Allah kang ora katon.
21 Iki dhawuh timbalan saka Panjenengané: Sapa kang tresna marang Allah, iku iya kudu nresnani saduluré.