1 Yésus wiwit memulang manèh ana ing pinggiring tlaga. Wong golongan kang luwih déning akèh padha nglumpuk ana ing ngarsané, nganti Panjenengané minggah ing prau kang lagi labuh, banjur lenggah ing kono; déné wong golongan kabèh padha ana ing dharatan sapinggiring tlaga.
2 Panjenengané banjur mulangaké prakara akèh marang wong golongan iku ngagem pasemon. Ing piwulangé iku, Panjenengané ngandika marang wong-wong mau,
3 "Padha rungokna! Ana wong metu arep nyebar wiji.
4 Nalika nyebar, sebarané iku sebagéan tiba ing sapinggiring dalan, lan manuk-manuk banjur teka sarta nuthuli wiji-wiji iku nganti entèk.
5 Liyané tiba ing palemahan kang campur watu, ing kono lemahé ora akèh; wiji-wiji iku énggal thukul, awit lemahé tipis.
6 Nanging bareng srengéngé saya dhuwur, banjur mati déning panas lan marga ora duwé oyod, temah dadi garing.
7 Ana manèh kang tiba ing erèn, lan eriné tuwuh dadi dhuwur sarta sebarané kelindhih banget, temahan mati lan ora ngetokaké woh.
8 Déné liyané tiba ing lemah kang becik, lan banjur ngetokaké woh; marga tuwuh subur, temahan ngetokaké woh; ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, ana kang tikel satus."
9 Panjenengané banjur ngandika, "Sapa kang duwé kuping kanggo ngrungokaké, iku ngrungokna!"
10 Nalika Panjenengané piyambakan, para pandhèrèké karo sakabaté rolas iku padha nyuwun katrangan bab pasemon mau.
11 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Kowé kabèh wus padha kaparingan wewadining Kratoné Allah, nanging tumrap wong-wong jaba samubarang kapratélakaké nganggo pasemon,
12 supaya: Sanadyan pancèn ndeleng, nanging padha ora weruh; sanadyan pancèn ngrungokaké, nanging padha ora ngerti, supaya sarana mangkono iku ora padha mratobat lan kaparingan pangapura."
13 Panjenengané tumuli ngandika marang wong-wong iku, "Kowé apa padha ora ngerti pasemon iki? Banjur kepriyé anggonmu ngerti sakèhing pasemon liyané?
14 Wong kang nyebar iku nyebar pangandika.
15 Déné wong-wong kang ana ing sapinggiring dalan, papan kasebaré pangandika, yaiku wong-wong kang padha ngrungokaké pangandika; Iblis banjur énggal-énggal teka nyirnakaké pangandika kang lagi baé kasebar.
16 Mangkono uga, kang kasebar ing palemahan kang campur watu-watu, yaiku wong-wong kang nalika krungu pangandika, banjur énggal-énggal nampani pangandika iku kalawan bungah.
17 Nanging pangandika iku ora ngoyod ing atiné; dadi panampané pangandika mau mung tahan sadhéla baé; kanthi mangkono, bareng kelakon ana panganiaya lan panguya-uya kang awit saka pangandika iku, wong-wong mau énggal padha murtad.
18 Déné liya-liyané, yaiku kang kasebar ing erèn, iku wong-wong kang padha ngrungokaké pangandika,
19 nanging sumelanging urip ing donya lan godhaning kasugihan tuwin kamélikan marang prakara-prakara liyané banjur nlusup lan nglindhih pangandika iku, temah dadi tanpa woh.
20 Mungguh kang kasebar ing lemah kang becik, yaiku wong-wong kang ngrungokaké sarta nampani pangandika, apadéné ngetokaké woh, kang siji tikel telung puluh, lan sijiné tikel sewidak, sarta sijiné manèh tikel satus."
21 Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Anané lampu iku rak ora supaya dipapanaké ing sangisoré genthong utawa dipapanaké ing longan ta? Apa ora supaya ditumpangaké ing cagak lampu?
22 Sabab ora ana barang kang sinamar kajaba supaya kawiyak, lan ora ana barang kang winadi kejaba supaya kawedharaké.
23 Sapa kang duwé kuping kanggo ngrungokaké iku ngrungokna!"
24 Panjenengané banjur ngandika manèh, "Padha titènana, apa kang padha kokrungu. Ukuran kang kokanggo ngukur, bakal kanggo ngukur kowé; malah tumrap ing kowé ukurané bakal ditambahi.
25 Sabab sapa kang duwé, bakal kaparingan, lan sapa kang ora duwé, dalah apa kang diduwèni bakal kapundhut."
26 Yésus banjur ngandika, "Bab Kratoné Allah iku kaya mangkéné: Upamané kaya wong kang nyebar wiji ing lemah,
27 ing wayah bengi wong mau turu, lan ing wayah awan tangi, déné wiji iku thukul sarta tuwuh, lan wongé iku dhéwé ora ngerti kepriyé kelakoné.
28 Bumi iku tan kena ora mesthi ngetokaké woh, wiwitané arupa gagang, banjur wewulèné, nuli gandumé kang mentes ana ing wulèné.
29 Samangsa wohé wus tuwa, wong iku énggal ngeriti, awit wus tekan wayahé panèn."
30 Yésus banjur ngandika, "Kratoné Allah iku beciké kita upamakaké apa, utawa beciké kita gambaraké nganggo pasemon apa?
31 Iku kayadéné wiji sesawi kang nalika disebar ing lemah, iku wujudé cilik dhéwé saka sakèhing wiji ing bumi.
32 Nanging bareng wis disebar, banjur tuwuh lan dadi gedhé dhéwé saka sakèhing sayuran sarta ngetokaké pang kang gedhé-gedhé, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa nusuh ana ing ayomané."
33 Ngagem pasemon akèh kang kaya mangkono iku, Panjenengané mbabaraké pangandika marang wong-wong iku, saukur karo sagaduking pangertèné,
34 lan Panjenengané ora ngandika tanpa pasemon marang wong-wong iku, nanging yèn marang para sakabaté piyambak, Panjenengané nerangaké samubarang kanthi kusus.
35 Ing dina iku bareng wus surup, Yésus ngandika marang para sakabaté, "Ayo padha mangkat nyabrang."
36 Karo ninggal wong golongan, para sakabat banjur padha ndhèrèkaké Panjenengané kang wus ana ing prau bebarengan karo prau-prau liyané.
37 Tumuli ana prahara kang gedhé, lan ombaké ngebyuki prau, nganti prauné mèh kebak banyu.
38 Déné Yésus ana ing buritan saré ngagem bantal. Para sakabat banjur mungu Panjenengané lan matur, "Guru, punapa Panjenengan mboten menggalih, bilih kawula sami katiwasan?"
39 Sawisé wungu, Panjenengané banjur ndukani anginé kanthi sereng sarta ngandika marang tlaga, "Sirepa! Antenga!" Anginé nuli sirep lan tlagané dadi anteng.
40 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabaté, "Yagéné kowé padha wedi? Apa kowé padha ora pracaya?"
41 Para sakabat dadi wedi banget, sarta padha rerasanan, "Sejatiné Panjenengané iku sapa ta, déné angin lan tlaga baé padha mbangun turut marang dhawuhé?"

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Markus 4
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Markus 4
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Markus

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke